Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 54 >> 

MASMUR 54; Pandonga ing sajrone adu-arep karo mungsuh

1Kanggo lurah pasindhen. Binarung ing swaraning clempung. Kidung piwulange Prabu Dawud, (54-2) rikala wong ing Zifi padha seba marang ing ngarsane Prabu Saul lan munjuk: “Dawud ndhelik wonten ing panggenan kawula.” (54-3) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa mitulungi kawula margi saking asma Paduka, kawula mugi Paduka paringi kaadilan margi saking kasantosan Paduka.

2(54-4) Dhuh Allah, Paduka karsaa miyarsakaken pandonga kawula, sarta mugi karsaa nilingaken unjukipun cangkem kawula.

3(54-5) Awit wonten tiyang kumingsun ingkang sami nglawan kawula; tiyang ingkang gumunggung sami ngangkah nyawa kawula; tiyang-tiyang wau sami boten maelu dhateng Gusti Allah. (Selah)

4(54-6) Satemene Gusti Allah iku kang mitulungi aku; Pangeran iku kang ngemong uripku.

5(54-7) Pialane nampeka marang satru-satruku, mugi sami Paduka tumpes awit saking kasetyan Paduka.

6(54-8) Kawula badhe nyaosi kurban kanthi eklasing manah, dhuh Yehuwah, kawula badhe memuji asma Paduka, amargi asma Paduka punika sae.

7(54-9) Amargi Paduka ngluwari kawula saking sakathahing karibedan, saha mripat kawula nyawang dhateng mengsah kawula.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 54 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel