Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 14 >> 

Sang Cempe lan para tebusane

1Aku tumuli weruh: lah Sang Cempe jumeneng ana ing gunung Sion, kaayap dening wong satus patang puluh papat ewu, kang padha kacirenan asmane piyambak lan asmane Kang Rama ana ing bathuke.

2Aku banjur krungu swara saka ing langit kaya gumrojoging banyu akeh lan kaya gumlegere gludhug kang nggegirisi. Lan swara kang dakrungu iku kaya swarane panylempung-panylempung kang padha ngunekake clempunge.

3Iku padha ngidungake kidung anyar ana ing ngarepe dhampar lan ing ngareping makluk papat tuwin para pinituwa iku, lan ora ana wong kang bisa nyinau kidung iku, kajaba mung wong satus patang puluh papat ewu kang wus padha katebus saka ing bumi iku.

4Yaiku wong kang ora padha njemberake awake karo wong wadon, amarga padha murni kaya prawan. Iku kang padha ndherekake Sang Cempe ing satindak-tindake. Yaiku kang padha katebus saka ing antarane manungsa minangka kurban wiwitan sumaos marang Gusti Allah lan marang Sang Cempe.

5Lan ing cangkeme ora tinemu kang cidra; wong iku padha tanpa cacad.

Pawarta bab pangadilan

6Lan aku tumuli weruh malaekat liyane mabur ing awang-awang ngasta Injil kang langgeng diwartakake marang wong kang padha manggon ana ing bumi lan marang sadhengah bangsa lan taler tuwin basa sarta golongan,

7pangandikane kalawan swara seru: “Padha wedi-asiha marang Gusti Allah lan caosana kaurmatan, awit wektuning pangadilane wus teka, sarta padha sujuda marang Panjenengane kang wus nitahake langit lan bumi tuwin sagara apadene sakehe tuking banyu.”

8Banjur ana malaekat liyane maneh, malaekat kapindho, nusul, ngandika: “Wus rubuh, wus rubuh Babil, kutha kang gedhe iku, kang wus ngendemi sakehe para bangsa kalawan angguring hawa-nepsu laku jina.”

9Tumuli ana malaekat liya, kang katelune nusul, pangandikane kanthi swara sora: “Manawa ana wong kang sujud marang si kewan lan marang recane iku, tuwin nampani ciri ana ing bathuke utawa ing tangane,

10iku bakal ngombe anggur bebendune Gusti Allah, kang wus kasadhiyakake tanpa campuran ana ing tuwunging dukane; sarta bakal kasiksa kalawan geni lan walirang ana ing ngarepe para malaekat suci lan ing ngarsane Sang Cempe.

11Anadene pegane geni pasiksan iku kumelun ing salawas-lawase, lan panyiksane tanpa leren rina-wengi, yaiku kang padha sujud marang si kewan lan marang recane iku, mangkono uga sapa kang nampani cirining jenenge.”

12Kang prelu ing kene yaiku sabar mantepe para suci, kang padha ngantepi pepakoning Allah lan pracaya marang Gusti Yesus.

13Aku tumuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Tulisen: Rahayu para wong kang mati lan matine ana ing patunggilane Gusti, wiwit ing samengko.” “Sanyata,” pangandikane Sang Roh, “supaya padha aso saka ing rekasane, awit sakehing panggawene padha mbarengi lakune.”

Panenan ing bumi

14Aku banjur weruh: lah, ana mega putih, lan ing mega mau ana kang lenggah kaya Putrane Manungsa, mustakane ngagem makutha mas lan astane ngasta arit kang landhep.

15Tumuli ana malaekat liyane medal saka ing Padaleman Suci; sarta munjuk kalawan swara seru marang Panjenengane kang lenggah ing mega mau: “Gusti mugi nglampahaken arit Paduka sarta mugi kaenenana, amargi sampun dumugi mangsanipun ngeneni; ujer panenan ing bumi sampun sepuh.”

16Panjenengane kang lenggah ing mega mau banjur nguncalake arite menyang ing bumi, sarta bumi tumuli kaenenan.

17Tumuli ana malaekat liyane medal saka ing Padaleman Suci kang ana ing swarga; iku uga nyepeng arit landhep.

18Lan ana malaekat liyane maneh medal saka ing misbyah kang nguwaosi geni; iku banjur nguwuh kalawan swara seru marang malaekat kang ngasta arit landhep mau: “Aritmu kang landhep iku lakokna, lan dhompolan wohe wit anggur ing bumi undhuhana, awit wohe wis padha mateng.”

19Malaekat mau tumuli nguncalake arite menyang ing bumi, sarta ngundhuhi wohe wit anggur ing bumi lan diuncalake ing kulah pamipitan gedhe, yaiku bebendune Allah.

20Lan wohe wit anggur mau tumuli dipipit ana ing sajabaning kutha, lan saka ing pamipitan iku ana getih mili, kang jerone nganti tutug ing kendhalining jaran, lan dohe rong atus mil.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Wahyu 14):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Wahyu 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel