Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 16 >> 

Wungune Gusti Yesus

1Bareng dina Sabat wis kliwat, Maryam Magdalena lan Maryam ibune Yakobus apadene Salome padha tuku anggi-anggi, banjur arep menyang pasarean njebadi Gusti Yesus.

2Wayah esuk uthuk-uthuk ing dina kapisan ing minggu iku, mbarengi pletheking srengenge, wong wadon mau padha teka ing pasarean.

3Banjur padha sapocapan mangkene: “Sapa sing bakal nulungi ngglundhungake watune saka ing lawangane pasarean?”

4Nanging bareng padha ndeleng saka ing cedhakan, banjur katon, yen watune sing pancen gedhe temenan iku, wus gumlimpang.

5Nuli padha lumebu in pasarean lan padha weruh priya nom-noman lenggah ing sisih tengen, ngagem jubah putih, temahan padha kaget.

6Nanging priya nom-noman iku banjur ngandika marang para wong wadon mau: “Aja padha wedi! Kowe padha nggoleki Gusti Yesus saka ing Nasaret, kang wis kasalib, Panjenengane wis wungu. Ora ana in kene. Padha delengen! Iki panggonan kang kanggo nyarekake Panjenengane.

7Nanging saiki padha lungaa, para sakabate lan Petrus kandhanana: Panjenengane ngrumiyini kowe kabeh menyang ing tanah Galilea. Ana ing kana kowe bakal padha ndeleng Panjenengane, kaya kang wis dipangandikakake marang kowe kabeh.”

8Wong-wong wadon mau banjur metu padha mlayu saka ing pasarean, amarga padha kataman giris lan gumeter, dadi ora tutur apa-apa marang sapa-sapa, marga saka wedine. Kanthi ringkes kabeh piwelinge malaekat mau wis ditekakake marang Petrus lan kanca-kancane. Sawise iku Gusti Yesus piyambak lumantar para sakabate martakake kabar kang suci lan kang ora bakal kena kasirnakake, yaiku bab karahayon kang langgeng iku wiwit saka ing wetan nganti tekan ing kulon.

Gusti Yesus ngatingal bola-bali lan ngutus para sakabate

9Bareng Gusti Yesus wus wungu ing dina kapisan ing minggu iku, Panjenengane banjur ngatingal marang Maryam Magdalena, yaiku kang biyen kapanjingan dhemit pitu, nanging wis padha ditundhungi dening Gusti Yesus.

10Wong wadon mau nuli lunga aweh pawarta bab iku mau marang kabeh wong, kang biyen tansah ndherek Gusti Yesus, lan kang ing wektu iku pinuju padha susah lan nangis.

11nanging bareng padha krungu, yen Gusti Yesus gesang lan wis dideleng Maryam, padha ora ngandel.

12Sawise iku, Panjenengane ngatingal kalawan ngagem rupi seje marang wong loro panunggalane, nalika karone padha lumaku menyang ing jaban kutha.

13Wong loro mau banjur bali padha aweh pawarta bab iku marang kanca-kanca liyane, nanging iya padha ora ngandel.

14Sawuse mangkono Gusti Yesus ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur padha ditutuh bab cupeting pangandele lan dableging atine, dene kok padha ora ngandel marang critane wong-wong kang wis padha ndeleng Panjenengane sawuse wungu.

15Banjur ngandika marang para sakabat mau: “Padha njlajahana jagad iki kabeh, Injil wartakna marang sakabehing tumitah.

16Sapa kang pracaya lan kabaptis, bakal rahayu, nanging sing sapa ora pracaya, bakal kaukum.

17Wong kang pracaya iku bakal padha kinanthenan pratandha mangkene: Marga saka sawabe AsmaKu baka padha bisa nundhungi dhemit, bakal padha calathu nganggo basa-basa anyar.

18Bakal padha nyekel ula, lan sanadyan ngombe racun kang mateni, ora bakal ndadekake cilakane. Wong lara kang ditumpangi tangane bakal waras.”

Gusti Yesus mekrad

19Sawise ngandika mangkono marang para sakabat, Gusti Yesus banjur kasengkakake menyang ing swarga lan lenggah in satengene Gusti Allah.

20Dene para sakabat mau iya banjur padha ngabarake Injil menyang ing ngendi-endi, sarta Gusti paring pambiyantu, sumebaring pangandika kinanthenan paseksen pratandha mawarna-warna.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Markus 16):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Markus 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel