Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 12 >> 

Mung siji papane pangibadah

1“Iki katetepan lan pranatan kang kudu padha koklakoni kalawan temen-temen ana ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu marang kowe, supaya dadia darbekmu sajegmu urip ana ing donya iki.

2Sadhengah panggonan, kang bakal kokejegi, kang dienggoni dening bangsa kang ngabekti marang allahe, iku padha gempuren kabeh, iya kang ana ing gunung-gunung kang dhuwur lan ing tengger-tengger apadene ing sangisore saben wit kang nggrembel.

3Misbyah-misbyahe padha rubuhna, tugu-tugune brahala padha remuken lan saka-sakane brahala padha obongen, reca-recane allahe, padha leburen, sarta jenenge padha sirnakna saka ing kono.

4Aja kaya mangkono tandukmu marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

5Nanging panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing sakehe talermu kagem padununganing asmane, kagem njejegake asmane ana ing kono, panggonan iku golekana lan iku paranana.

6Kowe padha mranaa ngladekna kurbanmu obaran lan kurbanmu sembelehan sarta pisungsungmu prasepuluhan lan pisungsungmu mligi, pisungsung punagi lan pisungsungmu manasuka, apadene pembareping sapi lan wedhusmu.

7Sarta ana ing kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah padha mangana, kowe dalah sabrayatmu padha giyak-giyaka, marga kabeh kang padha koktindakake padha diberkahi dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

8Aja padha duwe pratingkah kaya kang padha kita lakoni ana ing kene ing dina iki, yaiku saben wong padha nindakake kang diwawas bener.

9Marga tekan saiki kowe durung padha lumebu ing palereman lan tanah pusaka bakal peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu marang kowe.

10Nanging samangsa kowe wus nyabrang bengawan Yarden lan manggon ing tanah kang bakal diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya dadi duwekmu, lan samangsa Panjenengane wus maringi tentrem uwal saka sakehe mungsuh kang ana ing saubengmu, lan kowe wus padha bisa manggon kalawan ayem,

11kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.

12Kowe nuli padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dhewe, iya anak-anakmu lanang lan wadon, batur-baturmu lanang lan wadon, dalah wong Lewi kang dedunung ana ing panggonanmu, marga iku ora melu nduweni tanah pusaka ing tengahmu.

13Dingati-ati kowe aja nganti nyaosake kurbanmu obaran ing angger panggonan kang koksenengi;

14nanging mung ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah ana ing dhaerahe salah sijining talermu, ana ing kono anggonmu padha nyaosake kurbanmu obaran, lan ana ing kono anggonmu nglakoni sabarang apa kang dakprentahake marang kowe.

15Ewadene kowe kena bae nyembeleh lan mangan daging ing sasenengmu dhewe, mawa-mawa berkah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe ana ing sakehe panggonanmu. Wong kang najis lan kang ora najis padha kena mangan iku, kaya yen mangan daging kidang utawa menjangan;

16mung getihe aja nganti padha kokpangan, iku esokna ing bumi kayadene banyu.

17Mungguh pisungsung prasepuluhane gandum, anggurmu sarta lengamu, apamaneh pembarepe sapimu lan wedhusmu, iku aja kokpangan ana ing panggonanmu, mangkono uga kurban kang bakal kokpunagekake, apadene pisungsungmu manasuka, utawa pisungsung sesaosanmu kang mligi.

18Nanging anggonmu mangan iku anaa ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing panggonan kang bakal kapilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe, dalah anak-anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon lan wong Lewi kang ana ing wewengkonmu. Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, marga saka samubarang kang wus koktandangi.

19Dingati-ati, kowe aja nganti nglirwakake marang wong Lewi, salawase kowe manggon ana ing tanahmu.

20Samangsa Pangeran Yehuah, Gusti Allahmu, ing tembe wus ngelar tlatahing tanahmu, kaya kang wus dadi pangandikane marang kowe, mangka kowe nuli duwe osik: Aku arep mangan daging, marga kowe kepengin mangan daging, iya mangana dading ing sasenenging, atimu.

21Manawa panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem njejegake asmane iku kadohan saka panggonanmu, kowe kepareng nyembeleh panunggalane sapimu lan wedhusmu peparinge Sang Yehuwah marang kowe, kaya kang dakprentahake marang kowe, sarta mangana daginge ana ing panggonanmu ing sasenenging atimu.

22Nanging pamanganmu iku dikaya yen mangan daginge kidang utawa menjangan. Wong kang najis lan kang ora najis padha kena mangan.

23Mung poma aja nganti mangan getihe, marga getih iku nyawane; mulane aja mangan nyawa bebarengan karo daging.

24Poma iki aja kokpangan, nanging esokna ing bumi kayadene banyu.

25Aja kokpangan, supaya kowe saanak-putumu ing sapungkurmu padha slameta, marga kowe nglakoni apa kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah.

26Balik pisungsungmu kang suci lan pisungsungmu punagi iku padha gawanen menyang ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah;

27kurbanmu obaran, iya daging tekan getihe, padha olahen ana ing misbyahe Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, dene getihe kurbanmu sembelehan iku kaesokna ing misbyahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nanging daginge kena kokpangan.

28Gatekna temenan apa kang dakprentahake marang kowe, supaya kowe saanak-putumu ing sapungkurmu padha ginanjara slamet ing salawas-lawase, marga kowe nglakoni apa kang becik lan bener ana ing paningale Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”

Pepeling tumrap nyembah brahala lan pangibadah kang nasar

29“Besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus numpes saka ing ngarepmu, bangsa-bangsa kang tanahe kokparani bakal kokejegi sarta manawa kowe wus kelakon padha ngejegi dhaerahe lan manggon ing nagarane;

30banjur dingati-ati, supaya sawuse padha katumpes saka ing ngarepmu, kowe aja nganti kena ing kalajiret lan banjur niru wong-wong iku; kowe aja nakokake bab allahe kalawan pangucapmu: Kapriye bangsa iki anggone padha ngabekti marang allahe? Aku iya padha daktumindak mangkono.

31Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, aja koktanduki kaya mangkono, awitdene samubarang kang jember tumrap Pangeran Yehuwah, apa kang disengiti, iku kang ditindakake dening bangsa iku tumrap allahe; malah anake lanang lan wadon padha diobongi, kanggo allahe.

32Kabeh kang dakprentahake marang kowe iku padha lakonana kalawan temen-temen, aja kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel