Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 16 >> 

MASMUR 16; Rahayu wong kang mursid

1Miktam. Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa rumeksa dhumateng kawula, amargi kawula ngayom dhumateng Paduka.

2Unjukku marang Sang Yehuwah mangkene: “Paduka punika Gusti kawula, tumrap kawula boten wonten ingkang sae kajawi Paduka.”

3Para suci ingkang wonten ing tanah ngriki, punika sami tiyang mulya ingkang tansah dados kabingahan kawula.

4Tiyang ingkang nyembah allah sanesipun punika kasisahanipun sangsaya mindhak ageng; kurbanipun sok-sokan rah kawula boten tumut nyaosaken; namanipun ugi boten kula ucapaken ing lambe kawula.

5Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang dados panduman warisan saha tuwung kawula. Paduka piyambak ingkang murugaken panduman ingkang kaundhekaken dhateng kawula saged lestantun.

6Dhawahipun tangsul pangukur ingkang kangge kawula wonten ing papan ingkang nengsemaken; siti pusaka kawula ngresepaken manah kawula.

7Aku ngalembana marang Sang Yehuwah, kang paring pitedah marang aku; malah ing wayah bengi aku digegulang dening telenging batinku.

8Aku tansah madhep marang Sang Yehuwah, manawa Panjenengane jumeneng ana ing tengenku, aku mesthi ora nganti keguh.

9Mulane atiku bungah-bungah lan nyawaku asurak-surak, malah dagingku bakal manggon kalawan tentrem.

10Amargi Paduka boten masrahaken kawula dhateng ing teleng palimengan; Paduka boten marengaken manawi kekasih Paduka ngantosa sumerep kluwat.

11Paduka ingkang nedahaken margining gesang dhateng kawula; kabingahan pinanggih luber wonten ing ngarsa Paduka; ing asta Paduka ingkang tengen wonten kanikmatan ingkang langgeng.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel