Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 125 >> 

MASMUR 125; Tentrem ana ing pangayomaning Sang Yehuwah

1Kidung jiyarah. Wong kang padha kumandel marang Pangeran Yehuwah, iku padha kaya gunung Sion kang ora obah-obah, kang tetep ing salawase.

2Yerusalem kinupengan ing gunung, kaya mangkono Pangeran Yehuwah anggone ngamping-ampingi umate, wiwit ing samengko nganti ing salawase.

3Tekene kaprabone wong duraka ora bakal tetep ana ing bumi kang wus diundhi kanggo para wong mursid, supaya wong mursid aja nganti padha kumranggeh tangane marang piala.

4Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nindakaken kasaenan dhateng para tiyang sae tuwin dhateng para tiyang ingkang manahipun tulus.

5Nanging tiyang-tiyang ingkang nyleweng dhateng ing margi ingkang menggak-menggok, mugi sami katundhunga dening Pangeran Yehuwah sareng kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami nindakaken piawon. Tentrem rahayu tumrapa marang Israel!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 125 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel