Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kolose 3 >> 

1Marga saka iku yen kowe wus padha ndherek katangekake kalawan Gusti Kristus, padha ngupayaa sabarang kang ana ing ngaluhur, ing papan pinarake Gusti Kristus ing satengene Gusti Allah.

2Padha nggatekna prakara kang ana ing ngaluhur aja kang ana ing bumi.

3Sabab kowe wus padha mati lan uripmu iku sinengker kalawan Gusti Kristus, ana ing Gusti Allah.

4Yen Gusti Kristus kang dadi urip kita iku ing tembe ngatingal, kowe iya bakal padha ndherek ngaton kalawan Panjenengane ana ing kamulyan.

Bab kamanungsan kang anyar

5Mulane kowe padha matenana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu, yaiku laku jina, tindak rusuh, hawa nepsu, kapencut, mangkono uga budi kethaha, kang dadi ewone panyembah brahala,

6kabeh iku nekakake bebendune Gusti Allah (marang para wong duraka).

7Ing maune kowe iya padha nglakoni mangkono iku nalika kowe isih padha ngraketi marang iku.

8Nanging saiki kabeh mau buwangen, yaiku nepsu, brangasan, piala, pitenah lan tembung-tembung saru kang kawetu saka cangkemmu.

9Aja nganti kowe padha goroh-ginorohan maneh, marga kowe wus padha ngrucat kamanungsan lawas sapratingkahe,

10lan wus ngrasuk kamanungsan anyar kang tansah binangun, supaya oleh kawruh sanyata kang miturut citrane Kang Nitahake;

11ing kono wus ora ana wong Yunani utawa Yahudi, wong tetakan lan wong ikutan, wong Barbar utawa won Skit, batur tukon utawa mardika, nanging Gusti Kristus iku kang ngabehi lan ana ing samubarang kabeh.

12Mulane sarehne kowe wus padha dadi pepilihane Gusti Allah, kang wus kasucekake lan kinasihan, padha nyandhanga asih welas, kaloman, andhap-asor, alusing bebuden lan sabar.

13Padha sabar-sinabarana kayadene Gusti Allah anggone wus ngapura kowe, kowe iya tumindaka mangkono uga.

14Lan kang ngungkuli sakabehe iku: nindakna katresnan, iku kang ngesuhi lan nyampurnakake.

15Muga tentrem-rahayune Gusti Kristus ngereh ana ing sajroning atimu, marga iya kaya mangkono iku anggonmu padha katimbalan dadi badan siji. Sarta saosa sokur.

16Muga pangandikane Sang Kristus dumunung ana ing antaramu kalawan luber, satemah anggonmu padha wuruk-winuruk lan eling-ingelingake nganggo sakehing kawicaksanan apadene sinambi nglagokake masmur lan puji-pujian sarta kidung kasukman, kowe padha saos sokur marang Gusti Allah sajroning atimu.

17Lan sadhengah apa kang koktindakake kalawan tembung utawa kalawan panggawe, iku kabeh lakonana atas asmane Gusti Yesus, kambia saos sokur marang Gusti Allah, Rama kita lumantar Panjenengane.

Pepacak kanggo brayat

18He, para wong wadon, padha sumuyuda marang somahmu, dikaya sapatute ana ing patunggilane Gusti.

19He, para wong lanang, bojomu tresnanana lan aja nganti kokkasari.

20He, bocah-bocah, padha manut-mituruta marang wong tuwamu ing sadhengah prakara, sabab iku ndadekake keparenge Gusti.

21He, para bapa, aja nglarakake atine anakmu, supaya aja nganti semplah.

22He, para batur, mituhua marang bandaramu kadonyan ing sadhengah prakara, aja mung ana ing sapangarepan anggonmu gawe senenge, nanging diklawan tulusing ati kang marga saka wedi marang Gusti,

23lan sadhengah apa kang koktindakake iku tindakna kalawan terus ing batin kayadene kagem Gusti, ora kanggo manungsa.

24Kowe wus padha sumurup, yen Gusti bakal maringi panduman kang wus ditamtokake minangka ganjaranmu. Gusti Kristus iku bandara, lan kowe dadi abdine.

25Sing sapa gawe luput, iku bakal nyangga kaluputane, marga Gusti ora mawang wong.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Kolose 3):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Kolose 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel