Bab pegatan
1“Manawa ana wong njupuk wong wadon sarta wus dadi bojone, mangka sawuse iku wong wadon mau ora ndadekake senenging atine maneh, sabab kabukten ana tindake kang ora pantes, wong mau banjur nulisa layang pegat lan diwenehna marang wong wadon iku, nuli dilungakna saka ing omahe.
2Anadene samangsa wus kelakon lunga saka ing omahe, banjur diepek somah dening wong liya,
3mangka bojone kang kari iku iya ngemohi, banjur iya digawekake layang pegat lan dipasrahake marang wong wadon mau, tumuli dilungakake saka ing omahe, utawa manawa bojone kang kari kang ngepek wong wadon mau mati,
4ing kono bojone kang dhisik kang wus megat iku ora kena balen karo wong wadon iku, sawuse wong wadon iku kelakon dirusuhi; awitdene patrap mangkono iku dadi jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu iku aja kokdadekake nandhang dosa.
5Manawa ana wong kang mentas bae rabi, iku aja bareng karo wadya-bala melu nglurug perang, lan iya aja diwenehi sadhengaha pagawean, sajrone setaun dibebasna kanggo kaperluaning omahe, supaya ndadekna senenge kang wadon kang wus dadi bojone.”
Bab ngayomi pepadhane
6“Aja nggadhe piranti panggilingan, dadia mung watune kang kanggo tindhih, awit tindak mangkono iku dadi nggadhe nyawane wong.
7Manawa ana wong konangan nyulik panunggalane sadulure, yaiku wong Israel, banjur direngkuh kaya batur tukon utawa diedol, wong kang nyulik iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.
8Diprayitna ing bab lelara saraat, dienggal tindakna sakehing piwulange para imam bani Lewi marang kowe; apa kang wus dakprentahake marang para imam, iku lakonana kanthi temen-temen.
9Elinga apa kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang Mbakyu Miryam ana ing dedalan nalika kowe mentas saka ing tanah Mesir.
10Manawa kowe nyilihi apa-apa marang pepadhamu, anggonmu golek kang kanggo cekelan iku aja kalawan lumebu ing omahe.
11Kowe ngentenana ana ing jaba bae, nuli wong kang koksilihi iku ngetokna barang cekelane ana ing ngarepmu.
12Saupama iku wong miskin barang cekelane aja kokanggo turu;
13ing wayah suruping srengenge barang cekelan mau balekna marang kang duwe, supaya iku turu kalawan kemulan jubahe dhewe, sarta andum berkah marang kowe. Patrap mangkono iku bakal kaetung dadi kabeneranmu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
14Kowe aja nindhes marang buruh dinan kang mlarat lan nandhang sangsara, dadia iku sadulurmu utawa bangsa liya kang ana ing nagaramu lan ing sajroning panggonanmu.
15Ing dina iku uga sadurunge srengenge surup, buruhane dinan kawenehna, awit wong iku mlarat lan mesthi ngarep-arep opahane; supaya wong iku aja nganti sesambat marang Sang Yehuwah bab kowe, temah iku dadi dosa tumrap kowe.
16Aja nganti ana bapa kang diukum pati marga saka anake, lan uga aja nganti ana anak kang diukum pati marga saka bapakne; saben wong kaukuma pati mung marga saka dosane dhewe.
17Kowe aja nyahak wewenange wong bangsa liya lan bocah lola; lan aja nggadhe sandhangane randha.
18Elinga yen ing biyen kowe uga dadi batur ana ing tanah Mesir, mangka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang ngluwari kowe saka ing kono; mulane kowe dakkon nglakoni prakara iku.
19Samangsa kowe wus ngeneni pategalanmu, mangka ana bentelan siji kang kari ana ing pategalan, kowe aja mbaleni njupuk, iku dadia bageane wong neneka lan bocah lola sarta randha, supaya Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mberkahana kowe ing sapagaweanmu kabeh.
20Samangsa kowe ngundhuhi witmu jaitun sarana kokgepyoki, aja ngasagi ing pang-pange maneh; iku dadia bageane wong neneka lan bocah lola sarta randha.
21Samangsa kowe nglumpukake pametune pakebonanmu anggur, aja ngasagi kekarene, iku dadia bageane wong neneka lan bocah lola sarta randha.
22Elinga yen ing biyen kowe uga padha dadi batur ana ing tanah Mesir, mulane kowe dakkon nglakoni prakara iku.”