Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ratapan 2 >> 

Bebendune Gusti Allah marang Sion

1Adhuh lae, putri Sion, banget temen anggone kinemulan ing mendhung dening Pangeran ing sajroning bebendune, kamulyane Israel wus kabuwang Panjenengane saka ing langit menyang ing bumi. Ancik-anciking sampeyane ora diengeti nalika Panjenengane duka.

2Pangeran nyirnakake sakehe pategalane Yakub, ora nganggo pinaringan sih-piwelas. Panjenengane ing sajroning bramatyane nggempuri sakehe betenge putri ing Yehuda. Karajan dalah para panggedhene padha kabanting ing bumi lan didamel sawiyah-wiyah.

3Marga saka mulad-mulading bebendune, sakehe sungune Israel padha dipokahi, nalika mungsuh wus cedhak Pangeran ngingkedake astane tengen, Panjenengane mbesmi Yakub kaya geni kang mulad-mulad kang mangsa ing sakubenge.

4Pangeran menthang gandhewane kaya mungsuh, lan ngacungake astane tengen kaya satru, mateni sakabehe kang nengsemake pandeleng kang ana ing tarube putri Sion, bebendune kaesokake kayadene geni.

5Pangeran wus malih dadi kaya mungsuh, Israel kalebur, sakehing kedhatone karemuk, beteng-betenge padha kadadekake gempuran, kasusahan lan pasambate putri ing Yehuda kadadekake akeh.

6Tarube piyambak karusak kaya kebon, papan masamuwane kabubrah. Ana ing Sion Pangeran Yehuwah wus damel laline wong marang riyaya lan sabat, raja lan imam wus padha ditampik, marga saka bramatyane.

7Pangeran mbucal misbyahe piyambak, pasucene katilar, temboking kadhatone padha dipasrahake marang ing tangane mungsuh; mungsuh mau padha ngumbar swara ana ing Padalemaning Allah, memper kaya kramean ing dina riyaya.

8Pangeran Yehuwah wus damel putusan ndadekake gempuran balowartine putri Sion, kabeh wus diukur srana tali ukuran, astane ora mingsed saka anggone bakal ngrisak, balowarti ing jaba lan ing jero padha kadadekake ngadhuh-adhuh lan ngenes kabeh.

9Gapurane padha ambles ing bumi, Pangeran Yehuwah ngrisak lan nugel-nugel slarake; rajane lan panggedhene padha dumunung ana ing antarane bangsa manca. Ora ana pitedah saka Sang Yehuwah dalah para nabine padha ora tampa wahyu saka Panjenengane.

10Para tuwa-tuwane putri Sion, padha nglosod ana ing lemah, padha nguwur-uwuri awu ing sirahe lan manganggo bagor. Para prawan ing Yerusalem, padha tumungkul konjem ing bumi.

11Mripatku nganti nggerong dening luh, remuk bubuk atiku, atiku ajur mumur, marga tumpese putrine bangsaku, dene bocah cilik lan bayi padha sumaput ana ing ara-araning kutha.

12Padha takon marang biyunge: “Endi rotine lan anggure?”, nalika padha sumaput ana ing alun-alune kutha kaya wong kang gugur ana ing paprangan, sarta padha pegat nyawa ana ing pangkone biyunge.

13He, putri ing Yerusalem, aku bisa mratelakake apa marang kowe, lan kowe kena dakupamakake apa? He, putri kenya ing Sion, kowe kena dakupamakake apa, kanggo nglipur kowe, marga gempuranmu ambane kaya sagara, sapa kang bisa marasake kowe?

14Para nabimu padha nyaritakake marang kowe wahyu kang cidra lan kothong. Padha ora mratelakake kaluputanmu supaya kowe banjur waras maneh. Wangsit-wangsit kang goroh lan nasarake kang dikandhakake marang kowe.

15Sakehe wong kang liwat, padha keplok-keplok marga meruhi kowe, padha ngeses-ngeses lan gedheg-gedheg, tumrap putri ing Yerusalem, ujare: “Apa iki kutha kang kaaranan luwih dening endah, dadi kasenengane wong salumahing bumi kabeh?”

16Sakehe mungsuhmu padha ngunek-unekake kowe, padha ngeses-ngeses lan nggeget untu, ujare: “Iku wus padha daksirnakake!” “La, yaiki dina kang dakarep-arep, wus dakalami lan daksipati!”

17Pangeran Yehuwah wus nindakake apa kang karancang, wus netepi apa kang dadi pangandikane, kang diundhangake wiwit dhek jaman biyen, wus nggempur tanpa pangeman, mungsuh didadekake seneng ing ngatase kowe, sungune satru-satrumu wus didhuwurake.

18Sambat-sambata marang Pangeran kanthi seru, he, putri ing Sion, rina-wengi luhmu milia kaya kali, awakmu aja kokasokake, mripatmu aja nganti leren!

19Tangia, ngadhuh-adhuha ing wayah bengi, ing wiwitaning giliraning jaga bengi; isining atimu esokna kaya banyu, ana ing ngarsaning Pangeran, tanganmu egarna marang Panjenengane, amrih uripe anak-anakmu, kang semaput marga saka luwe, ana ing pojoke lurung-lurung.

20Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mirsani saha niti-priksa, sinten ingkang Paduka etrapi makaten punika, punapa tiyang estri kedah nedha wohing wetenganipun piyambak, inggih bayi-bayi ingkang taksih wonten ing bopongan; punapa imam tuwin nabi kedah dipun pejahi wonten ing pasucenipun Pangeran?

21Nem-neman lan tiyang sepuh, sami gilang-gilang wonten ing margi, prawan-prawan lan jaka-jaka kawula, sami pejah dening pedhang, sami Paduka pejahi nalika Paduka bendu, Paduka pragad tanpa pangowel.

22Kados-kados ing dinten pahargyan Paduka nimbali sadaya ingkang kawula sami ajrihi saking kiwa-tengen. Nalika Pangeran Yehuwah bendu, boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang saged oncat utawi wilujeng. Lare-lare ingkang kawula uthun-uthun saha kawula gula-wenthah, sami dipun pejahi dening mengsah kawula.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ratapan 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel