Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 21 >> 

MASMUR 21; Kidung panuwun marga Sang Prabu unggul

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. (21-2) Dhuh Yehuwah, Sang Prabu suka rena margi saking pangwaos Paduka, sanget ing bingahipun margi saking kaunggulan peparing Paduka!

2(21-3) Sapangesthining panggalihipun sampun Paduka paringi, saha panyuwun ingkang kawedal saking lathinipun boten Paduka tampik. (Selah)

3(21-4) Dene sampun Paduka pethuk kalayan berkah ingkang luber; saha Paduka agemi makutha kancana murni ing mastakanipun.

4(21-5) Panjenenganipun nyuwun gesang dhumateng Paduka; lajeng Paduka paringi, ugi sampun Paduka paringi yuswa panjang ing salajengipun saha ing salaminipun.

5(21-6) Kaluhuranipun linangkung margi saking kaunggulan peparing Paduka, punapa dene Paduka paringi kaunggulan kaliyan kamulyan.

6(21-7) Panjenenganipun Paduka dadosaken berkah ing salaminipun; Paduka kebaki ing kabingahan wonten ing ngarsa Paduka.

7(21-8) Amargi Sang Prabu kumandel dhumateng Sang Yehuwah, saha margi saking sih-kadarmanipun Ingkang Mahaluhur panjenenganipun boten keguh.

8(21-9) Asta Paduka badhe namani sakathahipun mengsah Paduka, ingkang sengit dhumateng Paduka sami badhe ketaman ing asta Paduka ingkang tengen

9(21-10) sami badhe Paduka dadosaken kadosdene pawon murub, samangsa Paduka ngatingal, dhuh Yehuwah. Bebendunipun Yehuwah badhe nguntal tiyang wau sedaya, sarta sami badhe kamangsa ing latu.

10(21-11) Turunipun badhe Paduka sirnakaken saking bumi, tuwin tedhak turunipun saking antawisipun para anaking manungsa.

11(21-12) Manawi badhe damel cilaka panjenengan dalem, sarta nganam-anam piawon, sami tanpa daya.

12(21-13) Malah badhe Paduka damel sami lumajeng sadaya, sendhenging gandhewa Paduka, Paduka arahaken dhateng rainipun.

13(21-14) Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng kanthi pangwaos Paduka! Kawula lajeng sami ngidung saha ngrepekaken masmur tumuju dhateng ing kasantosan Paduka.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel