Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Pengkhotbah 10 >> 

Kawusanane kabodhoan

1Laler kang mati njalari mambune lenga jebad gaweane si tukang gawe lenga jebad; mangkono uga kabodhoan sathithik bae iku dayane ngluwihi kawicaksanan lan kaurmatan.

2Atine wong wicaksana iku ngener manengen, dene atine wong gemblung iku mangiwa.

3Uga manawa lumaku ana ing lurung wong bodho iku pikirane iya kethul, saben wong dikandhani, manawa dheweke iku bodho.

4Manawa kowe tinempuh ing bebendu, aja ninggal papanmu, awit kasabaran iku bisa nyegah kasalahan-kasalahan kang gedhe.

5Aku sumurup sawijining piala ana ing sangisoring langit, yaiku kaluputan kang asale saka wong kang nyekel pangwasa:

6Akeh papan kang luhur, kang dilungguhi ing wong bodho, mangka papan kang asor dilungguhi ing wong sugih.

7Aku sumurup batur tukon nunggang jaran, lan para panggedhe padha mlaku dharat kaya batur tukon.

8Sing sapa gawe luwangan bakal kacemplung mrono, lan sing sapa njebol tembok bakal dicokot ing ula.

9Sing sapa mecah watu bakal kelaran; sing sapa nyigar kayu bakal kena ing bebaya.

10Manawa wadunge kethul lan ora diasah, wong banjur kudu ngetokake kakuwatan kang luwih gedhe, nanging kang prelu supaya bisa kasil, iku kawicaksanan.

11Manawa ula anggone nyakot sadurunge dijapa-mantrani, tukang japa-mantra bakal ora oleh gawe.

12Tetembungan kang metu saka ing tutuke wong wicaksana iku sedhep, nanging lambene wong gemblung iku nguntal wong iku dhewe.

13Tembung kawitan kang metu saka ing cangkeme iku goblog, sarta wekasane guneme iku kabodhoan kang mbilaeni.

14Wong bodho iku akeh rembuge, sanadyan wong ora sumurup apa kang bakal kelakon, lan sapa ta kang bakal nyumurupake apa kang bakal kelakon ing sapungkure?

15Kangelane wong bodho iku gawe sayahe wong iku dhewe, amarga ora weruh dalan menyang kutha.

16Bilai kowe he nagara, manawa ratumu bocah cilik lan para pemimpinmu esuk-esuk wus pista!

17Rahayu kowe he nagara, manawa ratumu asale saka golongan pangarep, lan para pemimpinmu padha mangan manawa wus wayahe ing sajrone karosane ora ing sajrone mendem.

18Marga saka kesed, payon ambleg, lan marga saka ora cekat-ceket omah trocoh.

19Supaya bisa ngguyu, wong nganakake bujana, anggur gawe gambiraning ngaurip sarta dhuwit njalari kabeh iku mau bisa tumindak.

20Sanadyan mung dibatin bae aja nganti kowe ngipat-ipati ratu lan ana ing kamar turu kowe aja ngipat-ipati wong sugih, amarga manuk ing awang-awang uga bisa nglantarake pangucapmu, lan kabeh kang mawa swiwi bisa nglantarake apa kang kokucapake.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Pengkhotbah 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel