MASMUR 61; Pandonga kagem Sang Prabu
1Kanggo lurah pasindhen. Binarung swaraning clempung. Anggitane Prabu Dawud. (61-2) Dhuh Allah, mugi karsaa miyarsakaken pasambat kawula, pandonga kawula mugi katilingna!
2(61-3) Saking pungkasaning bumi kawula nyebut asma Paduka, amargi manah kawula lesu nglentrih, Paduka mugi karsaa nuntun kawula minggah ing redi parang ingkang kinggilen tumrap kawula.
3(61-4) Paduka punika saestu dados papan pangayoman kawula, menara ingkang santosa wonten ing ngajenging mengsah.
4(61-5) Kawula mugi Paduka parengaken manggen wonten ing kemah Paduka ing salami-laminipun, sarta ngayom wonten ing aubing swiwi Paduka! (Selah)
5(61-6) Dhuh Allah, Paduka saestu sampun midhangetaken nadar kawula, sampun nyembadani panyuwunipun para tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka.
6(61-7) Paduka mugi karsaa mewahi yuswanipun Sang Prabu, taun-taun sugengipun sageda ngantos turun-tumurun.
7(61-8) Mugi anggenipun jumeneng ratu wonten ing ngarsanipun Gusti Allah saged lestantun ing salami-laminipun, sih-kadarman tuwin kasetyan Paduka kadhawuhana ngreksa panjenenganipun.
8(61-9) Kawula badhe ngidungaken asma Paduka klayan masmur ing salaminipun, saha ngluwari nadar kawula ing sadinten-dintenipun.