Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 8 >> 

1Saulus uga nyarujuki ing bab sedane Sang Stefanus.

Pasamuwan ing Yerusalem wiwit dikaniaya

(8-1b) Ing nalika iku pasamuwan ing Yerusalem wiwit nandhang panganiaya kang banget. Kabeh padha buyar, pating slebar ana ing tlatah Yudea lan Samaria, kajaba para rasul.

2Para wong saleh padha ngubur layone Sang Stefanus, sarta banget anggone padha nangisi.

3Nanging Saulus ngudi marang sirnane pasamuwan, saben omah dileboni, wong lanang lan wong wadon padha diglandhangi lan dipasrahake marang ing pakunjaran.

Sang Filipus ana ing Samaria

4Wong-wong kang buyar mau padha ndlajahi ing satanah kabeh karo ngabarake Injil.

5Lan Sang Filipus tindak menyang ing sawijining kutha ing tanah Samaria martakake bab Sang Mesih marang wong-wong ing kono.

6Nalika wong akeh ngrungokake apa kang diwartakake dening Sang Filipus sarta nyumurupi pratandha-pratandha kang dianakake, banjur padha saiyeg nampani pawartane iku.

7Amarga wong akeh kang padha kapanjingan dhemit, dhemite padha metu kalawan nguwuh-uwuh sora, lan uga akeh wong lumpuh sarta wong pincang kang padha diwarasake,

8temahan wong ing kutha kono padha bungah banget.

9Kacarita ing kutha kono ana wong jenenge Simon, kang wiwit biyen nindakake pasikhiran lan gawe erame rakyat Samaria apadene ngaku-aku wong kang pinunjul.

10Wong-wong, gedhe, cilik, padha nganut marang dheweke, pangucape: “Wong iki apangawak panguwaosing Allah kang kasebut Sang Panguwaos Agung.”

11Mulane padha ngedhep marang dheweke, jalaran wis suwe anggone gawe erame sarana pasikhirane.

12Nanging saiki padha pracaya marang Sang Filipus, kang martakake Injile Kratoning Allah sarta bab asmane Gusti Yesus Kristus tuwin padha kabaptis, wong lanang dalasan wong wadon.

13Simon dhewe iya manjing pracaya lan sawise dibaptis, tansah ngraketi marang Sang Filipus sarta sumlengeren nyumurupi pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat linuwih kang tumindak.

14Bareng para rasul ing Yerusalem padha midhanget, yen wong ing tanah Samaria wis padha nampani pangandikaning Allah, Rasul Petrus lan Rasul Yokanan padha kautus mrana.

15Sarawuhe ing kono karone banjur padha ndedonga, supaya wong-wong ing Samaria padha kaparingan Roh Suci.

16Amarga Roh Suci durung tumendhak marang wong siji-sijia ing antarane wong-wong mau, awit mung padha dibaptisi ing asmane Gusti Yesus.

17Mulane kabeh banjur padha katumpangan asta dening para rasul mau, satemah padha katedhakan ing Roh Suci.

18Bareng Simon sumurup, yen anggone padha pinaringan Roh Suci iku marga katumpangan astane para rasul, dheweke banjur ngaturi dhuwit marang para rasul,

19kalawan matur: “Kula mugi kaparingana kasekten punika ugi, supados tiyang ingkang kula tumpangi tangan, inggih lajeng katedhakan ing Roh Suci.”

20Nanging Rasul Petrus banjur ngandika marang dheweke: “Dhuwitmu kenaa ing rusak bareng karo kowe, amarga kowe ngira, yen kowe bisa tuku peparinging Allah nganggo dhuwit.

21Kowe ora duwe panduman utawa wewenang tumrap prakara iki, amarga atimu ora jujur ana ing ngarsane Gusti Allah.

22Mulane mratobata saka ing pialamu iki sarta ndedongaa marang Pangeran, supaya niyating atimu iki kaapura,

23amarga aku sumurup, yen atimu iku wis kayadene rempelu kang pait lan kajiret ing piala.”

24Simon mangsuli, ature: “Mugi panjenengan karsaa ndongakaken kula dhateng Pangeran, supados sadaya pangandika panjenengan tumrap kula punika sampun ngantos kelampahan.”

25Para rasul mau sawise paring paseksen lan martakake bab pangandikaning Gusti banjur padha kondur menyang Yerusalem sarta sadalan-dalan padha nggiyarake Injil ing desa akeh ing tanah Samaria.

Sang Filipus lan priyagung Etiopia

26Tumuli ana sawijining malaekating Pangeran kang ngandika marang Sang Filipus, mangkene: “Ngadega, lan mangkata mangidul metu ing dalan kang mudhun saka ing Yerusalem menyang ing kutha Gaza.” Dalan iku sepi. Sang Filipus banjur tindak.

27Tumuli ana wong Etiopia, sawijining priyagung panjaga kaputren, kapala juru gedhonge Sri Kandhake, nata putri ing nagara Etiopia, kang tindak menyang Yerusalem prelu nindakake pangibadah.

28Nalika samono panjenengane lagi tindak kondur nitih kreta karo maos kitabe Nabi Yesaya.

29Sang Filipus banjur kadhawuhan dening Roh: “Mronoa, cedhakana kreta iku!”

30Sang Filipus banjur enggal-enggal murugi lan mireng priyagung iku lagi maos kitab Nabi Yesaya. Sang Filipus matur: “Panjenengan punapa mangretos ingkang panjenengan waos punika?”

31Paring wangsulane: “Kadospundi anggen kula saged mangretos, manawi boten wonten ingkang nuntun?” Sang Filipus banjur didhawuhi minggah lan lenggah ing sandhinge.

32Anadene nas kang diwaos iku surasane mangkene: Kayadene wedhus Panjenengane katuntun bakal disembeleh, lan kaya cempe kang ora nyuwara ana ing ngarepe kang mbathili, mangkono anggone Panjenengane ora mbikak tutuke.

33Sajroning kaasorane paukumane kaetrapake; sapa kang bakal martakake asal-usule? Sabab nyawane kapulung saka ing bumi.

34Priyagung mau banjur ngandika marang Sang Filipus: “Kula pitaken dhateng panjenengan, sinten ingkang dipun pangandikakaken dening nabi punika? Punapa sariranipun piyambak punapa tiyang sanes?”

35Sang Filipus tumuli wiwit cariyos, wiwit saka nas iku, banjur martosake Injile Gusti Yesus.

36Sakarone padha nglajengake tindake, nuli rawuh ing papan kang ana banyune. Priyagung mau banjur ngandika: “Lah punika wonten toya. Punapa wonten pambenganipun, bilih kula dipun baptis?”

37Atur wangsulane Sang Filipus: “Manawi panjenengan pitados kanthi gumolonging panggalih, kenging.” Paring wangsulane: “Kula pitados, bilih Gusti Yesus Kristus punika Putraning Allah.”

38Priyagung Etiopia mau banjur dhawuh ngendhegake kretane lan karone nuli padha mandhap menyang ing banyu, Sang Filipus lan priyagung mau, sarta priyagung iku nuli dibaptis dening Sang Filipus.

39Bareng karone wis padha mentas saka ing banyu, Rohing Pangeran tumuli mulung Sang Filipus, lan ora kasumurupan dening priyagung iku maneh. Panjenengane banjur nglajengake tindake kalawan renaning panggalih.

40Nanging Sang Filipus jebul ana ing kutha Asdod, tindak nglangkungi ing tlatah kono sarta ngabarake Injil ana ing kutha-kutha kono kabeh nganti tumeka ing kutha Kaisarea.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Kisah Para Rasul 8):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Kisah Para Rasul 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel