MASMUR 46; Gusti Allah iku kutha beteng kita
1Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Lagune: Alamot. Kidungan. (46-2) Gusti Allah iku dadi papan pangayoman lan karosan kita, nyata banget kang mitulungi sajroning karubedan.
2(46-3) Mulane kita ora bakal miris, sanadyan bumi ngantia ngalih panggona, tuwin gunung-gunung padha gonjing ana ing telenging segara;
3(46-4) sanadyan gumuruh sarta banyune munthuk, sarta sanadyan gunung padha horeg marga saka molak-maliking alun. (Selah)
4(46-5) Ana bengawan kang iline mbungahake kuthaning Allah, padalemane Kang Mahaluhur.
5(46-6) Gusti Allah ana ing kono, mula ora bakal gonjang-ganjing, sarta bakal dipitulungi dening Gusti Allah ing wayah bangun esuk.
6(46-7) Para bangsa padha geger, sakehing karajan padha gonjing, Panjenengane ngedalake swarane, bumi temah ajur mumur.
7(46-8) Pangeran Yehuwah Gustining kang sarwa dumadi nunggil karo kita, Allahe Rama Yakub iku dadi beteng kita. (Selah)
8(46-9) Mara padha lungaa, sawangen pakaryane Sang Yehuwah, kang nuwuhake tetumpesan ana ing bumi,
9(46-10) kang ngendhakake peperangan nganti tumeka ing pungkasaning bumi, kang mutung gandhewa sarta mapakake tumbak, kang ngobongi kareta perang kalawan geni.
10(46-11) “Menenga lan ngretia, manawa Ingsun iku Allah! Ingsun kaluhurake ana ing tengahing para bangsa, linuhurake ana ing bumi!”
11(46-12) Pangeran Yehuwah Gustining kang sarwa dumadi nunggil karo kita, Allahe Rama Yakub iku beteng kita. (Selah)