Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 1 >> 

BAB 1--24 PAMECA-PAMECA NGLAWAN ISRAEL; Nabi Yeheskiel mirsani kamulyane Sang Yehuwah

1Ing taun kang kaping telung puluh, tanggal kaping lima sasi papat, nalika aku ana ing pinggir kali Kebar bebarengan karo para wong buwangan, nuli langit piyak lan aku sumurup wahyu saka ing Allah.

2Ing tanggal kaping lima sasi iku, yaiku ing taun kalimane sawuse Sang Prabu Yoyakhin kakendhangake,

3ana pangandikane Pangeran Yehuwah tumuju marang Imam Yeheskiel, putrane Sang Busi, ana ing nagarane wong Kasdim ing pinggir kali Kebar, sarta ana ing kono panjenengane kalimputan ing pangwaose Sang Yehuwah.

4Aku banjur ndeleng, lah ana prahara saka ing lor, kang nggawa mendhung kandel lan geni mulad-mulad; mendhung mau kinubengan ing pepadhang kang sumorot; ing jerone kaprenah ing satengahing geni iku ana kang kaya swasa mencorong.

5Ing tengah-tengahe kono uga ana kang rupane kaya makhluk papat kang urip, lan iku katone mangkene: rupane kaya manungsa,

6nanging siji-sijine raine papat lan ana swiwine papat.

7Sikile lenceng-lenceng, sarta tlapakane kaya tracak pedhet, mencorong kaya swasa kang mentas kagebeg.

8Ing sangisoring swiwi ana tangan manungsa kaprenah ing sisih papate pisan. Dene rai lan swiwine mau mangkene:

9swiwine padha gathuk; manawa lumaku ora nganggo mingar-minger, nanging ing sapenering adhepe.

10Raine katone mangkene: Kapat pisan raine kang ngarep rai manungsa, kang sisih tengen rai singa, kang sisih kiwa rai sapi, kang ana ing buri rai manuk garudha.

11Swiwine padha kaegarake mandhuwur, sarta adu pucuk ngloro-ngloro, dene swiwi liyane nutupi awake.

12Kabeh lakune ing sapenere adhepe, menyang ngendi panuntuning roh, iya mrono parane; anggone lumaku ora nganggo mingar-minger.

13Ing satengahing makhluk-makhluk mau ana kang katon kaya mawa geni mengangah, kayadene obor kang obah mrana-mrene ana ing antarane makhluk-makhluk kang urip iku; geni mau mubyar sarta metu kilate kang padha sesamberan.

14Makhluk-makhluk kang urip iku padha mabur mrana-mrene kaya thathit.

15Aku ndeleng, lah ing bumi ana rodha ngadeg sandhing makhluk-makhluk papat mau ing iringane ana rodhane siji,

16rupane mencorong kaya sesotya pirus, kapate kembar lan katone ing tengahing rodha kaya ana rodhane.

17Manawa padha lumaku, bisa ngener menyang ing keblat papat, ora nganggo mingar-minger.

18Rodha-rodha mau ana wengkune lan aku ndeleng wengku kapat pisan iku padha kebak mata mubeng.

19Manawa makhluk kang urip iku padha lumaku, rodhane uga lumaku ing sandhinge; lan manawa makhluk kang urip iku padha kaumbulake saka ing bumi, rodhane iya padha katut kaumbulake.

20Menyang ngendi panuntuning roh, iya mrono paraning para makhluk mau tuwin rodha-rodhane padha kaangkat bebarengan karo makhluk-makhluk iku, amarga rohing makhluk-makhluk kang urip iku dumunung ana ing rodhane.

21Manawa makhluk kang urip iku padha lumaku, rodhane uga padha lumaku, manawa makhluk mau padha mandheg, rodhane iya padha mandheg, sarta manawa makhluk mau padha kaumbulake saka ing bumi, rodhane iya padha katut kaangkat bebarengan karo makhluk-makhluk iku, amarga rohing para makhluk iku dumunung ana ing rodhane.

22Ing sadhuwure sirahe makhluk-makhluk kang urip iku ana rerupan kang saemper langit, kang katon kaya kristal es kang nggegirisi, kagelar ing sadhuwure sirahe.

23Lan ana ing sangisoring langit iku swiwine kabeber jejeg, kang siji gathuk karo sijine, kabeh padha duwe swiwi loro kang nutupi awake.

24Manawa padha lumaku, aku krungu swara kumebeting swiwine kumrasak, kayadene swaraning grojogan, kaya swarane Kang Mahakwasa, gumuruh kaya swarane wadya bala akeh; manawa padha mandheg, swiwine diingkupake.

25Aku banjur krungu swara saka ing sadhuwure langit kang mayungi sirahe; manawa makhluk mau padha mandheg, swiwine diingkupake.

26Ing sadhuwuring langit kang mayungi para makhluk mau ana rerupan kang katon kaya dhampar, memper karo sesotya manila; lan ing sadhuwure kang rupane kaya dhampar iku ana kang katone kaya manungsa.

27Wiwit kang kaya bangkekan iku nganti tekan ing dhuwur, aku ndeleng kang mencorong kaya swasa lan kaya geni kang ing sakubenge katutupan; lan saka kang kaya bangkekan tumeka ing ngisor aku ndeleng kang kaya geni kang kinubengan ing sunar.

28Kayadene kluwung kang ing mangsa udan katon ana ing mendhung, iya kaya mangkono iku katone sunar kang ngubengi. Kaya mangkono katone gambaring kamulyane Pangeran Yehuwah. Bareng aku ndeleng iku aku banjur nyembah sujud, sarta krungu swaraning Panjenengane kang medhar pangandika.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel