Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 30 >> 

Pulih sawuse mratobat

1“Anadene samangsa kowe wus katekan samubarang kabeh kang wus dakandharake ana ing ngarepmu mau, yaiku berkah lan laknat, mangka kowe banjur ngrumangsani ana ing sajroning atimu ana ing satengahe sakehe bangsa, ing ngendi parane anggonmu ditundhung dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,

2sarta manawa kowe bali mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu mau, lan ngestokake dhawuhe miturut kaya kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, dadia kowe dadia anak-anakmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu,

3ing kono Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mulihake kaananmu lan melasi marang kowe. Kowe bakal dikumpulake maneh saka ing antarane para bangsa, saka ing ngendi parane anggonmu disebar dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

4Sanadyan kang padha kabuwang iku ana ing pungkasane langit, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya bakal nglumpukake kowe saka ing kana. Panjenengane bakal mundhut kowe saka ing kana.

5Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal ngirid kowe lumebu menyang nagara kang wus dadi duweke leluhurmu, nuli kowe kang bakal ndarbeni. Kowe bakal diparingi kadarman lan kadadekake tangkar-tumangkar nganti ngungkuli para leluhurmu mau.

6Karodene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal netaki atimu lan atine turunmu, temah ndadekake kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu, njalari kowe lestari urip.

7Dene sakehe sumpah iku mau bakal didhawahake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang mungsuhmu lan marang para kang nyengiti kowe, kang wus padha ngoyak-oyak marang kowe.

8Anadene kowe bakal ngestokake dhawuhe Sang Yehuwah, maneh sarta nglakoni sakehe pepakene kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.

9Ing kono Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal ngluberake kadarmane marang kowe tumrap sabarang kang koklakoni, iya kang arupa wohing wetenganmu, lan wohing raja-kayamu sarta pametuning palemahanmu; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal karenan ing galih marang kowe maneh marga saka kabegjanmu, kaya biyen anggone karenan ing galih marang para leluhurmu.

10Iku manawa kowe ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanthi netepi pepaken lan katetepane kang padha katulisan ana ing kitab Toret iki, sarta manawa kowe mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.”

Bab pati-urip

11“Awitdene pepakon kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, iku ora kaboten tumrap kowe lan iya ora kadohen,

12ora ana ing langit, samungguh mangkonoa kowe mesthi ngucap: Sapa kang bakal munggah menyang ing langit njupuk iku lan medharake marang kita, supaya padha kita lakoni?

13Lan iya ora ana ing sabrange sagara, saupama mangkonoa pangucapmu mesthi mangkene: Sapa kang bakal nyabrang menyang ing sabrange sagara, njupuk iku lan medharake marang kita, supaya padha kita lakoni?

14Nanging pangandika iku cedhak banget karo kowe, yaiku ana ing cangkemmu lan ing atimu, supaya katindakake!

15Elinga, ing dina iki aku wus nggelarake bab urip lan karahayon, bab pati lan kasangsaran,

16marga ing dina iki aku prentah marang kowe, supaya kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta lumakua ana ing dalan pitedahe, apadene netepana ing pepaken lan katetepan sarta prasetyane, supaya kowe lestaria urip lan tangkar-tumangkara,sarta diberkahana dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing nagara kang kokparani lan bakal kokejegi.

17Nanging manawa atimu mungkur lan ora ngestokake dhawuhe, malah kagendeng nganti sujud lan ngabekti marang allah liyane,

18ing dina iki kowe dakkandhani; yen kowe masthi bakal padha tumpes, ora-orane yen kowe bakal padha lestari pamanggonmu ana ing tanah kang lagi kokparani kalawan nyabrang ing kali Yarden lan bakal kokenggoni.

19Langit lan bumi padha dakgawe seksi lawananmu ing dina iki; urip lan pati wus dakgelar ana ing ngarepmu, apadene berkah lan laknat. Kang iku kowe miliha urip, supaya lestaria urip, iya kowe dalah turunmu,

20kalawan nresnani Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ngrungokake marang pangandikane sarta rumaket marang Panjenengane; marga yaiku kang njalari uripmu lan dawane umurmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Pangeran Yehuwah kalawan supaos, marang para leluhurmu yaiku: Eyang Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel