Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 32 >> 

Kidung Nabi Musa

1“Kupingmu tilingna, he langit, aku arep caturan, lan bumi ngrungokna guneme cangkemku.

2Piwulangku muga tumetes kaya udan, tembungku tetesa kaya ebun, kaya udan deres kang tumiba ing trubusan kang lagi semi, kaya udan deres nibani tetuwuhan.

3Marga asmane Sang Yehuwah arep dakundhangake: Ngunjukna hurmat marang Gusti Allah kita,

4Gunung Parang, kang sampurna pakaryane, jejeg sakehe margine; marga Gusti Allah kang setya-tuhu, ora ana kaculikane, Panjenengane iku bener lan adil.

5Wong-wong kang wus padha ora dadi putrane maneh, kang padha dadi blentong, golongan kang nasar lan plinthat-plinthut, iku padha nandukake kanisthan marang Panjenengane.

6He bangsa golongan kang gemblung lan tanpa budi, apa iku pamalesmu marang Pangeran Yehuwah? Iku rak Ramamu kang nitahake kowe, kang nganakake lan kang nguwatake kowe.

7Elinga marang jaman kuna, gatekna taun-taune turun kang wus kepungkur, tekokna marang bapakmu, iku kang bakal nerangake marang kowe, lan marang para pinituwa, iku kang bakal ngandhani marang kowe.

8Ing nalika Kang Mahaluhur mandumi tanah-pusaka marang para bangsa, iya ing kalane misahake para anake manungsa, Panjenengane netepake wilayahe para bangsa iku miturut cacahe wong Israel.

9Awitdene kang dadi pandumane Pangeran Yehuwah iku umate, Eyang Yakub iku kang katetepake dadi kagungane piyambak.

10Anggone manggih ana ing sawijining nagara ana ing pasamunan, ana ing satengahe papan kang mluwa lan panggeroning pasamunan, banjur diamping-ampingi, direksa prasasat maniking paningale.

11Kaya patrape manuk garudha anggone ngiyun-iyun isining susuhe, nglayang-nglayang ngreksa anak-anake, mbeber swiwine, nadhahi anake siji, lan banjur digendhong ing swiwine,

12kaya mangkono Sang Yehuwah piyambak anggone ngirid lakune, ora ana allah liyane kang mbarengi.

13Diyasakake tetunggangan kang bisa ngambah ing tengger-tenggering bumi, diparingi pangan pametune pategalan, didadekake nesep madu saka ing gunung parang lan lenga saka ing watu kelang,

14kaniling puwane sapi lan puwane wedhus, karo gajihing cempe lan wedhus gembel lanang saka ing Basan, apadene wedhus berok, kalawan gandum pilihan, sarta getihing woh anggur kang dadi omben-omben, anggur kang munthuk.

15Yesyurun nuli dadi lemu, sarta nyepak-nyepak memburi, -- kowe tambah lemu, mblenek lan gimblah-gimblah --, banjur ninggal marang Gusti Allah kang nitahake lan ngremehake gunung paranging karahayone.

16Padha memungu butajengane marga nyembah allah liyane; nuwuhake gerahe panggalihe kalawan dewaning kanisthan;

17padha sesajen marang para roh reged kang dudu Allah, marang allah kang padha ora diwanuhi, allah anyar kang lagi bae jumedhul, kang ora diwedeni dening para leluhurmu.

18Gunung Parang kang nganakake kowe iku koklirwakake, lan Gusti Allah kang nglairake kowe koklalekake.

19Nalika Sang Yehuwah nguningani bab iku, banjur nampik wong-wong mau, marga gerah ing penggalih jalaran saka anak-anake lanang lan wadon.

20Panjenengane ngandika: Ingsun bakal ngaling-alingi wadananingSun tumrap ing wong-wong iku; Sunpirsani bakal kapriye wekasane; awitdene iku bangsa kang keblinger, anak kang padha ora setya-tuhu,

21padha memungu butajenganingSun kalawan kang dudu allah; padha gawe gerahe penggalihingSun kalawan brahalane. Mulane Ingsun iya bakal nenangi kumerene kalawan kang dudu umat, lan bakal nyerikake atine kalawan bangsa kang gemblung.

22Awitdene bebenduningSun wus ngurubake geni, nganti makantar-kantar tekan ing jagade wong mati kang ngisor dhewe; geni iku mangsa marang bumi dalah pametune, sarta nggosongake dhasare gunung-gunung.

23Ingsun bakal ndhawahake bilai tumpuk-undhung marang wong-wong iku lan Sunebyuki sakehe jemparingingSun.

24Samangsa wus menggrik-menggrik marga kurang pangan lan katon nglayung marga ketrajang lara panas kang nggegirisi, apadene pageblug kang ampuh, nuli bakal Sunlepasi siyunge sato galak lan wisane kewan kang padha nlosor ana ing bumi.

25Jaka lan prawan, pasuson lan wong kang wus uwanen bakal padha tumpes, ana ing jaba dening pedhang ana ing jero kamar dening pagiris.

26Ingsun mesthine kudu ngandika: Bakal padha Sundamoni. Pangeling-eling marang wong-wong iku bakal Sunsirnakake saka ing antarane para manungsa,

27nanging Ingsun sumelang manawa mungsuh banjur nuwuhake gerahing panggalihingSun, bokmanawa lawanane iku padha salah tampa nganti duwe pangucap: Tanganku unggul, dudu Sang Yehuwah kang nindakake iki kabeh.

28Awitdene iku bangsa kang tanpa nalar, padha tanpa budi.

29Saupama wicaksanaa, mesthi ngerti prakara iki, sarta mikir kapriye bakal wekasane.

30Apa bisa kelakon wong siji mburu wong sewu lan wong loro bisa ngalahake wong sapuluh ewu, yen oraa wus padha kaedol dening gunung parange lan diulungake dening Sang Yehuwah.

31Marga gunung parange wong-wong iku ora kaya gunung parang kita; bab iku mungsuh kita kena dadi hakim.

32Sanyatane wite anggur wong-wong iku asale saka wit anggur ing Sodom lan saka pakebonan ing Gomora; wohe anggure iku ngandhut racun, pait dhompolane.

33Duduhe anggure iku wisaning ula, lan wisaning ula bedhudhak kang mandi banget.

34Kabeh iku apa ora wus Sunsimpen, kasegel ana ing gedhong parawataningSun?

35Ingsun kang kagungan wewenang pepulih lan males, ing mangsane sikile nggloyori, awitdene wus cedhak dinaning karusakane, sarta enggal bakal nekani apa kang dadi pepesthene.

36Awitdene Pangeran Yehuwah bakal paring kaadilan marang umate, lan bakal melasi marang para abdine, samangsa mirsani yen wus ora ana kekuwatane lan wus sirna kang jeneng abdi lan kang merdika.

37Ing kono Panjenengane bakal ngandika: Ana ing ngendi allah-allahe -- gunung parang kang dadi pangungsene --,

38kang padha mangan gajihing sesajene sembelehan, kang padha ngombe anggur kurban unjukan? Kareben iku padha tumandang mitulungi sira, supaya sira oleh pangayoman.

39Saiki sira padha nitenana, yen Ingsun, iya Ingsun iki Panjenengane; ora ana Allah, kajaba Ingsun. Ingsun kang mateni, lan iya Ingsun kang nguripake, Ingsun kang ngremuk, lan iya Ingsun kang marasake; sarta ora ana kang bisa ngluwari saka ing astaningSun.

40Lah Ingsun ngangkat astaningSun marang ing langit kalawan ngandika: Demi Ingsun agesang langgeng,

41samangsa Ingsun ngasah pedhangingSun kang gilap, sarta astaningSun ngasta pangadilan, mesthi Ingsun bakal paring piwales marang kang padha nglawan marang Ingsun, sarta males marang para satruningSun.

42Ingsun bakal ngendemi jemparingingSun kalawan getih, lan pedhangingSun bakal mangan daging; getihe wong-wong kang padha mati sinuduk lan wong-wong kang padha katawan, saka sirahe pimpinane mungsuh kang rambute dawa.

43He, para bangsa, padha surak-suraka marga saka umate, awitdene Panjenengane malesake getihe para abdine, sarta bakal ndhawahake piwales marang kang padha nglawan ing Panjenengane, sarta bakal nganakake pirukun tumrap tanahe umate.”

Pituture Nabi Musa kang wekasan

44Nabi Musa tumuli rawuh bebarengan karo Sang Yusak bin Nun, lan nglairake sakehe tetembunganing kidung mau ing sapangrungune bangsa iku.

45Sawuse Nabi Musa rampung anggone nglairake sakehe tetembungan mau marang wong Israel kabeh,

46banjur mangandikani mangkene: “Kowe padha nggatekna apa kang wus dakpituturake marang kowe ing dina iki, supaya kokprentahake marang anak-anakmu, padha konen nglakoni kanthi temen-temen sakehe pangandikane angger-anggering Toret iki.

47Awitdene iki dudu tembung kang tanpa isi tumrap ing kowe, nanging iku uripmu, lan srana pangandika iki bakal dawa umurmu ana ing tanah kang kokparani, bakal kokenggoni, kalawan nyabrang ing bengawan Yarden.”

Sedane Nabi Musa wus cedhak

48Ing dina iku uga Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:

49“Sira munggaha menyang ing pagunungan Abarim, menyang ing gunung Nebo kang ana ing tanah Moab ing penere Yerikho, banjur sira nyawanga tanah Kanaan kang bakal Sunparingake marang wong Israel dadi darbeke.

50Sira bakal mati ana ing gunung kang sira unggahi iku, supaya sira kaklumpukake karo para leluhurira, padha kaya Harun kakangira kang iya wus kelakon mati ana ing gunung Hor, kaklumpukake karo para leluhure,

51iku marga sira ngowahi kasetyanira marang Ingsun ana ing satengahe wong Israel ing sacedhake sumber Meriba ing Kadesy, ing pasamunan Zin, lan marga sira ora nucekake Ingsun ana ing satengahe wong Israel.

52Sira Sunparengake nyawang nagara iku ana ing ngarepira, nanging sira ora kalilan lumebu mrana, menyang ing nagara kang bakal Sunparingake marang wong Israel.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 32 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel