Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 4 >> 

Gusti Yesus kagodha dening Iblis

1Sawuse mangkono Gusti Yesus katuntun dening Roh menyang ing ara-ara samun supaya kagodha dening Iblis.

2Salebare siyam patang puluh dina patang puluh bengi, wekasan kerapan.

3Juru panggodha banjur sowan ing ngarsane sarta munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga sela-sela punika Panjenengan sabdakaken dados roti.”

4Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Ana tulisan mangkene: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae, nanging saka sakabehing sabda kang miyos saka ing lesaning Allah.”

5Iblis tumuli nggawa Gusti Yesus menyang ing kutha Suci lan dijumenengake ana ing dhuwur payone Padaleman Suci,

6banjur munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog mangandhap, awit wonten seratan makaten: Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate tumrap sira, sarta sira bakal ditadhahi ing tangane, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu.”

7Pangandikane Gusti Yesus: “Ana maneh tulisan mangkene: Sira aja nyoba Pangeran Allahira.”

8Gusti Yesus banjur digawa Iblis maneh munggah ing gunung kang dhuwur banget lan diaturi mirsani sakehe krajan ing donya dalasan kamulyane,

9nuli munjuk mangkene: “Punika sadaya badhe kula caosaken dhateng Panjenengan, anggeripun Panjenengan sumungkem sujud dhateng kula.”

10Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang Iblis: “Wis, lungaa, setan!” Sabab ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengane Piyambak kang kudu sira abekteni.”

11Iblis banjur lengser saka ing ngarsane Gusti Yesus; lah ing kono tumuli ana malaekat-malaekat kang padha sowan lan ngladosi Panjenengane.

Gusti Yesus pindhah menyang ing kutha Kapernaum

12Bareng Gusti mireng pawarta, yen nabi Yokanan wus kacepeng, Panjenengane banjur tindak sumingkir menyang ing tanah Galilea,

13pindhah saka Nasaret lan dedalem ana ing kutha Kapernaum, ing sapinggiring sagara ing laladan tanah Zebulon lan Naftali,

14supaya kayektenana kang kapapangandikakake dening Nabi Yesaya mangkene:

15“Tanah Zebulon lan tanah Naftali, dalan menyang ing sagara, ing sabrange bengawan Yarden, tanah Galilea panggonane bangsa-bangsa liya,

16bangsa kang manggon ing pepeteng, iku wus ndeleng Papadhang kang gedhe, sarta wong kang padha manggon ing tanah kang kalimputan ing wewayangning pati, iku wus kaplethekan Pepadhang.”

17Wiwit nalika iku Gusti Yesus nggelarake piwulang, pangandikane: “Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wus cedhak!”

Gusti Yesus wiwit angsal sakabat

18Nalika Gusti Yesus pinuju tindak urut pinggiring sagara Galilea, mirsa wong loro padha sadulur, yaiku Simon kang karan Petrus karo Andreas sadulure, lagi padha nibakake jala ing sagara, amarga padha dadi juru-amek-iwak.

19Banjur padha didhawuhi: “Ayo, padha melua Aku, kowe padha bakal Dakdadekake juru-amek-wong.”

20Sanalika banjur padha ninggal jalane, ndherekake Gusti Yesus.

21Sabanjure nalika tindak saka kono, Panjenengane mirsa wong loro maneh, uga padha sadulur, yaiku Yakobus anake Zebedheus karo Yokanan sadulure, ana ing prau lagi ngrewangi Zebedheus bapakne anggone nyulami jalane, banjur padha ditimbali

22Sanalika padha ninggal praune lan bapakne, nuli ndherekake Gusti Yesus.

Gusti Yesus wiwit lelana nggelarake Injil

23Gusti Yesus tumuli ndlajahi satlatahe tanah Galilea kabeh, memulang ana ing papan-papan pangibadahe wong kono, sarta nggelarake Injiling Kraton, apadene nyarasake sarupane lelara lan sarupane memala, kang tinemu ing satengahing bangsa kono.

24Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar ing tanah Siria kabeh; sakehe wong, kang nandhang lelara banjur padha disowanake menyang ing ngarsane, kang rupa-rupa lelarane lan sangsarane, wong kasurupan, wong ayan lan wong lumpuh, tumuli padha diwarasake.

25Wong akeh padha gumrudug ndherekake tindake, pinangkane saka ing tanah Galilea, ing Dekapolis, ing Yerusalem lan ing tanah Yudea tuwin ing sabrange bengawan Yarden.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Matius 4):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Matius 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel