Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 19 >> 

Kidung pangadhuh tumrap para ratu ing Israel

1Anadene sira ngulukna kidung pangadhuh tumrap para ratu ing Israel,

2lan pratelakna mangkene: “Wah, ibunira iku pancen singa wadon ana ing antarane singa-singa! Nglemprak ana ing satengahe sings-singa enom lan nusoni anak-anake.

3Anake ana siji kang diopeni nganti dadi singa enom, kang sinau ndedekep malah banjur mangsa manungsa.

4Bangsa-bangsa padha alok: Ana singa ngamuk! Wasana singa mau kacekel ana ing luwangan pasangane, nuli dikeluhi tuwin digiring menyang Mesir.

5Bareng biyunge singa mau mangreti manawa pambudi dayane gagal lan wus ora duwe pangarep-arep babar pisan banjur njupuk anake liyane sarta digulawenthah dadi singa enom.

6Anake iki srawungan karo singa akeh nuli wus dadi singa enom lan sinau ndedekep malah banjur mangsa manungsa.

7Betenge padha karusak, kuthane padha kaobrak-abrik; bumi dalah saisine kabeh padha kaget krungu swarane panggerone.

8Para bangsa nuli padha gumregah nglawan saka ing wilayah-wilayah ing sakubenge, padha masang jaring kanggo nyekel lan banjur kacegur ing luwangan pasangan.

9Tumuli dilebokake ing kandhang kalawan keluhan, wasana banjur kasebakake menyang ing ngarepe ratu ing Babil; lan kalebokake ing pakunjaran, supaya swarane aja kaprungu maneh ana ing gunung-gununge Israel.

10Ibunira iku kaya wit anggur ana ing pakebonan anggur kang katandur ing sacedhaking banyu, banjur awoh lan ngepang amarga saka akehe banyune.

11Apa pange kang thukul kang kuwat kang dadi tekening karajan; thukule dhuwur ngungkuli pang-pang liyane kang rapet, lan katon ngegla marga saka dhuwure sarta marga ana pange cilik akeh.

12Nanging wit anggur iku banjur kabedhol awit saka bebendu, lan kaebrukake ing bumi; angin saka ing wetan gawe alum lan garinge wohe padha gogrog. Pange kang kuwat dadi garing lan banjur kamangsa ing geni nganti entek.

13Lah saikine wit mau banjur katandur ing ara-ara samun, ing lemah kang garing lan kekurangan banyu banget.

14Banjur ana geni kang metu saka ing pange kang mangsa pang-pange kang cilik lan wohe nganti entek, satemah wus ora ana pange kang kuwat, ora ana pange kang kanggo teken karajan.” Yaiki kidung pangadhuh lan banjur wus dadi kidung pangadhuh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel