MASMUR 110; Jumenenge Ratu-Imam
1Masmur anggitane Prabu Dawud. Pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten: “Sira lenggaha ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira.”
2Pangeran Yehuwah badhe ngacungaken tekening panguwaos Paduka saking Sion; Paduka ngastaa pamisesa wonten ing tengahipun mengsah Paduka!
3Ing dinten nglempaking wadya-bala Paduka umat kagungan Paduka kaliyan legawa badhe majeng kanthi rinengga ing kasucen; saking guwa-garbaning bangbang wetan kaaneman Paduka medal kados ebun.
4Pangeran Yehuwah sampun supaos, sarta badhe boten keduwung: “Sira iku dadi Imam ing salawas-lawase manut tatanane Melkisedhek.”
5Pangeran wonten ing tengen Paduka, ngremuk para raja pinten-pinten ing dintening bebendunipun;
6Pangeran ngadili wonten ing antawisipun para bangsa ngantos bathang-bathang sami pating glimpang. Panjenenganipun ngejur tiyang-tiyang ingkang dados pangageng ing nagari ingkang wiyar.
7Wonten pinggir margi Panjenenganipun ngunjuk ing lepen, temah ndengengekaken mastakanipun.