Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 7 >> 

Rekadaya kanggo ngayomi kutha

1Bareng balowartine wus rampung, aku banjur masang lawang-lawange. Sawuse iku banjur ngangkat jaga-gapura, pasindhen lan para wong Lewi.

2Kawajiban ngawat-awati Yerusalem dakpasrahake marang sadulurku Hanani lan Hananya, panggedhening beteng, amarga Hananya iku wong kang kena dipracaya lan wedi marang Gusti Allah ngungkuli wong-wong liyane.

3Aku banjur kandha marang wong-wong iku: “Gapura-gapura Yerusalem aja nganti diwengakake sadurunge srengenge panas sumelet, lan lawang-lawange kudu diinebake sarta padha kaslarakna ing sajrone wong isih padha nyambutgawe ana ing panggonane. Apadene padha mataha wong jaga panunggalane wong ing Yerusalem, siji-sijine anaa ing papan pajagan lan ing ngareping omahe.”

Pratelan bab wong-wong kang bali saka ing pambuwangan

4Anadene kutha iku gedhe lan jembar, nanging wong kang manggon ing kono mung sathithik, lan omah-omah durung nganti padha dibangun.

5Gusti Allahku tumuli ngosikake atiku supaya aku nglumpukake para pemimpin lan para panggedhe kang padha nyekel pangwasa lan rakyat, supaya padha kacathetana ing sarasilah. Aku banjur nemu layang sarasilahe wong kang wus luwih dhisik anggone mulih. Ing sajroning cathetan iku tinemu pratelan kaya ing ngisor iki:

6Iki pratelane ing propinsi Yehuda kang padha mangkat mulih saka ing pambuwangan, yaiku para tawanan kang biyen padha diangkatake dening Sang Prabu Nebukadnezar ratu ing tanah Babil, nuli padha bali mulih menyang ing Yerusalem lan ing Yehuda, sawiji-wijine menyang ing kuthane dhewe-dhewe.

7Tekane iku padha kairid dening Sang Zerubabel, Yesua, Nehemya, Azarya, Raamya, Nahamani, Mordekhai, Bilsan, Misperet, Bigwai, Nehum lan Baana. Iki pratelane bab wong-wong bangsa Israel:

8bani Paros: rong ewu satus pitung puluh loro;

9bani Sefaca: telung atus pitung puluh loro;

10bani Arakh: nem atus seket loro;

11bani Pahat-Moab yaiku bani Yesua lan Yoab: rong ewu wolung atus wolulas;

12bani Elam: sewu rong atus seket papat;

13bani Zatu: wolung atus patang puluh lima;

14bani Zakai: pitung atus sawidak;

15bani Binui: nem atus patang puluh wolu;

16bani Bebai: nem atus wolulikur;

17bani Azgad: rong ewu telung atus rolikur;

18bani Adonikam: nem atus sawidak pitu;

19bani Bigwai: rong ewu sawidak pitu;

20bani Adin: nem atus seket lima;

21bani Ater, yaiku bani Hizkia: sangang puluh wolu;

22bani Hasum: telung atus wolu likur;

23bani Bezai: telung atus patlikur;

24bani Harif: satus rolas;

25bani Gibeon: sangang puluh lima;

26wong ing Betlehem lan ing Netofa: satus wolung puluh wolu;

27wong Anatot: satus wolulikur;

28wong ing Bet-Asmawet: patang puluh loro;

29wong ing Kiryat-Yearim, ing Kefira lan ing Beerot: pitung atus patang puluh telu;

30wong ing Rama lan ing Gaba: nem atus selikur;

31wong ing Mikhmas: satus rolikur;

32wong ing Betel lan ing Ai: satus telulikur;

33wong ing Nebo liyane: seket loro;

34bani Elam yaiku Elam liyane: sewu rong atus seket papat;

35bani Harim: telung atus rong puluh;

36wong ing Yerikho: telung atus patang puluh lima;

37wong ing Lod, ing Hadid lan ing Ono: pitung atus selikur;

38bani Senaa: telung ewu sangang atus telung puluh.

39Iki para imam: bani Yedaya, yaiku kulawangsa Yesua: sangang atus pitung puluh telu;

40bani Imer: sewu seket loro;

41bani Pasyhur: sewu rong atus patang puluh pitu;

42bani Harim: sewu pitulas.

43Iki para wong Lewi: bani Yesua lan Kadmiel, lan bani Hodewa: pitung puluh papat.

44Iki para pasindhen: bani Asaf: satus patang puluh wolu.

45Iki para jaga gapura: bani Salum, bani Ater, bani Talmon, bani Akub, bani Hatita, bani Sobai: satus telung puluh wolu.

46Iki para abdi ing padalemane Gusti Allah: bani Ziha, bani Hasufa, bani Tabaot,

47bani Keros, bani Sia, bani Padon;

48bani Lebana, bani Hagaba, bani Salmai;

49bani Hanan, bani Gidel, bani Gahar;

50bani Reaya, bani Rezin, bani Nekoda;

51bani Gazam, bani Uza, bani Paseah;

52bani Besai, bani Meunim, bani Nefusim;

53bani Bakbuk, bani Hakufa, bani Harhur;

54bani Bazlit, bani Mehida, bani Harsa;

55bani Barkos, bani Sisera, bani Temah;

56bani Nesiah, bani Hatifa.

57Iki para turune abdine Sang Prabu Suleman: bani Sotai, bani Soferet, bani Perida;

58bani Yaala, bani Darkon, bani Gidel;

59bani Sefaca, bani Hatil, bani Pokheret-Hazebaim, bani Amon.

60Sakehe abdi ing padalemaning Allah lan turune para abdine Sang Prabu Suleman iku gunggunge telung atus sangang puluh loro.

61Iki wong kang padha mangkat mulih saka ing Tel-Malah, Tel-Harsa, Kerub, Adon lan ing Imer, nanging padha ora bisa nerangake kulawangsane lan asal-usule, apa iya klebu bangsa Israel:

62bani Delaya, bani Tobia, bani Nekoda, gunggung nem atus patang puluh loro;

63lan saka ing panunggalane para imam: bani Habaya, bani Hakos, bani Barzilai. Barzilai iku kang ngrabeni panunggalane anake Barzilai, wong Gilead, banjur karan jenenge kulawarga iku.

64Iku padha niti-priksa, apa jenenge padha kasebut ana ing sarasilah, nanging ora tinemu, mulane banjur kaanggep ora suci lan ora kena dadi imam.

65Lan tumrap wong-wong iku ditetepake dening kepala dhaerah, manawa ora kena mangan sesengkeran kang pinunjul, nganti ana imam kang tumindak kanthi ngasta Urim lan Tumim.

66Sagolongane wong kabeh iku mau gunggunge ana patang puluh loro ewu telung atus sawidak;

67iku kajaba abdine lanang lan wadon, kang cacahe ana pitung ewu telung atus telung puluh pitu. Ing antarane ana pasindhene lanang lan wadon rong atus patang puluh lima.

68Jarane wong-wong mau ana pitung atus telung puluh nenem, bihale rong atus patang puluh lima,

69untane patang atus telung puluh lima, kuldine nem ewu pitung atus rong puluh.

70Panunggalane para panggedhene kulawangsa iku padha nguruni kanggo wragading pagawean, dene kepala dhaerah anggone asok kanggo pasadhiyan waragad rupa mas sewu dirham, bokor panyiraman seket iji lan klambi rangkepan pangagemaning imam limang atus telung puluh.

71Sumbangane para panggedhening kulawangsa kanggo pasadhiyan waragad rupa mas rong puluh ewu dirham, salaka rong ewu rong atus mina.

72Anadene kang disumbangake dening wong liyane rupa mas rong puluh ewu dirham, salaka rong ewu mina, lan klambi rangkepan pangagemaning imam sawidak pitu.

73Anadene para imam, para wong bani Lewi sarta para jaga-gapura apadene pasindhen, tuwin uga saperangane rakyat, para abdi ing padalemane Gusti Allah tuwin para wong Israel liyane kabeh padha manggon ana ing kuthane dhewe-dhewe.

Pamacane layang angger-angger; Riyaya Tarub Ron-ronan

(8-1) Nalika wus nyandhak sasi kapitu, bareng wong Israel wus padha manggon ana ing kuthane dhewe-dhewe,


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nehemia 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel