Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 2 >> 

Imam Yeheskiel katimbalan dadi nabi

1Pangandikane marang aku mangkene: “He, anaking manungsa, sira tangia lan ngadega, nuli sira Sunpangandikani.”

2Bareng aku wus dipangandikani mangkono, aku banjur kadunungan roh kang ngadegake aku, sarta aku krungu kang mangandikani aku.

3Pangandikane marang aku mangkene: “He, anaking manungsa, sira Sunutus nemoni wong Israel, bangsa kang ambek mbalela, kang wus mbalela marang Ingsun. Bangsa iki dalah para leluhure wus padha gawe duraka marang Ingsun nganti tumeka ing dina iki uga.

4Anadene turune padha mbangkang lan wangkot atine; sira Sunutus nemoni bangsa iku, padha kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah.

5Dene iku padha ngrungokake apa ora -- amarga iku jinis kang ambek mbalela -- nanging bakal padha sumurup, manawa ing satengahe bangsa iku ana nabine.

6Lan sira, anaking manungsa, aja wedi marang wong-wong iku tuwin marang tembung-tembunge, sanadyan sira kinepung ing lateng lan eri, sarta pamanggonira ana ing tengahe kalajengking. Aja wedi marang tembung-tembunge lan aja ndhredheg ana ing ngarepe, amarga iku jinis kang ambek mbalela.

7Padha sira dhawuhana sapangandikaningSun, sanadyan dirungokake utawa ora, amarga padha ambek mbalela.

8Dene sira, anaking manungsa, apa sapangandikaningSun marang sira iku rungokna, lan sira aja mbalela kaya jinis kang ambek mbalela iku. Sira mangapa, panganen apa kang Sunparingake marang sira.”

9Aku mulat, lah ana asta kang kaulungake marang aku lan asta mau nyepeng layang gulungan,

10kang banjur dibeber ana ing ngarepku. Ing kono katon ing jaba lan ing jerone katulisan kidung pangadhuh, pangesah lan pasambat.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel