Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 13 >> 

Paukuman tumrap para nabi gadhungan

1Sawuse mangkono banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

2“He, anaking manungsa, sira medhara wangsit nglawan nabine Israel, medhara wangsit lan tutura marang wong-wong kang medhar wangsit sasenenge dhewe bae iku mangkene: Rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah!

3Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Cilaka para nabi kang gemblung kang nuruti pamisiking atine dhewe iku lan kang ora ndeleng wahyu.

4Kayadene asu ajag ing satengahing gempuran; iya kaya mangkono iku para nabinira, he Israel.

5Sira ora padha ngadeg ana ing bolongan-bolonganing balowarti lan ora ngedegake balowarti ing sakubenging omahe Israel, supaya padha bisa tetep lestari ana ing paperangan ing dinane Pangeran Yehuwah.

6Wahyune wong-wong iku ngapusi lan pamecane iku goroh. Padha kandha: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah. Mangka padha ora kautus dening Yehuwah, ewasamono padha ngarep-arep kelakone pangandikane mau.

7Kang padha sira deleng iku rak wahyu apus-apusan sarta pameca kang goroh, kang padha sira ucapake iku, samangsa sira celathu: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, mangka Ingsun ora ngandika?

8Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:

9Ingsun bakal ngacungake astaningSun nglawan para nabi kang ndeleng prakara kang ora nyata lan kang ngucapake pameca-pameca kang goroh, wong-wong iku ora klebu ing golonganing umatingSun lan ora bakal kapengetan dadi turuning Israel, lan ora bakal lumebu maneh ing tanah Israel, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah.

10Amarga, iki sanyatane, wong-wong iku padha nasarake umatingSun kalawan tembunge: Tentrem rahayu, mangka babar pisan ora tentrem rahayu -- padha ngedegake balowarti lan lah banjur dilabur kalawan gamping --

11sira kandhaa marang wong kang padha nglabur kalawan gamping mangkene: Udan deres bakal nganakake banjir, bakal ana udan krikil lan angin prahara!

12Manawa balowartine iku wus rubuh, apa wong ora bakal celathu marang sira: Endi saikine gamping kang sira templokake kae?

13Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sajroning bebenduningSun Ingsun bakal nganakake prahara lan sajroning dukaningSun udan deres kang nuwuhake banjir, sarta ing sajroning bebenduningSun udan krikil kang gawe rusak.

14Sabanjure Ingsun bakal njugrugake balowarti kang sira labur kalawan gamping iku lan Sunbrukake ing lemah, nganti tetalese katon; balowartining kutha iku bakal ambrol lan sira bakal padha tiwas ana ing jerone! Ing kono sira bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.

15Mangkono anggoningSun bakal ngesokake bebenduningSun marang balowarti iku marang wong kang padha nglabur kalawan gamping tuwin Ingsun bakal ngandika marang sira: Wus sirna balowartine lan wus sirna wong kang padha nglabur,

16yaiku para nabine Israel kang nglairake pameca tumrap Yerusalem lan ndeleng wahyu bab tentrem rahayune, mangka babar pisan ora ana tentrem rahayu; mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

Paukuman marang para nabi wadon gadhungan

17“Sira anaking manungsa, nemonana golonganing wong wadon bangsanira kang memeca saenaking atine bae iku lan nglairna pameca nglawan wong-wong iku:

18Sira kandhaa: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Bilai para dhukun wadon, kang naleni kabeh ugel-ugel kalawan tali jimat lan ngenggokake kudhung ing sirahe wong kabeh, tuwa utawa enom, kanggo njiret nyawaning wong. Sira apa arep njiret nyawaning wong kang kagolong umatingSun lan ngetokake wong-wong liyane padha urip kanggo kapreluanira?

19Sira iku nerak kasuceningSun ana ing satengahe umatingSun mung supaya oleh sair sawatara gegem lan roti sawatara iris kalawan mateni wong-wong kang kudune ora mati lan ngetogake wong-wong padha urip, kang kudune ora urip, marga saka anggonira ngapusi umatingSun, kang gelem ngrungokake ujar goroh.

20Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal nglawan tali jimatira, kang sira anggo njiret nyawaning wong, bakal Sunrebat saka ing tanganira tuwin wong-wong kang padha sira cekel iku bakal Suneculake kaya manuk.

21Kudhungira bakal Sunsuwek-suwek lan bakal nguwalake umatingSun saka ing tanganira sarta iku padha ora bakal dadi memangsanira maneh ana ing tanganira. Sira banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

22Sarehne sira padha ngringkihake atine wong bener kalawan goroh, sanadyan Ingsun ora damel prihatine lan kosokbaline sira padha mangkotake atine wong duraka, satemah banjur ora mratobat saka ing kalakuane kang duraka iku, sarta sira padha nglestarekake wong iku urip,

23mulane sira ora bakal ndeleng maneh prakara-prakara kang awujud apus-apus lan nglairake pameca-pameca kang goroh; Ingsun bakal ngluwari umatingSun saka ing tanganira tuwin sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel