Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 4 >> 

Rasul Petrus lan Rasul Yokanan padha kacepeng. Pasamuwan mundhak tumangkar maneh

1Nalika Rasul Petrus lan Rasul Yokanan lagi mangandikani wong akeh, dumadakan padha katekanan para imam lan lelurahe jaga baya Padaleman Suci sarta para wong Saduki.

2Wong-wong iku padha nepsu banget, jalaran karone padha mulang marang wong akeh sarta wewarta, yen ana ing Gusti Yesus ana patangen saka ing antarane wong mati.

3Banjur padha dicepeng lan ditahan nganti dina candhake, amarga wayahe wis sore.

4Nanging wong kang padha ngrungokake piwulange mau akeh kang manjing pracaya, temahan cacahe wong lanang kira-kira dadi limang ewu.

Rasul Petrus lan Rasul Yokanan ana ing ngarsane Pradata Agama

5Kacarita esuke para pangarepe wong Yahudi lan para pinituwa sarta para ahli Toret padha nganakake parepatan ana ing Yerusalem

6karo Imam Agung Hanas lan Kayafas, Yokanan lan Aleksandher apadene kabeh wong, kang kagolong trah Imam Agung.

7Rasul Petrus lan Rasul Yokanan banjur diladekake marang ngarsaning parepatan tuwin wiwit dipriksa kalawan didangu mangkene: “Panggawemu kang mangkono mau kalawan panguwasa apa lan atas jenenge sapa?”

8Rasul Petrus, kapenuhan ing Sang Roh Suci, tumuli matur: “Kula nuwun, para pangajenging bangsa saha para pinisepuh,

9sarehning sapunika kula sami kapriksa bab pandamel sae dhateng tiyang sakit saha kedah nerangaken kalayan panguwaos ingkang pundi tiyang punika anggenipun kasarasaken,

10pramila panjenengan sadaya dalah sabangsa Israel sami kula aturi uninga, bilih punika margi saking asmanipun Gusti Yesus Kristus saking Nasaret, ingkang sampun panjenengan salib, nanging ingkang sampun kawungokaken saking antawisipun tiyang pejah dening Gusti Allah -- inggih margi saking Gusti Yesus punika tiyang punika saged ngadeg, pinanggih sampun saras wonten ing ngarsa panjenengan sapunika.

11Gusti Yesus punika sela ingkang kabucal dening para juru yasa padaleman -- inggih punika panjenengan piyambak -- ewadene sampun dados selaning pepojok.

12Kaliyan malih boten wonten karahayon wonten ing sintena kemawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanesipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita.”

13Bareng parepatan nguningani kakendelane Rasul Petrus lan Rasul Yokanan mangka mirsa, yen karone iku wong lumrah lan dudu wong pasinaon, banjur padha kaeraman, sarta padha ora pangling, yen loro-lorone iku padha dadi pandhereke Gusti Yesus.

14Nanging sarehne padha mirsani wong kang diwarasake iku ngadeg ana ing sandhinge para rasul, dadi ora bisa mabeni apa-apa.

15Para rasul tumuli didhawuhi metu saka ing papan parepatan, pradata banjur pirembagan,

16pangandikane: “Tiyang punika kedah kita punapakaken? Awit sampun nyata, tumrap sadaya tiyang ingkang manggen ing kitha Yerusalem, bilih kekalihipun sami ngawontenaken satunggaling mukjijat ingkang nyolok, ingkang boten saged kita selaki.

17Namung kemawon supados bab punika sampun ngantos saya sumebar wonten ing satengahing tiyang kathah, prayoginipun tiyang kalih punika kita ancam saha kita awisi, supados sampun ngantos pirembagan malih kaliyan sintena kemawon atas asma punika.”

18Bareng karone wis didhawuhi lumebu, padha didhawuhi supaya babar pisan aja rembugan utawa memulang maneh kalawan asmane Gusti Yesus.

19Nanging Rasul Petrus lan Rasul Yokanan padha mangsuli: “Panjenengan kula aturi nggalih piyambak, pundi ingkang leres wonten ing ngarsaning Allah: nurut dhateng panjenengan sadaya punapa dhateng Gusti Allah.

20Amargi tumrap kula sadaya boten saged kendel anggen kula sami pirembagan bab punapa ingkang sampun sami kula tingali sarta ingkang sampun sami kula pireng.”

21Pradata saya banget anggone ngancam marang para rasul mau, nanging wekasan iya banjur padha dililani mundur, sabab parepatan ora manggih bab kang kena diagem ngukum, amarga ajrih marang wong akeh, kang padha ngluhurake asmane Gusti Allah, awit saka anane bab kang mentas kalakon.

22Jalaran wong kang kawaluyakake dening mukjijat iku umure wis luwih saka patang puluh taun.

Pandongane pasamuwan

23Sawise kaluwaran Rasul Petrus lan Rasul Yokanan banjur tindak menyang ing panggonane mitra-mitrane sarta banjur nyariyosake bab apa kang wis didhawuhake dening para pangareping imam lan para pinituwa.

24Bareng para mitrane krungu bab iku, banjur padha bebarengan nyebut marang Gusti Allah, unjuke: “Dhuh Pangeran, Paduka ingkang nitahaken langit, bumi, saganten tuwin saisinipun sadaya,

25sarta ingkang sampun ngandika kanthi pakaryaning Sang Roh Suci lumantar abdi Paduka Prabu Dawud, leluhur kawula sadaya, makaten: Yagene para bangsa padha waringuten, lan para suku-bangsane padha ngangen-angen prakara kang tanpa guna?

26Para raja ing donya padha siyaga lan para panggedhe padha nglumpuk arep lumawan marang Pangeran lan marang Jebadane.

27Awitdene sayektosipun Sang Prabu Herodhes saha Sang Pontius Pilatus, kaliyan para bangsa tuwin suku-bangsa Israel sampun sami nglempak wonten ing kitha ngriki, sumedya ngayoni Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci, ingkang Paduka jebadi

28sami nglampahi sadaya ingkang sampun Paduka tamtokaken wiwit sakawit kanthi panguwaos saha margi saking karsa Paduka.

29Dene sapunika, dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa nguningani ing pangancamipun dhateng kawula sadaya, saha para abdi Paduka mugi sami kaparingana kekendelan ing bab martosaken pangandika Paduka.

30Mugi Paduka karsaa mulungaken asta Paduka, ingkang ndhatengaken kasarasan, punapa dene ngawontenaken pratandha-pratandha saha mukjijat-mukjijat kalayan asmanipun Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci.”

31Nalika padha ndedonga iku, panggonane kumpulan banjur gonjing, sarta kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci, tuwin tumuli padha martakake pangandikaning Allah kalawan kendel.

Pitepungane para warganing pasamuwan

32Anadene sagolonganing wong kang wis pracaya iku padha tunggal ati lan tunggal budi, lan ora ana wong siji-sijia kang rumangsa, yen barang kang kadarbe iku duweke dhewe, nanging samubarang kabeh padha dianggep dadi duweking ngakeh.

33Sabanjure para rasul anggone nekseni bab wungune Gusti Yesus kalawan panguwasa kang gedhe sarta kabeh padha kaluberan ing sih-rahmat.

34Sabab ora ana wong siji-sijia ing panunggalane kang kekurangan, amarga kabeh wong kang duwe palemahan utawa omah, iku padha diedol, pepayone digawa

35diladekake marang ing ngarsane para rasul, banjur diedum-edum marang saben wong, manut kabutuhane.

36Samono uga Yusuf, kang diparabi Barnabas dening para rasul tegese anaking panglipur, wong Lewi saka ing pulo Siprus.

37Iku duwe pategalan, diedol, dhuwit pepayone banjur digawa kaladekake marang ing ngarsane para rasul.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Kisah Para Rasul 4):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Kisah Para Rasul 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel