Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 31 >> 

sang Yusak nggentosi Nabi Musa

1Sawuse mangkono Nabi Musa banjur tindak sarta nglairake sakehing pangandika iki marang wong Israel kabeh.

2Mangkene pangandikane: “Umurku saiki satus rong puluh taun; aku wus ora bisa giyat maneh, sarta Pangeran Yehuwah wus ngandika marang aku: Sira mesthi ora bakal nyabrang bengawan Yarden iki.

3Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, piyambak kang bakal nuntun nyabrang lakumu, iya Panjenengane piyambak kang bakal numpes bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, satemah kowe banjur bisa ngebeki nagarane; Yusak kang bakal nuntun nyabrang lakumu, kaya kang dadi dhawuhe Sang Yehuwah.

4Dene Sang Yehuwah bakal ngetrapi para bangsa mau kaya kang wus ditandukake marang Prabu Sihon lan Prabu Og, para ratune wong Amori, kang wus padha ditumpes dalah tanahe pisan.

5Sang Yehuwah bakal ngulungake para bangsa mau marang ing tanganmu, sawuse nuli padha etrapana miturut kaya kang wus dakprentahake marang kowe.

6Disantosa lan ditatag atimu, aja wedi lan aja giris ana ing ngarepe, marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang nunggil ing salaku-lakumu. Panjenengane ora bakal negakake kowe lan kowe ora bakal ditilar.”

7Nabi Musa nuli nimbali Sang Yusak lan dipangandikani ana ing ngarepe sakehe wong Israel: “Disantosa lan ditatag atimu, awitdene kowe kang bakal lumebu bebarengan karo bangsa iki menyang ing nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos dening Sang Yehuwah marang leluhure yen bakal diparingake; dene kowe kang bakal mimpin nganti padha ndarbeni nagara iku.

8Pangeran Yehuwah piyambak kang bakal ngirid lakumu, Panjenengane piyambak kang bakal nunggil marang kowe, kowe ora bakal ditegakake lan ora bakal ditilar, mulane aja wedi lan aja semplah.”

Pamacane kitab angger-anggere Toret saben pitung taun

9Sawuse nabi Musa nyerati angger-anggere Toret, iku banjur diparingake marang para imam bani Lewi, kang ngusung pethi prasetyaning Pangeran Yehuwah lan marang sakehe para tuwa-tuwane Israel;

10nuli padha diprentahi dening Nabi Musa mangkene: “Iki wekasane pitung taun ing mangsane nglilakake utang kaya kang wus katemtokake, yaiku Riyaya Tancebing Tarub;

11samangsa wong Israel kabeh padha nglumpuk seba ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal pinilih dening Panjenengane, nuli kowe macaa angger-anggere Toret iki ana ing ngarepe wong Israel kabeh.

12Wong sabangsa kabeh padha klumpukna, lanang-wadon dalah bocah-bocah, apadene wong bangsa liya kang manggon ana ing antaramu, supaya iku padha krungua, lan padha sinaua wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kanthi tumemen padha nglakoni sakehe pangandikane angger-anggere Toret iki.

13Dalah para anak-putune kang ora nyumurupi, iya padha bisaa krungu lan nyinau wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, salawase urip ana ing tanah kang lagi kokparani, kalawan nyabrang bengawan Yarden, lan kang bakal kokenggoni.”

Bebukane kidunge Nabi Musa

14Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa; “Lah wus cedhak anggonira bakal mati, mulane Yusak undangen banjur padha ngadega ana ing Tarub Pasewakan, bakal Sunpangandikani.” Nabi Musa lan Yusak banjur padha jumeneng ana ing Tarub Pasewakan.

15Pangeran Yehuwah banjur ngatingal ana ing jero tarub, ing jero tugu mega, tugune tumuli ngadeg ana ing lawanging tarub.

16Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Wruhanira, sira bakal ngaso awor karo para leluhurira, dene bangsa iki bakal laku bedhang kanthi ngetut-buri allahe bangsa liya kang ana ing nagara, kang bakal dileboni; ana ing kono bakal padha ngungkurake Ingsun lan nyelaki prasetyaningSun kang wus Suntetepake karo wong-wong iku.

17Ing wektu iku bakal padha katempuh ing mulad-mulading bebenduningSun lan bakal Suntilar kalawan ngaling-alingi wadananingSun, temah bakal padha kamangsa nganti entek lan katrajang ing bilai lan kasusahan akeh, nganti ing wektu iku padha duwe pangucap mangkene: Rak marga Gusti Allah ora ana ing satengah kita, anggon kita padha katrajang ing bilai lan karubedan tumpa-tumpa iki?

18Nanging ing wektu iku Ingsun bakal ndhelikake wadananingSun babar pisan, marga saka sakehe piala kang wus dilakoni, yaiku anggone padha manut marang allah liyane.

19Mulane kidung iku tulisana lan banjur wulangna marang wong Israel, isekna ing cangkeme, supaya kidung iki dadia seksiningSun tumrap wong Israel.

20Awitdene Ingsun bakal ngirid lakune lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure, yaiku tanah kang luber puwan lan madu; nanging samangsa wus padha mangan nganti wareg lan dadi lemu, nuli bakal padha marani allah liyane, lan ngabekti marang iku. Ingsun bakal disepelekake lan prasetyaningSun diselaki.

21Nanging samangsa padha kataman ing bilai lan kasangsaran bola-bali, kidung iki bakal minangka paseksi tumrap wong-wong iku; marga kidung iki bakal tetep tumempel ing lambene para turune, awitdene Ingsun mirsa apa kang dadi kekarepaning atine ing dina iki, sadurunge Sunirid lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos.”

22Nabi Musa tumuli nyerati kidung iku sarta banjur diwulangake marang wong Israel.

23Pangeran tumuli paring dhawuh marang Sang Yusak bin Nun, pangandikane: “Disantosa lan ditatag atimu, sabab sira bakal ngirid lakune wong Israel lumebu ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang wong-wong iku, sarta Ingsun kang bakal nunggil marang sira.”

24Kacarita bareng Nabi Musa wus rampung anggone nyerati pangandikane angger-anggere Toret iku ana ing kitab nganti satamate,

25banjur dhawuh marang para wong Lewi kang padha ngusung pethining prasetyane Pangeran Yehuwah, pangandikane:

26“Kitab Toret iki tampanana lan selehna sandhing pethining prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya anane ing kono iku dadia paseksi tumrap kowe.

27Awitdene aku ngerti marang wangkote atimu lan kakune githokmu. Salagine aku isih urip ana ing tengahmu bae, kowe wus padha ngatonake wangkotmu marang Sang Yehuwah, mendahane maneh yen aku wus ngajal.

28Padha klumpukna sakehe para tuwa-tuwane talermu lan para tetindhihing wadya-balamu, aku arep nglairake apa kang bakal dakkandhakake mengko, kalawan ngundang langit lan bumi, supaya dadi seksi.

29Marga aku ngerti, besuk sangajalku, kowe bakal padha tumindak rusuh, lan bakal nyleweng saka ing dalan kang wus dakprentahake marang kowe; mulane ing tembe kowe bakal padha katempuh ing bilai, manawa kowe padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, lan gawe gerahe panggalihe awit saka gegaweane tanganmu.”

30Nabi Musa banjur nglairake kidung iki ing sapangrungune wong Israel sapasamuwan kabeh nganti satamate.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 31 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel