Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 8 >> 

Pangletheke segel kang kapitu

1Bareng Sang Cempe iku nglethek segel kang kapitu, ing swarga banjur sidhem premanem watara satengah jam suwene.

2Tumuli aku weruh malaekat pitu kang ngadhep ana ing ngarsaning Allah, padha kaparingan kalasangka pitu.

3Banjur ana malaekat liyane kang jumeneng cedhak misbyah kalawan ngasta padupan mas. Nuli padha kaparingan menyan akeh supaya dianggoa cecaosan bebarengan karo pandongane para suci ana ing misbyah mas kang ana ing ngarepe dhampar iku.

4Kukuse menyan kumelun awor karo pandongane para suci iku saka ing astane malaekat mau marang ing ngarsaning Allah.

5Malaekat mau tumuli mundhut padupan mas iku, diiseni geni saka ing misbyah, lan geni iku banjur diuncalake marang ing bumi. Tumuli ana swara gumlegering gludhug, bareng lan bledheg sarta lindhu.

Kalasangka papat kang wiwitan

6Malaekat pitu kang ngasta kalasangka pitu mau banjur padha tata-tata arep ngungelake kalasangkane.

7Malaekat kang kapisan banjur ngungelake kalasangkane, tumuli ana udan es, lan geni, campur getih; lan kabeh mau katibakake ing bumi; temah sapratelone bumi lan sapratelone wit-witan kobong sarta sakehe suket ijo padha geseng.

8Malaekat kang kapindho tumuli ngungelake kalasangkane tumuli ana rerupan saemper gunung gedhe kang murub, kacegurake ing sagara. Temah sapratelone sagara iku dadi getih,

9lan titah ing sagara kang duwe nyawa sapratelone padha mati tuwin sapratelone prau-prau padha sumyur.

10Malaekat kang katelu tumuli ngungelake kalasangkane, banjur ana lintang gedhe tiba saka ing langit, murub kaya obor, sarta nibani sapratelon kali-kali lan etuk-etuking banyu.

11Anadene lintang mau jenenge Apsintus. Satemah sapratelone sakehing banyu dadi apsintus, njalari akeh wong kang padha mati marga saka banyu mau, awit wus dadi pait.

12Malaekat kang kapat banjur ngungelake kalasangkane, nuli sapratelone srengenge lan sapratelone rembulan tuwin sapratelone lintang-lintang katempuh, temah sapratelone iku padha dadi peteng, lan sapratelone rina ora padhang, sarta wengine iya mangkono uga.

13Aku banjur weruh, lan krungu sawijining manuk garudha mabur ing satengahing langit lan ngucap kanthi swara seru: “Bilai, bilai, bilai wong kang manggon ana ing bumi awit saka swarane kalasangkane malaekat telu liyane, kang isih bakal ngungelake kalasangkane.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Wahyu 8):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Wahyu 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel