Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mikha 2 >> 

Ipat-ipat marang wong kang nindhes

1Bilai wong kang padha ngrancang-ngrancang duraka, lan kang ngrantam-rantam piala ana ing paturone; sarta bareng esuk ditindakake, marga prakara iku ana ing pangwasane;

2kang manawa melik pategalan, iya tumuli ngrebut, lan omah-omah, iya banjur disrobot bae, kang ngroda-peksa wong dalah saisine omahe wong satanah-pusakane.

3Mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Lah Ingsun ngrancang bakal nekakake bilai marang jinis iki, lan sira padha ora bakal bisa nguwalake gulunira saka iku, sira padha ora bisa lumaku kalawan angkuh maneh, marga wektu iku wektu kang nyilakani.

4Ing dina iku wong-wong bakal nglairake unen-unen lan kidung pangadhuh ing ngatase sira, sarta bakal ngucap: “Kita wus dilebur babar pisan! Pandumane warisan bangsaku iku wus kaukur nganggo tali, lan ora ana wong kang mbalekake, pategalan-pategalan kita diedum-edumake marang wong kang padha nawan kita.”

5Mulane bakal ora ana wong kang nguncalake tali kalawan undhian kanggo sira ana ing pasamuwane Sang Yehuwah.

6“Aja medhar wangsit,” mangkono celathune, “wong ora nglairake wangsit kang kaya mangkono iku! Kita ora bakal oleh panajad.”

7He, bani Yakub, apa bab iku kena dikandhakake? Apa Pangeran Yehuwah kurang sabar? Apa kaya ngene pandamele? PangandikaningSun iku rak becik tumrap wong kang laku bener?

8Nanging sira padha madeg dadi mungsuhe umatingSun. Sira padha ngrebut jubahe wong kang seneng rukun, wong-wong kang padha liwat kalawan tentrem, kang ora kepengin perang.

9Para wong wadon panunggalane umatingSun, iku padha sira tundhung saka ing omah kang disenengi, sarta rerengganing bayi-bayine peparingingSun, padha sira jupuk kanggo ing salawase.

10Ngadega, budhala, awit ing kene iki dudu papan palereman kanggo sira! Marga saka kanajisan sira banjur bakal padha ketaman ing karusakan, malah karusakan kang ora kena dipulihake.

11Manawa ana wong kang pinter ngothak-athik lan apus-apus, ngucap: “Aku medhar wangsit marang kowe bab anggur lan badheg,” iku kang pantes dadi wong kang medhar wangsit tumrap bangsa iki.

Prajanji bab kaslametan

12He Yakub, Ingsun mesthi bakal nglumpukake sira kabeh, lan iya mesthi bakal nglumpukake kekarene Israel; Sunklumpukake dadi siji kaya wedhus kang ana ing kandhang, kaya pepanthan ana ing satengahe pangonan, temah kaanan banjur dadi rame dening kehing wong.

13Juru panrobos bakal lumaku ana ing ngarepe; padha nrobos lan liwat ing gapura lan bakal metu saka ing kono. Ratune bakal tindak terus ana ing ngarepe, sarta Pangeran Yehuwah piyambak tindak ana ing pucuke pabarisan!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mikha 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel