Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 73 >> 

Jilid III: MASMUR 73--89; Perang sajroning batin lan pangarep-arep

1Masmur anggitane Asaf. Satemene Gusti Allah iku becik tumrap para wong kang mulus atine, lan kang resik atine.

2Nanging aku, kurang sathithik bae sikilku keplesed, aku meh keplesed.

3Amarga panas atiku marang para wong kang gumunggung, manawa aku meruhi kabegjane wong duraka.

4Awit iku ora padha nandhang lara, awake waras lan lemu;

5ora padha ngrasakake susahing manungsa, lan ora padha kena ing bebendu kaya wong liyane.

6Mulane padha akalung piangkuh, tuwin panganggone arupa panganiaya.

7Amarga saka lemune, kaluputane katon ngegla, atine mbludag ing pandakwa.

8Padha nyemoni lan muni-muni kanthi patrap kang ala, bab panganiaya padha dirembug kalawan gumunggung.

9Padha ngangapake cangkeme nglawan marang langit, lan ilate ngumukake awake ana ing bumi.

10Marga saka iku wong padha bali marani dheweke kabeh, katone kaya banyu kang kimplah-kimplah.

11Sarta pangucape: “Kapriye Gusti Allah anggone mirsa bab iku, apa Kang Mahaluhur iku kadunungan kawruh?”

12Lah kaya mangkono iku kaanane para wong duraka: padha golek undhaking barang-darbeke sarta seneng-seneng ing salawase!

13Rak tanpa guna anggonku njaga resiking atiku, sarta anggonku wisuh tangan, minangka tandhaning tanpa kaluputan.

14Ewadene ing sadina muput anggonku kena ing bebendu, sarta saben esuk ora sepi ing paukuman.

15Saupami kawula wicanten: “Aku arep calathu mangkono,” dados kawula sajatosipun cidra dhateng gelenganing para putra Paduka.

16Nanging bareng aku duwe karep arep nyumurupi, bab iku katon angel ana ing mripatku,

17nganti aku lumebu marang pasucening Allah, banjur nggatekake wekasane para wong mau.

18Inggih, tiyang punika sami Paduka papanaken wonten ing panggenan ingkang lunyu, lajeng Paduka dhawahaken temah remuk.

19Saestu sanget sangsaranipun ing sakedhap netra punika, sami sirna, tumpes margi saking pagiris.

20Sami kados impenipun tiyang satanginipun tilem, dhuh Pangeran, samangsa tangi, rupinipun Paduka galih asor.

21Nalika manah kawula sanget sisah, saha ginjel kawula raosipun kados tinuwek-tuwek,

22kawula rumaos bodho saha boten mangretos, kados kewan wonten ing ngarsa Paduka.

23Nanging kawula lestantun celak kaliyan Paduka; Paduka nganthi tangan kawula tengen.

24Margi saking pitedah Paduka, Paduka tuntun, sarta ing wekasanipun Paduka pulung dhateng kamulyan.

25Wonten ing swarga kawula nggadhahi sinten malih kejawi Paduka? Wonten ing bumi kawula boten melik punapa-punapa kejawi Paduka.

26Sanadyan daging lan manah kawula telas, sirna, ing salaminipun tetep Gusti Allah ingkang dados peparang saha panduman kawula.

27Awit sajatosipun sinten ingkang tebih kaliyan Paduka, punika sami badhe dhumawah ing karisakan; sadaya tiyang ingkang lampah jina kalayan nilar Paduka punika mesthi Paduka bengkas.

28Nanging kawula, kawula remen celak kaliyan Gusti Allah; Pangeran Allah ingkang kawula anggep dados pangayoman kawula, supados kawula saged nyariyosaken sakathahing pakaryanipun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 73 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel