Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 17 >> 

Pasemon bab anggone Sang Prabu Zedhekia ora setya

1Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

2“He, anaking manungsa, turune Israel wenehana cangkriman lan pasemon.

3Tutura mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ana sawijining manuk garudha gedhe kang swiwine gedhe dawa, wulune ketel mancawarna, iku niyup menyang ing gunung Libanon lan nothol pucuking wit eres.

4Pucuke kang dhuwur dhewe dipunggel banjur digawa menyang ing sawijining nagara dagang, nuli diselehake ana ing kuthane wong dagang.

5Nuli njupuk trubusan ing tanah kono banjur ditandur ana ing pategalan kang wus kari nanduri bae; trubusan mau diprenahake ing sacedhaking banyu kang kimplah-kimplah, patrape kaya nandur wit gandarusa

6satemah banjur thukul dadi wit anggur kang ketel, endhek pange akeh padha tumelung ngener marang manuk mau, dene oyod-oyode tetep ana ing sangisore. Mangkono anggone banjur dadi wit anggur kang metu elunge lan trubusane nggedhabyah.

7Ing kono nuli ana manuk garudha gedhe liyane, kang swiwine gedhe, wulune ketel. Lah wit anggur mau banjur ngenerake oyod-oyode marang manuk iku lan pang-pange ditelungake mrono uga, supaya manuk iku ngilenana luwih becik tinimbang karo papan tumancepe.

8Mangka wit iku wus katandur ing pategalan kang becik, cedhak karo banyu akeh kang luber supaya banjur metu pang-pange lan awoh sarta supaya dadi wit anggur kang becik.

9Sira tutura: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Kang mangkono iku apa bakal mikolehi? Apa oyod-oyode ora bakal didhungkari ing wong lan wohe apa ora bakal dirantasi, satemah godhong-godhonge kang enom padha dadi garing? Ora usah tangan kang rosa lan wong akeh kang mbedhol saoyod-oyode.

10Lah ta iku pancen ditandur, nanging apa bakal ana kasile? Apa iku ora bakal alum garing manawa katempuh ing angin wetan? Mesthi bakal alum lan garing ana ing papan thukule iku.”

11Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

12“Tutura marang golongan mbalela iku mangkene: Apa sira ora sumurup marang tegese iki? Kandhanana: Lah ratu Babil bakal teka ing Yerusalem lan nyekel ratune sarta para panggedhene banjur padha diboyongi menyang ing Babil.

13Nuli njupuk sawijining turuning ratu, kaajak nganakake prajanjian kalawan sumpah. Wong-wong kang nyekel pangwasa ing nagara kono iya padha dicekeli,

14supaya karajan iku dadi ringkih lan ora mbalela maneh, uga supaya netepi prajanjiane sarta kalawan mangkono banjur bisa lestari madeg.

15Nanging wong iku meksa mbalela marang ratu ing Babil, nglakokake kongkonan menyang Mesir, supaya kabantonana jaran lan wadya-bala akeh. Apa bakal kelakon karepe? Apa wong kang mangkono pratingkahe iku bisa oncat? Apa wong kang mbubrah prajanjian iku bisa oncat?

16Demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku mesthi bakal mati ana ing nagara Babil, ing panggonane raja kang ndadekake ratu, amarga nganggep entheng marang sumpahe marang raja iku lan mbubrah prajanjiane kalawan raja mau.

17Tur Pringon ora bakal aweh pambiyantu anggone perang awujud wadya-bala akeh lan wong sagolongan gedhe, nalika tembok lan beteng pangepungan didegake kanggo nyirnakake wong akeh.

18Iya, wong mau pancen ngremehake sumpah lan mbubrah prajanjian. Lah ta sanadyan anggone saguh iku kalawan jawatan tangan, nanging kabeh mau padha katerak, mulane ora bisa oncat.

19Awit saka iku pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Demi Ingsun gesang, sumpahe marang Ingsun kang dianggep entheng lan prajanjiane ana ing ngarsaningSun kang kabubrah, iku bakal Suntampekake marang sirahe.

20Ingsun bakal masang jaringingSun kanggo nyekel wong iku, mesthi bakal kena Sunkala sarta banjur bakal Sunbekta menyang ing Babil tuwin ana ing kana bakal Sundamel prakara amarga ngowahi kasetyane marang Ingsun.

21Anadene kabeh wadya-balane pepilihan bakal tiwas dening pedhang, dene kang bisa oncat bakal kasebar menyang ing sakehing keblat. Ing kono sira bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, kang mangandikakake iku.

22Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun piyambak bakal mundhut pang saka ing pucuking wit eres kang dhuwur bakal Suntanem; pucuke kang dhuwur dhewe kang isih enom bakal Sunpunggel lan bakal Suntanem piyambak ana ing gunung kang munggul dhuwur;

23iku bakal Suntanem ing gununge Israel kang dhuwur, supaya bisa ngepang-ngepang lan awoh sarta dadi wit eres kang ngedab-edabi; sakehing jinis manuk lan kang mawa wulu tuwin swiwi padha manggon ing sangisore, padha ngayom ing sangisoring pang-pange.

24Ing kono kabeh wit-witan ing ara-ara bakal padha sumurup, yen Ingsun, Yehuwah, ngasorake wit kang dhuwur lan ngluhurake wit kang asor, ndadekake alum lan garing wit kang seger lan ndadekake trubus maneh wit kang alum lan garing. Ingsun, Yehuwah, kang ngandikakake lan bakal nindakake iku.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel