Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 8 >> 

1(8-2) nuli wong sabangsa kabeh padha sarujuk nglumpuk ana ing plataran sangareping gapura Banyu. Panyuwune marang Imam Ezra ahli kitab, supaya mundhut kitabe Toret Nabi Musa, yaiku kitab angger-angger kang wus kadhawuhake Sang Yehuwah marang Israel.

2(8-3) Ing tanggal sapisan sasi kapitu Imam Ezra banjur ngasta kitab Toret mau menyang ing ngarepe pasamuwan, yaiku pakumpulane wong lanang wadon tuwin sakehe wong kang bisa nampani.

3(8-4) Imam Ezra tumuli maos perangan-perangan sawatara saka kitab iku ana ing ngareping gapura Banyu, wiwit wayah esuk tumeka wayah tengange, ana ing ngarepe wong lanang lan wadon tuwin kang bisa nampani. Wong kabeh padha nggatekake marang pamacane kitab Toret iku.

4(8-5) Imam Ezra, ahli kitab iku, jumeneng ana ing mimbar kayu, kang ginawe pancen kanggo kapreluan iku. Kang ngadeg ana ing sisih tengene: Matica, Sema, Anaya, Uria, Hilkia, lan Maaseya, dene ing sisih kiwane: Pedaya, Misael, Malkia, Hasum, Hasbadana, Zakhariya lan Mesulam.

5(8-6) Imam Ezra banjur mbikak kitab mau, kadeleng dening wong saumat kabeh, amarga anggone jumeneng ngungkuli wong kabeh. Bareng karo pembukake kitab mau wong sapasamuwan padha ngadeg kabeh.

6(8-7) Imam Ezra tumuli memuji marang Sang Yehuwah, Gusti Allah kang mahaagung, sarta wong kabeh padha sumaur: “Amin! Amin!” kanthi ngulukake tangan. Banjur padha jengkeng, sujud nyembah marang Sang Yehuwah, raine konjem ing lemah.

7(8-8) Uga Yesua, Bani, Serebya, Yamin, Akub, Sabetai, Hodia, Maaseya, Kelita, Azarya, Yozabad, Hanan, Pelaya, para wong Lewi, padha mulangake Toret iku marang wong-wong mau, nalika padha ngadeg ana ing panggonane dhewe-dhewe.

8(8-9) Perangan-perangane ing kitab iku, yaiku Torete Gusti Allah, kawacakake kalawan cetha lan diterangake, satemah wong-wong padha ngreti surasane.

9(8-10) Sang Nehemya yaiku kepala dhaerah, karo Imam Ezra, ahli kitab sarta para wong Lewi kang mulang marang wong-wong mau, banjur padha ngandika marang wong sabangsa kabeh: “Dina iki dadi sesengkerane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu. Kowe aja padha prihatin, lan aja nangis.” Amarga wong kabeh padha nangis, nalika krungu surasane Toret.

10(8-11) Tumuli padha didhawuhi mangkene: “Wis muliha, mangana enak, ngombea kang legi lan menehana berkat marang para wong kang ora duwe apa-apa, awit dina iki sesengkerane Gusti kita! Aja padha prihatin, awitdene kabungahan peparinge Sang Yehuwah iku kang dadi pangayomanmu.”

11(8-12) Mangkono uga para wong Lewi padha ngarih-arih marang wong sabangsa kabeh supaya meneng, tembunge: “Diayem awitdene dina iki dina suci. Aja padha prihatin!”

12(8-13) Wong kabeh banjur padha mulih, sarta banjur padha mangan lan ngombe, apadene padha mbage pangan tuwin padha pista-pista, awit wus padha mangreti pangandika kang diterangake mau.

13(8-14) Ing dina kapindhone para panggedhening kulawangsane sabangsa kabeh apadene para imam lan para wong Lewi padha nglumpuk ana ing ngarsane Imam Ezra, ahli kitab, perlu ngrasak-ngrasakake surasane Toret.

14(8-15) Ing kono tinemu ana tulisan kang kamot ing angger-angger kang kaparingake dening Gusti Allah lumantar Nabi Musa, yen ing dina riyaya sasi kapitu Israel padha kakarsakake mondhok ing tarub,

15(8-16) sarta kadhawuhan nggiyarake undhang-undhang marang sakehing kutha-kutha tuwin ing Yerusalem, kang surasane mangkene: “Padha menyanga ing pagunungan, ameka godhong jaitun, godhong wit lenga, godhong wit murad, godhong wit kurma lang godhong wit kang ngrembuyung, kagawe yasa tarub, netepi apa kang katulisan.”

16(8-17) Wong-wong banjur padha lunga amek godhong-godhong mau, sarta padha gawe tarub, ana ing dhuwur payone omahe dhewe-dhewe, ing pakaranganing omahe, uga ing plataraning padalemane Gusti Allah, ing alun-alun sangarepe gapura Banyu, lan ing alun-alun ing sangarepe gapura Efraim.

17(8-18) Wong sapasamuwan kabeh yaiku wong kang padha mulih saka ing pambuwangan, padha gawe tarub, lan manggon ing kono. Pancen wong Israel ora tau nglakoni kang mengkono iku, wiwit jamane Sang Yusak, bin Nun kongsi tumeka ing wektu mau. Nuli padha nganakake pista gedhen-gedhen.

18(8-19) Ing sadina-dina padha diwacakake peranganing kitab Torete Gusti Allah, wiwit dina kapisan nganti dina wekasan. Anggone ngriyayakake sajroing pitung dina, lan ing dina kang kaping wolu padha nganakake parepatan agung, nocogi apa kang wus kapranata.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nehemia 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel