Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 13 >> 

Kasetyane Sang Nehemya marang angger-angger

1Ing nalika iku perang-perangane kitabe Nabi Musa kawaca lan karungokake dening rakyat. Ing kitab kono tinemu ana tulisan kang mratelakake, manawa wong Amon lan wong Moab iku ing salawase ora kena lumebu ing pasamuwane Gusti Allah.

2Amarga padha ora gelem mapag wong Israel kalawan suguhan roti lan banyu, nanging malah ngopahi Bileam supaya nglawan lan ngipat-ipati wong Israel. Nanging ipat-ipate iku diwalik dening Gusti Allah dadi berkah.

3Bareng wong-wong padha krungu pamacane Toret iku, sakehing pranakan banjur padha dipisahake saka wong Israel.

4Nanging sadurunge iku Imam Elyasib kang dipatah nglurahi kamar-kamar padalemaning Allahku, lan kang pasrawungane raket karo Tobia,

5nyawisi Tobia mau kamar kang gedhe. Maune kamar iku kanggo nyimpen dhaharan, menyan lan piranti-piranti, apadene pisungsung prasapuluhan tumrap gandum lan anggur sarta lenga kang dadi hake para wong Lewi, para pasindhen, para jaga gapura, tuwin pisungsung mligi kang kanggo para imam.

6Sajrone iku mau kabeh kelakon, aku ora ana ing Yerusalem, amarga ing taun kang kaping telung puluh lorone paprentahane Sang Prabu Artahsasta, ratu ing Babil, aku bali seba marang ing ngarsane Sang Prabu. Nanging sawuse sawatara mangsa aku nyuwun pamit maneh marang panjenengane.

7Satekaku ing Yerusalem, aku banjur nyumurupi pratingkahe Elyasib anggone nguntungake Tobia, yaiku anggone nyawisi kamar ana ing plataraning padalemane Gusti Allah.

8Iku ndadekake pegeling atiku, mulane sakehing barang darbeke Tobia dakbuwangi metu saka ing kamar mau.

9Wasana aku mrentahake supaya kamar iku disucekake, nuli pirantine padalemaning Allah sarta kurban dhaharan lan menyan padha daklebokake mrono maneh.

10Kajaba iku aku uga sumurup, yen para wong Lewi padha ora diwenehi cadhonge, temahan para wong Lewi mau dalah para pasindhen kang padha nduweni kawajiban dhewe-dhewe iku wus padha oncat lunga menyang ing bumine dhewe-dhewe.

11Para kang nyekel pangwasa banjur padha daktutuh kalawan dakkandhani mangkene: “Yagene padalemane Allah kok koktegakake bae?” Para wong Lewi tumuli dakklumpukake sarta dakbalekake maneh menyang ing panggonane dhewe-dhewe.

12Sakehe wong Yehuda banjur padha asok maneh pisungsung prasapuluhan tumrap gandum lan anggur tuwin lenga, kagawa menyang ing kamar pasimpenan.

13Aku tumuli ngangkat lelurahing kamar pasimpenan, yaiku Imam Selemya lan Zadhok, ahli Toret lan Pedaya, wong Lewi, dene Hanan bin Zakur bin Matanya dakbiyantokake mrono amarga wong-wong iku padha dianggep setya. Kabeh padha dipasrahi kawajiban mranata bab anggone mandumi marang para sadulure.

14Dhuh Allah kawula, Paduka mugi enget dhateng kawula awit saking prakawis punika, saha mugi sampun ngantos ngicalaken kasaenan ingkang sampun kawula lampahi tumrap padalemaning Gusti Allah kawula saha sakathahipun paladosan ing ngriku!

15Ing wektu iku aku weruh ing tanah Yehuda ana wong kang padha ngiles-iles pamipitan anggur ing dina Sabat, uga wong kang padha nggawa gedhengan-gedhengan gandum, diemotake ing kuldi, apadene anggur, woh anggur tuwin woh anjir sarta momotan rupa-rupa kang digawa lumebu ing kutha Yerusalem ing dina Sabat. Wong mau nalika pinuju adol bahan pangan, padha dakelingake.

16Uga wong Tirus kang manggon ing kono, padha nggawa iwak loh lan dagangan rupa-rupa diedol ing dina Sabat marang wong Yehuda, tur ana ing Yerusalem.

17Para panggedhene wong Yehuda banjur padha daktutuh, sarta dakkandhani: “Patrap apa kang padha koklakoni iki, dene padha nerak kasucene dina Sabat.

18Para leluhurmu rak iya padha tumindak mangkono, temah Gusti Allah kita ndhatengake bilai marang kita lan marang nagara kene. Apa karepmu arep padha ndadekake bangeting dukane marang Israel, kanthi patrap nerak kasucene dina Sabat?”

19Mulane yen ngarepake dina Sabat ing gapura-gapura Yerusalem wus katon remeng-remeng, aku akon nutup gapura-gapura lan dakprentahake supaya aja diwengakake sadurunge kliwat dina Sabat. Karomaneh aku mapanake wongku sawatara ana ing gapura-gapura, supaya aja ana momotan lumebu ing dina Sabat.

20Nanging para bakul lan kang padha adol barang rupa-rupa pisan pindho padha nginep ana ing sajabaning balowartine Yerusalem.

21Iku nuli dakwelehake lan dakkandhani: “Yagene kowe padha nginep ing ngarepe balowarti. Manawa kowe tumindak mangkono maneh mesthi kowe padha dakcekel.” Wiwit nalika iku padha ora teka maneh ing dina Sabat.

22Aku uga banjur mrentahake marang para wong Lewi supaya sesuci lan njaga gapura amrih sucine dina Sabat. Dhuh Allah kawula, Paduka mugi karsaa enget dhumateng kawula margi saking prakawis punika saha mugi karsaa paring kawelasan dhumateng kawula, miturut sih-susetya Paduka ingkang ageng!

23Ing wektu iku aku uga mrangguli wong Yahudi sawatara kang wus ngalap bojo wong wadon Asdod, wong wadon Amon lan wong wadon Moab.

24Saperangane anak-anake guneman nganggo basa Asdod utawa basane bangsa liya iku, lan ora ngreti basa Yahudi.

25Wong iku padha daktutuh lan dakipat-ipati sarta ana sawatara kang padha dakgitiki sarta dakjambaki rambute lan padha dakkon sumpah demi Allah mangkene: “Poma aja ngomah-omahake anakmu wadon oleh anake lanang bangsa kuwi, lan poma aja ngalap anake wadon bangsa kuwi, kokolehake anak-anakmu lanang utawa kanggo kowe dhewe!

26Sang Prabu Suleman, ratu ing Israel, rak uga dhumawah ing dosa marga saka anane lelakon kang kaya mangkono iku? Sanadyan ing antarane para bangsa pirang-pirang ora ana kang duwe ratu sing kaya panjenengane, kang kinasihan dening Gusti Allahe, apadene wus kajumenengake dadi ratune wong Israel kabeh dening Gusti Allah, ewasamono iya dhumawah ing dosa amarga katut marang garwane kang saka bangsa liyan iku.

27Kang iku apa wong nganti kudu padha krungu anggonmu nglakoni duraka gedhe iku yaiku anggonmu padha ora setya marang Gusti Allah kita jalaran ngalap bojo wong wadon manca?”

28Putrane Imam Agung Yoyadha bin Elyasib ana siji kang wus dadi mantune Sanbalat, wong Horoni, mulane daktundhung saka ing ngarepku.

29Dhuh Allah kawula Paduka mugi ngengeti tiyang punika anggenipun sami ngucemaken kalenggahaning imam, punapa dene prajanjian bab para imam saha para bani Lewi.

30Kaya mangkono anggonku ngresiki wong-wong saka ing samubarang kang saka ing bangsa liyan, apadene para imam lan para wong Lewi padha daktetepake kawajibane lan pagaweane dhewe-dhewe.

31Apa maneh aku uga netepake patrap leladi kayu ing wektu-wektu kang wus katemtokake sarta leladi pametuning bumi kang kawitan. Dhuh Allah kawula, mugi karsaa enget dhumateng kawula, demi karaharjan kawula!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nehemia 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel