Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 1 >> 

Sarasilahe Gusti Yesus

1Iki sarasilahe Gusti Yesus Kristus, tedhake Sang Prabu Dawud, tedhake Rama Abraham.

2Rama Abraham peputra Iskak, Iskak peputra Yakub, Yakub peputra Yahuda sasadhereke;

3Yahuda peputra Peres lan Zerah, patutan saka Tamar; Peres peputra Hezron, Hezron peputra Ram;

4Ram peputra Aminadab, Aminadab peputra Nahason, Nahason peputra Salmon;

5Salmon peputra Boas patutan saka Rakhab; Boas peputra Obed patutan saka Rut; Obed peputra Isai,

6Isai peputra Sang Prabu Dawud, Sang Prabu Dawud peputra Sang Prabu Suleman, patutan saka tilas bojone Uria,

7Sang Prabu Suleman peputra Rehabeam, Rehabeam peputra Abia, Abia peputra Asa,

8Asa peputra Yosafat, Yosafat peputra Yoram, Yoram peputra Uzia;

9Uzia peputra Yotam, Yotam peputra Akhas, Akhas peputra Hizkia;

10Hizkia peputra Manasye, Manasye peputra Amon, Amon peputra Yosia;

11Yosia peputra Yekhonya sasadhereke, nalika jaman pambuwangan menyang Babil.

12Sawise jaman pambuwangan menyang Babil, Yekhonya peputra Sealtiel, Sealtiel peputra Zerubabel;

13Zerubabel peputra Abihud, Abihud peputra Elyakim, Elyakim peputra Azor;

14Azor peputra Zadhok, Zadhok peputra Akhim, Akhim peputra Eliud;

15Eliud peputra Eleazar, Eleazar peputra Matan, Matan peputra Yakub;

16Yakub peputra Yusuf bojone Maryam, kang mbabar Gusti Yesus, kang jejuluk Sang Kristus.

17Dadi gunggunge saka Rama Abraham tumeka Sang prabu Dawud iku ana patbelas turunan, saka Sang Prabu Dawud tumeka ing jaman pambuwangan menyang Babil ana patbelas turunan lan saka jaman pambuwangan menyang Babil tumeka Sang Kristus patbelas turunan.

Miyose Gusti Yesus

18Anadene miyose Gusti Yesus Kristus iku sejarahe mangkene: Nalika Maryam kang ibu lagi pacangan karo Yusuf, sadurunge tunggal sapaturon, tinemu wus ngandheg marga saka Sang Roh Suci.

19Sarehne Yusuf bojone iku wong mursid sarta ora gelem mirangake Maryam ana ing ngarepe wong akeh, mulane sumedya medhot pepacangane kanthi sidheman.

20Nanging bareng lagi duwe gagasan mangkono iku, tumuli ana malaekating Pangeran ngatingali sajroning pangimpen, dhawuhe: “He, Yusuf, tedhake Dawud, aja sumelang anggonmu ngepek Maryam dadi bojomu, awit Putra kang kabobotake iku marga saka Roh Suci,

21sarta Maryam bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yesus; awit iya iku kang bakal ngluwari bangsane saka ing dosane.”

22Bab iku anggone kalakon supaya kayektenana apa kang kapangandikakake dening Pangeran lumantar nabi mangkene:

23“Lah, sang kenya bakal nggarbini sarta mbabar putra kakung, kang asmane bakal sinebut Emanuel, tegese: Gusti Allah nunggil kalawan kita.”

24Yusuf satangine turu banjur ngestokake kaya kang didhawuhake dening malaekating Pangeran, Maryam dipek bojo,

25nanging ora diwori turu, nganti tumekane wis mbabar putra, kang banjur dinamakake Yesus.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Matius 1):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Matius 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel