Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 25 >> 

Pasemon bab prawan sapuluh

1“Ing wektu iku Kratoning Swarga bakal kaupamakake kaya prawan sapuluh, kang mangkat methuk panganten lanang kanthi nggawa diyan.

2Sing lima bodho, sing lima pinter.

3Prawan-prawan sing bodho mau nggawa diyane ora nganggo nggawa lenga serepan,

4dene prawan-prawan sing pinter, kajaba nggawa diyane, isih nggawa wadhah isi lenga.

5Nanging sarehne pangantene nganti suwe ora teka-teka, prawan-prawan mau padha nganthuk lan banjur turu.

6Bareng wayah tengah wengi keprungu swara wong alok-alok: Mantene teka! Padha pethuken!

7Prawan-prawan mau padha tangi lan nata diyan-diyane.

8Prawan-prawan sing bodho nembung marang prawan-prawan sing pinter: Bok aku wenehana lengamu sathithik bae, diyanku wis arep mati.

9Nanging wangsulane prawan-prawan kang pinter: Aja, mengko ora sedheng kanggo aku lan kanggo kowe. Angur menyanga enggone sing dodol, tukua dhewe.

10Nanging nalika lagi padha lunga tuku lenga, mantene teka, prawan-prawan sing wis miranti padha melu manten lumebu menyang ing pahargyan, lawange banjur dikancing.

11Sawise mangkono prawan-prawan liyane iya teka lan matur: Bandara, bandara, kawula nyuwun kori!

12Nanging wangsulane panganten lanang: Satemene pituturku marang kowe: Aku ora wanuh karo kowe.

13Mulane padha meleka, awit kowe padha ora weruh dinane lan wayahe.”

Pasemon bab dhuwit talenta

14“Awit bab iku kayadene wong kang arep lelungan banjur ngundangi batur-bature, padha dipasrahi barang darbeke,

15kang siji diwenehi limang talenta, sijine rong talenta, lan sijine maneh satalenta, undha-usuk, tumuli mangkat.

16Kang tampa limang talenta banjur lunga, dhuwite dilakokake, temah oleh bathi limang talenta.

17Batur kang tampa rong talenta iya nindakake kang mangkono lan oleh bathi rong talenta.

18Nanging batur kang tampa satalenta iku lunga ndhudhuk lemah gawe luwangan, dhuwite bandarane dipendhem.

19Sawise antara lawas bandarane batur-batur mau mulih, banjur etung-etungan.

20Kang tampa limang talenta ngaturake bebathen limang talenta, ature: Bandara, kula panjenengan cepengi gangsal talenta; lah punika kula angsal bathi inggih gangsal talenta.

21Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindhakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu.

22Kang tampa rong talenta banjur matur: Bandara, kula panjenengan pasrahi kalih talenta; lah kula angsal bathi kalih talenta.

23Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu.

24Wasana kang tampa satalenta uga teka lan matur: Bandara, kula sampun sumerep, bilih panjenengan punika tiyang ingkang dakwenang, dene ngeneni ingkang sanes sebaran panjenengan, saha mendheti ingkang sanes taneman panjenengan.

25Milanipun kula ajrih, kula lajeng kesah, arta panjenengan satalenta kula pendhem ing siti. Mangga, kula aturi nampeni kagungan panjenengan!

26Bandarane banjur mangsuli: Heh, batur kang ala lan kesed, kowe wis ngreti, yen aku ngeneni kang dudu sebaranku lan njupuk kang dudu tanduranku.

27Mulane benere dhuwitku koktitipake marang wong kang nglakokake dhuwit, supaya saulihku bisa tampa dhuwit iku saanakane.

28Mulane padha jupuken dhuwit satalenta iku, banjur wenehna kang duwe sapuluh talenta iku.

29Sabab sing sapa duwe, bakal kaparingan, nganti luber. Nanging sing sapa ora duwe, bakal kapundhutan sabarang darbeke kabeh.

30Anadene batur kang tanpa guna iku uncalna menyang ing pepeteng kang banget petenge. Ing kono kang ana mung tangis lan keroting untu.”

Bab pangadilan kang wekasan

31“Besuk manawa Putraning Manungsa rawuh ngagem kamulyane lan sakabehing padha ndherekake, Panjenengane banjur lenggah ing dhampar kamulyan.

32Sakehing bangsa nuli bakal kaklumpukake ana ing ngarsane lan bakal kapisah-pisah siji lan sijine, kayadene pangon anggone ndhewek-ndhewekake wedhus gembel karo wedhus jawa,

33kang gembel dipapanake ana ing tengene, dene wedhus jawa ana ing kiwane.

34Tumuli Sang Nata bakal ngandika marang kang ana tengene: Heh, para kang binerkahan dening RamaningSun, mara, padha tampanana warisan Kraton, kang wis kacawisake marang sira wiwit dumadining jagad.

35Awitdene nalika Ingsun kerapan, sira caosi dhahar; nalika Ingsun kasatan, sira caosi ngunjuk; nalika Ingsun lelana, sira caosi palereban;

36nalika Ingsun kelukaran, sira caosi pangageman, nalika Ingsun gerah, sira tiliki; nalika Ingsun kinunjara, sira sowani.

37Ing kono wong-wong kang mursid iku bakal padha munjuk: Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan lajeng kawula caosi dhahar, saha kasatan kawula caosi ngunjuk?

38Kala punapa kawula sumerep Paduka lelana lajeng kawula caosi palereban, saha kelukaran kawula caosi pangageman?

39Kala punapa kawula sumerep Paduka gerah utawi kinunjara, lajeng kawula sowani?

40Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.

41Sarta Sang Nata bakal ngandika marang kang ana sisih kiwane: Sumingkira saka ing ngarsaningSun, heh, wong kang padha kena ing laknat, sumingkira menyang ing geni langgeng, kang wis kacawisake kanggo Iblis lan para malaekate.

42Sabab nalika Ingsun kerapan, sira ora nyaosi dhahar; nalika Ingsun kasatan, sira ora nyaosi ngunjuk;

43nalika Ingsun lelana, sira ora nyaosi palereban; nalika Ingsun gerah, lan ana ing pakunjaran, sira ora sowan.

44Ing kono wong-wong mau bakal padha munjuk: Dhuh, Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan, utawi kasatan, utawi pinuju lelana, punapa kelukaran utawi gerah, punapa wonten ing pakunjaran saha boten kawula ladosi?

45Sang Nata banjur bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira, samubarang kabeh kang ora sira tindakake kanggo salah sawijining wong kang asor dhewe iki, iku iya ora sira tindakake kagem Ingsun.

46Wasana wong-wong iku bakal lumebu ing siksa langgeng, dene wong kang mursid iku bakal lumebu ing urip langgeng.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Matius 25):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Matius 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel