Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 7 >> 

Sang Stefanus ana ing ngarsane Pradata Agama, ngaturake panjawab

1Imam Agung tumuli ngandika: “Apa iya bener mangkono?”

2Atur wangsulane Sang Stefanus: “Para sadherek saha para bapa, sumangga sami karsaa midhangetaken. Gusti Allah ingkang Mahamulya sampun ngatingal dhateng leluhur kita Rama Abraham nalika taksih wonten ing tanah Mesopotamia, saderengipun dedalem wonten ing Haran,

3saha mangandikani makaten: Sira lungaa saka ing tanahira lan saka ing sanak sadulurira sarta menyanga ing tanah, kang bakal Suntedahake marang sira.

4Panjenenganipun lajeng linggar saking tanahipun tiyang Kasdim, saha dedalem wonten ing kitha Haran. Sasedanipun ingkang rama, lajeng kadhawuhan dening Gusti Allah pindhah saking ngriku dhateng ing tanah ngriki, ingkang sami panjenengan dalemi sapunika.

5Wonten ing ngriku Gusti Allah boten maringi warisan dhateng panjenenganipun, malah siti sapecak kemawon boten, nanging paring prajanji, badhe maringaken tanah punika dados kagunganipun turun-tumurun sanadyan kala samanten dereng peputra.

6Saha Gusti Allah nunten ngandika, bilih tedhak turunipun badhe dados tiyang neneka wonten ing nagari manca punapa malih badhe kadadosaken rencang tumbasan sarta dipun kaniaya laminipun kawan atus taun.

7Nanging bangsa kang bakal dikawulani iku -- makaten pangandikanipun Gusti Allah -- bakal Sunadili, lan sawise iku, bakal padha metu saka ing kono tuwin bakal ngabekti marang Ingsun ana ing panggonan kene.

8Gusti Allah lajeng maringi prajanjian tetak dhateng panjenengaipun, sarta makaten anggenipun Rama Abraham peputra Iskak, ingkang nunten dipun supiti ing wolung dintenipun. Dene Rama Iskak nurunaken Rama Yakub, tuwin Rama Yakub nurunaken bapa-lajer leluhur kita kalih welas.

9Margi saking drengkinipun, para bapa-lajer kita wau lajeng nyade Yusuf dhateng ing tanah Mesir, nanging Gusti Allah nunggil kaliyan piyambakipun,

10sarta dipun luwari saking sakathahing sangsaranipun saha kaparingan sih-rahmat tuwin kawicaksanan, nalika wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Pringon, nata ing Mesir, lajeng kawisudha dening Sang Prabu Pringon dados ingkang ngasta panguwaos tumrap ing tanah Mesir tuwin tumrap kratonipun sadaya.

11Ing saindenging tanah Mesir lan ing tanah Kanaan lajeng kedhatengan bebaya pailan saha kasisahan ageng, ngantos leluhur kita boten saged angsal tedha.

12Nanging sareng Rama Yakub midhanget, bilih ing tanah Mesir wonten gandum, lajeng utusan para leluhur kita mrika. Punika ingkang kapisan.

13Sareng lampahipun ingkang kaping kalih, Sang Yusuf waleh dhateng para sadherekipun, satemah asal-usulipun Sang Yusuf lajeng kauningan dening Sang Pringon.

14Sang Yusuf lajeng utusan mboyongi ingkang rama Yakub saha sadaya sanak sadherekipun, cacah jiwa wonten pitung dasa gangsal.

15Rama Yakub lajeng tindak dhateng Mesir, wasana seda dalah leluhur kita.

16Layonipun sami kabekta dhateng ing kitha Sikhem, kasarekaken wonten ing pasarean, ingkang sampun dipun pundhut dening Rama Abraham kalayan arta salaka saking para putranipun Sang Hemor ing Sikhem.

17Nanging saya celak kalampahaning prajanji ingkang dipun paringaken dening Gusti Allah dhateng Rama Abraham, bangsa wau saya mindhak kathah wonten ing Mesir,

18ngantos wonten ratu sanes ingkang ngasta peprentahan ing tanah Mesir, ingkang boten ngretos bab Yusuf.

19Ratu punika ngempakaken paekan dhateng bangsa kita, para leluhur kita dipun siya-siya saha dipun purih mbucali bayi-bayinipun, supados bangsa kita punika sampun ngantos tumangkar.

20Kala samanten punika Nabi Musa miyos, rupinipun bagus saha dados keparenging Allah, lajeng kagulawenthah wonten ing dalemipun ingkang rama tigang wulan laminipun.

21Lajeng kabucal, nanging tumunten kapupu dening putranipun putri Sang Prabu Pringon, ingkang dhawuh nggulawenthah kados putranipun piyambak.

22Nabi Musa nunten kawulang ing bab kasagedanipun tiyang Mesir sadaya, satemah lajeng kadunungan kalangkungan micara saha ing pandamel.

23Sareng sampun yuswa kawan dasa taun, panjenenganipun kagungan karsa badhe nuweni para kadangipun inggih punika tiyang Israel.

24Nalika punika panjenenganipun mirsa tiyang dipun kaniaya dening tiyang Mesir, nunten dipun pitulungi saha dipun belani, tiyang Mesir wau dipun pejahi.

25Pangintenipun, para kadangipun badhe mangretos, bilih panjenenganipun dipun agem dening Gusti Allah ngluwari piyambakipun sadaya, nanging sami boten mangretos.

26Enjingipun panjenenganipun rawuh malih, kapinujon wonten tiyang Israel kalih ingkang saweg kekerengan, tumunten mbudidaya badhe ngrukunaken, pangandikanipun: Para sadulur, kowe iku rak padha sadulur? Yagene kok padha siya-siniya?

27Nanging tiyang ingkang daksiya dhateng kancanipun punika lajeng mabeni Nabi Musa, aturipun:

28Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pangageng saha jeksa kula? Punapa panjenengan kagungan karsa badhe mejahi kula, kadosdene anggen panjenengan mejahi tiyang Mesir kala wingi punika?

29Sareng midhanget atur makaten punika, Nabi Musa lajeng lolos saha dados tiyang neneka wonten ing tanah Midian. Wonten ing ngriku peputra kakung kalih.

30Sareng sampun kawan dasa taun, lajeng wonten satunggaling malaekat ingkang ngatingal dhateng ing panjenenganipun wonten ing ara-ara samun ing redi Sinai, wonten ing salebeting latu murub ing grumbul eri.

31Nabi Musa eram mirsani tetingalan punika, saha sareng nyelak badhe niti-priksa, nunten midhanget swaraning Pangeran makaten:

32Ingsun iki Allahe leluhurira, Allahe Abraham, Iskak lan Yakub. Nabi Musa satemah gumeter saha ajrih mirsani.

33Lajeng dipun pangandikani dening Pangeran: Uculana trumpahing sikilira, amarga panggonan kang sira idak iku bumi kang suci.

34Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsaraning umatingSun kang ana ing tanah Mesir, sarta wus miyarsakake ing pasambate, tuwin Ingsun wus tumedhak bakal ngluwari; mulane mrenea, sira bakal Sunutus menyang ing tanah Mesir.

35Nabi Musa punika, ingkang sampun dipun tampik dening tiyang-tiyang wau kaliyan pangucapipun: Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pangageng saha jeksa? -- inggih Nabi Musa punika ingkang kautus dening Gusti Allah dados pangageng sarta juru pangluwaran, lumantar malaekat, ingkang sampun ngatingal dhateng ing panjenenganipun wonten ing grumbul eri.

36Inggih panjenenganipun punika ingkang ngirid medal tiyang-tiyang wau sarana nindakaken mukjijat-mukjijat tuwin pratandha-pratandha wonten ing tanah Mesir, wonten ing Saganten Abrit tuwin wonten ing ara-ara-samun, ngantos kawan dasa taun dangunipun.

37Inggih Nabi Musa punika ingkang ngandika dhateng tiyang-tiyang Israel: Gusti Allah bakal ngadegake nabi kaya aku iki kanggo ing kowe saka ing antarane para sadulurmu.

38Inggih Nabi Musa punika ingkang dados pantawis wonten ing salebeting pasamuwan wonten ing ara-ara-samun ing antawisipun malaekat ingkang nglairaken pangandika dhateng panjenenganipun wonten ing redi Sinai kaliyan leluhur kita, saha inggih panjenenganipun ingkang tampi pangandika-pangandika ingkang gesang, supados kaparingaken dhateng panjenengan sadaya.

39Nanging leluhur kita boten sami mbangun-turut dhateng panjenenganipun, malah dipun tampik. Ing salebeting manah sami kapengin wangsul dhateng ing tanah Mesir.

40Dhateng Sang Harun aturipun makaten: Kula sadaya panjenengan damelaken allah-allah sawatawis, ingkang badhe tindak wonten ing sangajeng kula, amargi Nabi Musa ingkang sampun nuntun kula sadaya medal saking ing tanah Mesir -- kula sami boten sumerep ing kadadosanipun.

41Kala samanten lajeng sami damel rerekan pedhet, sarta brahala punika nunten dipun sajeni, saha lajeng sami sukan-sukan ing bab punapa ingkang dipun damel piyambak punika.

42Gusti Allah lajeng mengkeraken tiyang-tiyang wau saha dipun umbar anggenipun sami nyembah dhateng ing wadya-balaning langit, kados ingkang sampun kaseratan wonten ing kitabipun para nabi makaten: Apa sira tau nyaosake kurban sembelehan lan pisungsung marang Ingsun, sajrone patang puluh taun ana ing ara-ara-samun, heh turune Israel?

43Ora tau, malah sira padha ngusung tarube Molokh lan lintange dewa Refan, reca-reca kang padha sira gawe sarta sira dadekake sesembahan. Mulane sira bakal Sunbuwang nganti tekan ing sisih kananing tanah Babil.

44Tarubing Paseksen wonten ing satengahing leluhur kita wonten ing ara-ara-samun, ingkang kayasa awit saking dhawuhipun Gusti Allah dhateng Nabi Musa, miturut tuladha ingkang sampun dipun tingali.

45Tarub wau tinampen dening leluhur kita sarta lajeng kabekta lumebet dhateng ing tanah punika kalayan katuntun dening Yusak, inggih punika nalika tanah punika karebat saking bangsa-bangsa sanes, ingkang kakesahaken dening Gusti Allah saking sangajenging leluhur kita; makaten ngantos dumugi jamanipun Sang Prabu Dawud.

46Sang Prabu Dawud sampun tampi sih-rahmat wonten ing ngarsanipun Gusti Allah saha nyuwun, pinarengna ngadegaken satunggaling padaleman kagem Allahipun Rama Yakub.

47Nanging Sang Prabu Suleman ingkang yasa padaleman kagem Gusti Allah.

48Namung kemawon Ingkang Mahaluhur boten dedalem ing yeyasaning tanganipun manungsa, kados ingkang kapangandikakaken dening nabi makaten:

49Langit iku dhamparingSun, sarta bumi iku ancik-anciking sampeyaningSun. Padaleman apa kang bakal sira yasa kagem Ingsun? mangkono pangandikaning Pangeran, utawa apa panggonan palerebaningSun?

50Apa dudu astaningSun piyambak kang yasa samubarang iki kabeh?

51Heh, tiyang ingkang sami wangkot lan ikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyan tansah sami nglawan Sang Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan, inggih makaten ugi sampeyan sadaya.

52Nabi-nabi punika pundi ingkang boten dipun kaniaya dening leluhur sampeyan. Malah sami mejahi tiyang-tiyang ingkang langkung rumiyin memeca bab rawuhipun Sang Sunyata, ingkang sapunika sampun sampeyan cidra lan sampeyan sedani.

53sampeyan sampun sami tampi angger-anggering Toret, ingkang dipun paringaken lumantar para malaekat, nanging sami boten sampeyan tetepi.”

Sang Stefanus disedani

54Bareng para warganing Pradata Agama mireng iku mau kabeh, padha rumaos kecocog panggalihe sarta padha nglawan kalawan kerot-kerot waja.

55Nanging Sang Stefanus kapenuhan ing Roh Suci, tumenga marang ing langit, banjur mirsa kamulyaning Allah lan Gusti Yesus jumeneng ing tengening Allah.

56Nuli ngandika: “Sanyata, aku weruh langit piyak lan Putraning Manungsa jumeneng ing tengening Allah.”

57Wong-wong nuli pada bengok-bengok nempuh marang Sang Stefanus kalawan nutupi kupinge.

58Banjur diglandhang menyang ing sajabaning kutha, lan dibenturi watu. Para seksi padha cucul jubah ana ing ngarepe wong nom-noman kang jenenge Saulus.

59Sang Stefanus sajrone dibenturi watu mau, ndedonga unjuke: “Dhuh Gusti Yesus, mugi karsaa nampeni roh kawula.

60Kalawan jengkeng nuli nguwuh seru: “Dhuh Gusti, dosa punika mugi sampun Paduka tempahaken dhateng tiyang-tiyang punika.” Sajrone munjuk mangkono iku banjur seda.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Kisah Para Rasul 7):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Kisah Para Rasul 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel