Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ratapan 4 >> 

Kasangsarane Sion kang nggegirisi

1Adhuh lae, emas iku kok surem temen, emas murni kok malih; watu-watu suci iku padha kabuwang ana ing pojoke saben lurung.

2Para anake Sion kang aji, padha karo kaya emas tuwa, adhuh, kok dipadhakake karo pengaron lemah gaweaning tangane kundhi.

3Sanadyan asu ajag iya ngulungake susune nusoni anake, nanging putrining bangsaku wus dadi mentala, kaya manuk unta ing sagara wedhi.

4Ilate bocah pasuson kraket ing cethake dening kasatan; bocah-bocah padha njaluk roti, nanging ora ana kang ngwenehi.

5Wong kang kulina mangan kang sarwa enak, padha kaluwen ana ing lelurung, kang kulina linggih ing bantal gluga, padha nglemprak ana ing pawuhan.

6Durakaning putrine bangsaku ngungkuli dosane Sodom, kang diwalik sajroning sakedhep netra, tanpa katiban ing tangan.

7Para pemimpine resike ngungkuli salju, lan luwih putih tinimbang susu, abanging awake ngungkuli merjan, pasemone memper watu manila;

8nanging saiki rupane ireng ngungkuli angus, kang ana ing lurung-lurung padha pangling, kulite kelet karo balung-balunge, garing kaya kayu.

9Luwih begja kang kapupu ing pedhang, tinimbang kang mati kaluwen, kang ngenes lan mati marga tegale ora ana pametune.

10Tangane wong wadon kang welasan wus padha ngolah anak-anake, kanggo pangane nalika putrining bangsaku rusak.

11Pangeran Yehuwah wus ngebyukake sakehe bramatyane, ngesokake bebendune kang mulad-mulad, sarta wus nyumed geni ana ing Sion kang mangsa dhasar-dhasare.

12Para raja ing sajagad lan sarupane wong isine donya padha ora pracaya yen mungsuh lan satru bisa lumebu ing gapurane Yerusalem.

13Iku kelakon mangkono marga saka dosane para nabine lan pialane para imame, kang padha ngwutahake getihe wong kang ora luput, kang ana ing satengahe.

14Padha nuk-nukan kaya wong tuna-netra ana ing lurung-lurung, najis dening getih, nganti wong ora bisa nggepok marang sandhangane.

15Paha dielokake: “Sumingkir, najis. Sumingkir, sumingkir, aja nggepok!”, nuli padha lunga lan nglambrang; para bangsa banjur padha ngucap: “Iku padha ora kena manggon ana ing kene maneh!”

16Pangeran Yehuwah piyambak mbuyarake wong-wong mau, bakal ora diudaneni maneh. Para imam padha ora diajeni dalah para wong tuwa iya ora diwelasi.

17Mripatku tansah ngarep-arep pitulungan, nanging tanpa guna; saka menara pajagan olehku ngarep-arep marang bangsa kang ora bisa mitulungi.

18Wong-wong mau padha ndingkik lakuku, nganti aku padha ora bisa metu ing alun-alunku; wus ndungkap ajalku, wus puput uripku, aku wus padha tekan ing wekasaning uripku.

19Kang padha ngoyak-oyak aku rikate ngungkuli manuk garudha ing awang-awang, aku padha diburu ana ing gunung-gunung, lan dicegat ana ing pasamunan.

20Wong kang jinebadan dening Pangeran Yehuwah, napasing uripku kabeh kacemplung ing luwenganing wong-wong mau, wong kang dakkira: “Ana ing pangaubane aku bakal padha urip ana ing tengahe para bangsa.”

21Heh, putri ing Edom, kang manggon ing tanah Us, bungaha lan giyak-giyaka, tuwunge uga bakal tumeka ing kowe, kowe bakal mendem nganti kawudan.

22He, putri ing Sion, kaluputanmu wus ilang, Pangeran Yehuwah ara bakal marengake kowe dibuwang maneh, nanging kaluputanmu, he putri ing Edom, bakal diwales lan dosa-dosamu bakal digelar.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ratapan 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel