Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 48 >> 

MASMUR 48; Sion, kuthane Gusti Allah

1Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh. (48-2) Pangeran Yehuwah iku Mahaagung lan luwih dening pinuji-puji ana ing kuthane Gusti Allah kita!

2(48-3) Gununge kang suci, kang munggul endah, iku minangka kasenenganing sajagad rat; gunung Sion iku prenahe adoh ing sisih lor, kuthane Sang Nata Agung.

3(48-4) Ana ing kadhaton-kadhatone Gusti Allah nedahake manawa Panjenengane iku dadi beteng.

4(48-5) Amarga awasna, para raja padha ngumpul, sarta padha bebarengan mangsah nempuh;

5(48-6) bareng padha ndeleng marang kutha iku padha kaebatan; kaget, banjur padha mlayu sarsaran.

6(48-7) Dumadakan padha geter ana ing kono, padha lara kaya wong wadon kang nglarani arep duwe anak.

7(48-8) Paduka ngremuki baita-baita Tarsis, kaliyan prahara saking wetan.

8(48-9) Kayadene pangrungu kita, iya kaya mangkono pandeleng kita, ana ing kuthaning Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, ing kuthaning Allah kita; Gusti Allah kang nyantosakake iku langgeng ing salawase. (Selah)

9(48-10) Dhuh Allah, wonten ing padaleman Paduka, kawula sami ngenget-enget dhateng sih-kadarman Paduka.

10(48-11) Dhuh Allah, kadosdene asma Paduka, makaten ugi misuwur Paduka, ngantos dumugi ing pungkasaning bumi, asta tengen Paduka kebak kaadilan.

11(48-12) Redi Sion kajengipun abingah-bingah; para putrinipun Yahuda kajengipun asurak-surak margi saking paukuman Paduka!

12(48-13) Padha lumakua ngubengi Sion, padha ngubengana sakempute, etungen menarane,

13(48-14) tamatna balowartine, dlajahana kraton-kratone, supaya kowe padha bisa nyaritakake marang anak-putu.

14(48-15) Sanyatane iki Gusti Allah, iya Panjenengane iku Allah kita ing sabanjure lan ing salawase! Iya Panjenengane iku kang nuntun kita.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 48 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel