Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 12 >> 

Pratelane bab para imam lan para wong Lewi

1Iki pratelane bab para imam lan para wong Lewi, kang bali mulih bareng karo Sang Zerubabel bin Sealtiel lan Yesua: Seraya, Yeremia, Ezra,

2Amarya, Malukh, Hatus,

3Sekhanya, Rehum, Meremot,

4Ido, Ginetoi, Abia,

5Miyamin, Maaja, Bilga,

6Semaya, Yoyarib, Yedaya,

7Salu, Amok, Hilkia, lan Yedaya, iku para pangarepe imam kanthi para sadulure, nalika jamane Yesua.

8Mungguh para wong Lewi yaiku: Yesua, Binui, Kadmiel, Serebya, Yehuda lan Matanya. Matanya iki lan para sadulure padha nuntun manawa ngrepekake kidung panuwun,

9dene Bakbukya lan Uni sarta para sadulure padha ngadeg ana ing ngarepe gegolongan manut bubuhane.

10Yesua nurunake Yoyakim, Yoyakim nurunake Elyasib, Elyasib nurunake Yoyadha,

11lan Yoyadha nurunake Yonatan, dene Yonatan nurunake Yadua.

12Nalika jamane Yoyakim mau kang dadi imam para panggedhene kulawangsa yaiku: Meraya saka kulawangsane Seraya, Hananya saka kulawangsane Yeremia,

13Mesulam saka kulawangsane Ezra, Yohanan saka kulawangsane Amarya,

14Yonatan saka kulawangsane Melikhu, Yusuf saka kulawangsane Sabanya,

15Adna saka kulawangsane Harim, Helkai saka kulawangsane Merayot,

16Zakharia saka kulawangsane Ido, Mesulam saka kulawangsane Gineton,

17Zikhri saka kulawangsane Abia saka kulawangsane Minyamin; Piltai saka kulawangsane Moaja,

18Samua saka kulawangsane Bilga, Yonatan saka kulawangsane Semaya,

19Matnai saka kulawangsane Yoyarib, Uzi saka kulawangsane Yedaya,

20Kalai saka kulawangsane Salai, Heber saka kulawangsane Amok,

21Hasabya saka kulawangsane Hilkia lan Netaneel saka kulawangsane Yedaya.

22Mungguh para wong Lewi iku para panggedhening kulawargane padha kacathet nalika jamane Elyasib, Yoyadha, Yohanan lan Yadua, dene para imam kacathet nganti nalika jumenenge Sang Prabu Dharius, ratu ing Persi.

23Para panggedhening kulawangsane bani Lewi padha kacathet ana ing buku sejarah nganti jamane Yohanan bin Elyasib.

24Para panggedhening kulawangsane bani Lewi yaiku: Hasabya, Serebya, Yesua bin Kadmiel lan para sadulure kang padha ngadeg ana ing ngarepe, nalika padha ngrepekake pepujian lan panuwun, ngetrepi dhawuhe Sang Prabu Dawud, abdine Gusti Allah, apepanthan jejer-jejer.

25Matanya, Bakbukya, Obaja, Mesulam, Talmon lan Akub, iku padha dadi jaga gapura, kang kapatah jaga ana ing gudhang-gudhang piranti ing gapura.

26Wong-wong iku uripe nalika jamane Yoyakim bin Yesua bin Yozadak lan ing jamane Sang Bupati Nehemya lan Imam Ezra, ahli kitab.

Nucekake balowartine kutha Yerusalem

27Nalika balowartine kutha Yerusalem kasucekake, para wong Lewi padha ditimbali saka ing sakehe papan panggonane, kadhawuhan nglumpuk ana ing Yerusalem, supaya padha nucekake balowarti mau kalawan gambira, kambi ngucap sukur lan ngrepekake kidung, binarung swaraning kecer, slukat lan clempung.

28Para pasindhen banjur padha nglumpuk saka king wewengkon ing sakiwa-tengene Yerusalem lan saka ing desa-desane wong Netofa,

29saka ing Bet-Gilgal, saka ing ara-ara ing Geba lan Asmawet, awit para pasindhen mau padha ngadegake desa-desa ana ing sakubenge Yerusalem.

30Para imam tuwin para wong Lewi sawuse nucekake badan, tumuli uga nucekake wong saumat kabeh lan uga gapurane tuwin balowartine.

31Aku banjur akon para panggedhening wong Yehuda munggah ing dhuwur balowarti lan banjur ndhapuk juru ngidung rong golongan gedhe. Kang siji lumaku ana ing dhuwur balowarti manengen menyang ing gapura Pawuhan.

32Ing saburine Hosaya karo saduman saka para panggedhene wong Yehuda,

33uga Azarya, Ezra, Mesulam,

34Yehuda, Benyamin, Semaya lan Yeremia,

35lan para imam kang padha nggawa kalasangka yaiku: Zakharia bin Yonatan bin Senaya bin Matanya bin Mikha bin Zakur bin Azaf,

36lan para sadulure, yaiku: Semaya, Azareel, Milalai, Gilalai, Maai, Netaneel, Yehuda lan Hanani karo unen-unene Sang Prabu Dawud, abdining Allah, dene Ezra, ahli kitab, lumaku ana ing ngarepe.

37Bareng tekan ing gapura Sendhang, banjur padha munggah ing undhak-undhakaning kuthane Prabu Dawud, ing unggah-unggahaning balowarti kang ngliwati kadhatone Prabu Dawud, tutug ing gapura Banyu sisih wetan.

38Golongan pangidung sijine lumaku mangiwa lan aku ngetutake karo saperanganing rakyat ngliwati balowarti lan menara Prapen tumeka ing balowarti Amba.

39Aku tumuli padha ngliwati gapura Efraim, gapura Lawas, gapura Iwak, menara Hananeel lan menara Mea nganti tekan ing gapura Wedhus Gembel. Tumuli padha mandheg ana ing gapura Pajagan.

40Sawuse iku golongan pangidung loro mau banjur padha ngadeg ana ing padalemaning Allah. Mangkono uga aku lan saperanganing para panggedhe,

41lan para imam, yaiku: Elyakim, Maaseya, Minyamin, Mikha, Elyoenai, Zakharia, Hananya kambi nyekel kalasangka,

42lan Maaseya, Semaya, Eleazar, Uzi, Yohanan, Malkia, Elam lan Ezer. Para pasindhen banjur ngrepekake kidung katuntun dening Yizrahya.

43Ing dina iku wong padha nyaosake kurban sembelehan akeh banget. Padha bungah-bungah amarga diparingi kabungahan kang luwih gedhe dening Gusti Allah. Dalasan para wong wadon lan bocah-bocah iya padha bungah-bungah, temah karamean Yerusalem iku keprungu nganti adoh.

Tanggungan tumrap panguripane para imam lan para wong Lewi

44Ing wektu iku ana wong sawatara kang dipatah nglurahi kamar-kamar parawatan, kamar-kamar pisungsung mligi, panenan kawitan tuwin pisungsung prasupuluhan, supaya sumbangan kang manut pranatan dadi pandumane para imam lan para wong Lewi lan kang cundhuk karo kaanane pategalane saben kutha, diklumpukake ana ing kamar-kamar kono. Awit bani Yehuda padha bungah-bungah ing ngatase para imam sarta para wong Lewi kang padha nindakake ayahan.

45Amarga wong-wong iku kang padha nindakake kawajiban leladi marang Gusti Allah lan padha kawajiban nucekake, mangkono uga para pasindhen lan jaga gapura, cundhuk karo pranatane Sang Prabu Dawud lan Sang Prabu Suleman, putrane.

46Amarga wus wiwit jaman biyen, nalika jamane Sang Prabu Dawud lan Asaf, ana lurah pasindhen, ana kidung pamuji lan kidung panuwun kang kagem Gusti Allah.

47Nalika jamane Sang Zerubabel lan Sang Nehemya sakehe wong Israel padha ngaturake pasumbang kanggo para pasindhen lan para jaga gapura minangka cadhong ing saben dinane lan ngaturake pisungsung suci marang para wong Lewi. Lan para wong Lewi padha ngaturake pisungsung suci marang para putra-putrane Imam Harun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nehemia 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel