Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yakobus 3 >> 

Dosaning ilat

1He para sadulurku, panunggalanmu aja akeh kang padha dadi guru, jalaran kita padha sumurup, manawa kita dadi guru, bakal padha diadili kalawan ukuran kang luwih abot.

2Amarga kita kabeh padha kaluputan ing prakara akeh, sing sapa ora kaluputan ing tetembungane, iku wong sampurna, wis bisa ngereh marang saranduning badane kabeh.

3Lah ta jaran iku padha kita etrapi kendhali ing cangkeme, satemah manut marang kita, kita bisa ngendhaleni badane kabeh.

4Lan maneh coba pikiren bae, prau-prau kapal sanadyan gedhe banget sarta disurung ing angin kang banter, ewasamono kena kainger-ingerake sarana kemudhi kang cilik banget, manut ing sakarepe jurumudhine.

5Mangkono uga ilat, sanadyan dadi perangane badan kang cilik, ewadene bisa ngumukake prakara-prakara kang gedhe. Lah, geni iku sanadyan mung sapelik bisa ngobong alas kang gedhe.

6Ilat iku iya geni, prasasat jagading kadurakan sarta dununge ana ing antarane peranganing badan kita, dadi sawijining perangan kang bisa ngregedi badan sakojur sarta bisa ngobong rodhaning urip kita, dene ilat iku dhewe kasaladan dening geni naraka.

7Mungguh sakabehing buron alas, manuk, sarta kewan rumangkang lan kang ana ing sagara, iku kadadekake tutut lan wis kalakon didadekake tutut dening manungsa,

8nanging ora ana wong kang bisa gawe tututing ilat; iku piala kang kaya kewan galak, ora kena dikendhaleni sarta kebak wisa kang neniwasi.

9Kalawan ilat kita memuji marang Gusti Allah, Rama kita, sarta kalawan ilat kita nyupatani manungsa, kang katitahake manut citraning Allah,

10cangkem siji metokake berkah lan ipat-ipat. Bab iki, para sadulurku ora kena mangkono.

11Apa ana sumber kang metokake banyu tawa lan pait saka tuk siji?

12Para sadulurku, wit anjir apa iya bisa metu wohe jaitun utawa wit anggur metu wohe anjir? Mangkono uga sumber banyu asin ora bisa metokake banyu tawa.

Kawicaksanan kang saka ing ngaluhur

13Sapa panunggalanmu kang wicaksana sarta limpad ing budi? Iku nuduhna panggawene uripe kang utama kalawan kawicaksanan, kang tuwuh saka budi sareh.

14Manawa sajroning atimu kowe padha nduweni rasa meri sarta mung mikir marang awakmu dhewe, kowe aja padha gumunggung sarta aja goroh nyulayani kayekten!

15Iku dudu kawicaksanan kang tumurun saka ing ngaluhur, nanging saka ing donya, saka ing hawa-nepsuning manungsa, saka setan-setan.

16Sabab ing ngendi ana kameren sarta sipat mung mikir awake dhewe, ing kono ana rerusuh sarta sarupane panggawe ala.

17Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.

18Sarta mungguh wohing kayekten iku kasebarake sajrone tata rukun tumrap wong-wong kang olah tata rukun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Yakobus 3):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Yakobus 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel