Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 10 >> 

1Kang padha ngecapi layang prajanjian mau yaiku: Sang Nehemya bin Hakhaliya, kepala dhaerah lan Zedekia,

2Seraya, Azarya, Yeremia,

3Pasyhur, Amarya, Malkia,

4Hatus, Sebanya, Malukh,

5Harim, Meremot, Obaja,

6Dhaniel, Gineton, Barukh,

7Mesulam, Abia, Miyamin,

8Maazya, Bilgai lan Semaya. Iku para imam.

9Dene saka para wong Lewi: Yesua bin Azanya, Benui, panunggalane bani Henadad, Kadmiel.

10Lan para sadulure, yaiku: Sebanya, Hodia, Kelita, Pelaya, Hanan,

11Mikha, Rehob, Hasabya,

12Zakur, Serebya, Sebanya,

13Hodia, Bani lan Beninu.

14Lan saka para panggedhening bangsa yaiku: Sang Paros, Pahat-Moab, Elam, Zatu, Bani,

15Buni, Azgad, Bebai,

16Adhonia, Bigwai, Adin,

17Ater, Hizkiya, Azur,

18Hodia, Hasum, Bezai,

19Harif, Anatot, Nebai,

20Magpias, Mesulam, Hezir,

21Mesezabeel, Zadok, Yadua,

22Pelaca, Hanan, Anaya,

23Hosea, Hananya, Hasub,

24Halohesy, Pilha, Sobek,

25Rehum, Hasabna, Maaseya,

26Ahia, Hanan, Anan,

27Malukh, Harim lan Baana.

28Lan wong liyane yaiku: para imam, para wong Lewi, para jaga gapura lan para pasindhen, para abdi ing padalemaning Allah lan sakehing wong kang wus padha misah saka para bangsa kang manggon ing kono, banjur madhep marang angger-anggere Gusti Allah, mangkono uga bojone lan anak-anake lanang wadon lan uga sakhehe wong kang wus padha diwasa temah bisa mangreti.

29Iku padha ngumpul karo sadulur-sadulure, yaiku para panggedhene. Padha prajanji kalawan supata yen bakal manut marang angger-anggere Gusti Allah kang diparingake lumantar Nabi Musa, abdine Gusti Allah iku, sarta bakal netepi lan ngestokake sakehing pepakene Sang Yehuwah, yaiku Gustiku kabeh, sarta saliring pranatan lan katetepane.

30Apadene aku ora bakal padha ngomah-omahake anak-anakku wadon oleh wong bangsa kang manggon ing kono, tuwin iya ora ngalap anak-anake wadon dadi somahe anak-anakku lanang.

31Lan manawa wong bangsa ing nagara kono padha nawakake dagangan utawa gandum warna-warna ing dina Sabat, mesthi padha ora daktuku, dadia ing dina Sabat utawa ing dina sengkeran liyane. Sarta maneh aku bakal padha ngetogake mangkono bae pametuning bumi ing taun kapitu lan ora bakal nagih piutang.

32Sabanjure aku padha ngewajibake awakku dhewe kabeh, asok sapratelon sekel saben taun, kanggo pangibadah ana ing padalemane Gusti Allahku,

33kanggo wragade roti sesaosan, kurban dhaharan ajegan, tuwin kurban obaran ajegan, uga kanggo ing dina-dina Sabat lan saben pendhak tanggal sapisan, apadene wragade sakehing riyaya kang katemtokake, kanggo pisungsung suci, lan kurban panebusing dosa, kanggo nganakake pirukun tumrap wong Israel sarta kanggo sarupaning pagawean ing padalemane Gusti Allahku.

34Sarta kalawan nguncalake undhi aku kabeh, yaiku para imam, para wong Lewi lan wong lumrah, padha netepake sawijining patrap nyawisake kayu obong. Kayu iku kudu kagawa menyang ing padalemaning Allah, giliran, dening golonganing kulawargaku kabeh, ing wektu-wektu kang wus katemtokake ing saben taun, supaya ing misbyahe Sang Yehuwah, Gusti Allahku, ana geni kang murub, netepi apa kang katulisan ana ing kitab Toret.

35Sarta maneh aku iya bakal padha nyaosake kawitaning pametuning bumiku, lan kawitane sakehing wohe karang kitri menyang ing padalemane Sang Yehuwah ing saben taun.

36Mangkono uga anakku lanang pembarep lan anaking kewanku lanang pembarep bakal padha daksaosake marang ing padalemaning Allahku, yaiku marang para imam, kang nganakake kebaktian ana ing padalemaning Allahku, kaya kang katulisan ana ing kitab Toret. Uga pedhet-pedhetku lan cempe-cempeku kang pembarep.

37Lan kawitane glepungku sair tuwin sakehing pisungsungku kang mligi, wohing sarupaning karang kitri, anggur lan lenga bakal dakgawa menyang ing ngarepe para imam, ing kamar-kamare padalemaning Allahku, sarta pisungsung saprasapuluhane sakehing pametuning bumiku marang para wong Lewi, amarga iya para wong Lewi iku kang narik pisungsung prasapuluhan ing sakehing kutha-kutha patanenku.

38Sarta manawa para bani Lewi padha mupu pisungsung prasapuluhan mau, padha kinanthenan imam, tedhake Imam Harun. Sabanjure para wong Lewi iku bakal nggawa saprasupuluhe pisungsung prasapuluhan mau menyang ing padalemaning Allahku, menyang ing kamar-kamare gedhong parawatan.

39Amarga wong Israel lan wong Lewi kudu nggawa pisungsung mligi kang arupa gandum, anggur lan lenga menyang ing kamar-kamar mau. Ing kono ana piranti-piranti papan pasucen, uga panggonane para imam kang nganakake pangibadah, apadene para jaga gapura lan pasindhen. Aku ora bakal padha ngedhagake padalemane Allahku.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nehemia 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel