Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 11 >> 

Daftare para wong kang padha manggon ana ing kutha Yerusalem lan Yehuda

1Para panggedhening bangsa padha dedalem ana ing Yerusalem, dene kekarene padha ngumbulake undhi, kagawe nemtokake wong siji saben sapuluhe kang oleh manggon ana ing kutha suci Yerusalem, nuli kang sanga manggon ana ing kutha-kutha liyane.

2Wong-wong padha ngalembana, saben wong kang kanthi eklas manggon ana ing Yerusalem.

3Iki pratelane bab para penggedhening propinsi Yehuda kang dedalem ana ing Yerusalem, dene ing kutha-kutha ing tanah Yehuda wong Israel padha manggon ing tanah darbeke dhewe-dhewe ana ing kuthane dhewe-dhewe: yaiku wong lumrah, para imam, para wong Lewi, para abdi ing padalemaning Allah lan turune para abdine Prabu Suleman.

4Bani Yehuda lan bani Benyamin kang padha manggon ana ing Yerusalem yaiku: saka bani Yehuda: Ataya bin Uzia, bin Zakharia, bin Amarya bin Sefaya bin Mahalaleel, bin Peres,

5lan Maaseya bin Barukh bin Kolhoze bin Hazaya bin Adaya bin Yoyarib bin Zakharia, turune wong Syela.

6Sakehe bani Peres kang manggon ana ing Yerusalem, gunggunge ana patang utus sewidak wolu, padha wong gagah prakosa.

7Lan iki turune bani Benyamin: Salu bin Mesulam bin Yoed bin Pedaya bin Kolaya bin Maaseya bin Itiel bin Yesaya.

8Nuli Gabai, Salai: gunggunge sangang atus wolulikur.

9Yoel bin Zikhri kang dadi kepalane, dene Yehuda bin Hasenua dadi wakile kang nguwasani kutha.

10Saka para imam: Yedaya bin Yoyarib, Yakhin,

11Seraya bin Hilkia bin Mesulam bin Zadok bin Merayot bin Ahitub, lelurahing Padaleman Suci,

12lan para sadulure kang ngladeni ana ing padaleman kono: wolung atus rolikur. Uga Adaya bin Yeroham bin Pelalya bin Amzi bin Zakharia bin Pasyhur bin Malkia,

13sarta para sadulure, panggedhening kulawangsa: rong atus patang puluh loro. Lan Amasai bin Asareel bin Akhzai bin Mesilemot bin Imer,

14lan para sadulure, para prawira gagah prakosa, satus wolulikur, kang dadi kepalane Zabdiel bin Gedolim.

15Saka para wong Lewi: Semaya bin Hasub bin Azrikam bin Hazabya bin Buni.

16Mangkono uga Sabetai lan Yozabad panggedhening para wong Lewi, kang mriksa pagawean ing sajabaning padalemaning Allah.

17Nuli Matanya bin Mikha bin Zabdi bin Azaf, pemimpin kang pinatah ngrepekake kidung panuwun ing pandonga, lan Bakbukya, wong kang kapindho saka antarane para sadulure, lan Abda bin Samua bin Galal bin Yedutun.

18Sakabehe wong Lewi ing kutha suci ana rong atus wolung puluh papat.

19Para jaga gapura: Akub lan Talmon karo para sadulure, kang padha jaga ana ing gapura: satus pitung puluh loro.

20Saluwihe para wong Israel kang lumrah lan para imam sarta para wong Lewi padha manggon ana ing sakehe kutha ing tanah Yehuda ing tanah pusakane dhewe-dhewe.

21Nanging para abdi ing padalemane Gusti Allah padha manggon ana ing Ofel. Ziha lan Gispa kang nglurahi para abdi ing padalemaning Allah iku.

22Kang nglurahi para wong Lewi ing Yerusalem: Uzi bin Bani bin Hasabya bin Matanya bin Mikha saka bani Azaf, yaiku para pasindhen kang ngidung sajroning pangibadah ana ing padalemaning Allah.

23Amarga tumrap wong-wong iku ana dhawuhe Sang Prabu kang netepake pranatan tumrap para pasindhen miturut kaperluwane ing saben dina.

24Petahya bin Mesezabeel saka bani Zerah bin Yehuda dibiyantokake marang Sang Prabu tumrap samubarang kang magepokan karo bangsa iku.

25Mungguh papan panggonan ing dhaerah pategalan bani Yehuda ana saperangan kang manggon ing Kiryat-Arba lan sawewengkone, ing Dibon lan sawewengkone sarta ing Yekabzeel lan desa-desane.

26Ing Yesua, ing Molada lan ing Bet-Pelet,

27ing Hazar-Sual, ing Bersyeba sawewengkone,

28ing Ziklag, ing Mekhona sawewengkone,

29ing En-Rimon, Zora, Yarmut,

30Zanoah, Adulam lan desa-desane, ing Lakhis sapategalane ing Azeka lan sawewengkone. Mangkono anggone padha manggon wiwit saka ing Bersyeba nganti tumeka ing lebak Hinom.

31Lan bani Benyamin manggon wiwit ing Geba, ing Mikhmas, ing Aya, ing Betel lan sawewengkone,

32ing Anatot, Nob lan Ananya,

33ing Hazor, Rama lan Gitaim,

34ing Hadid, Zeboim lan Nebalat,

35ing Lod lan ing Ono, ing Lebak Tukang.

36Sawatara golongane wong Lewi saka Yehuda padha ngumpul karo wong Benyamin.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nehemia 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel