Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 3 >> 

1Aku tumuli dipangandikani: “He, anaking manungsa, panganen apa kang sira temu iki; gulungan kitab iki panganen banjur lungaa, turune Israel sira kandhanana.”

2Aku tumuli mangap sarta diparingi gulungan mau kakarsakake mangan.

3Dhawuhe marang aku mangkene: “He, anaking manungsa, gulungan kang Sunparingake marang sira iki panganen, wetengira isenana iku.” Iku banjur dakpangan, ana ing cangkemku rasane legi kaya madu.

4Pangandikane marang aku: “He, anaking manungsa, lungaa, turune Israel temonana lan dhawuhana pangandikaningSun.

5Dene anggonira kautus iku ora marani bangsa kang basane ora mangretekake lan alot ilate, nanging marani bangsa Israel;

6dudu bangsa akeh kang basane nyleneh lan kang alot ilate, kang tembung-tembunge sira ora mangreti. Saupama sira Sunutus nemoni bangsa kang mangkono, iku bakal ngrungokake sira.

7Nanging turune Israel ora gelem ngrungokake sira, amarga ora gelem ngrungokake Ingsun, awit kabeh turune Israel iku bathuke atos lan atine wangkot.

8Lah rainira Sundadekake atos kaya raine wong-wong iku sarta semangatira Sundadekake kuwat nglawan wangkoting atine.

9Atinira Sunteguhake kayadene inten, kang atose ngungkuli watu; sira aja wedi marang wong-wong iku lan aja gumeter ndeleng raine, awit iku jinis kang awatek mbalela.”

10Sabanjure pangandikane marang aku mangkene: “He, anaking manungsa, nggatekna lan nilingna kupingira marang sakehing pangandikaningSun marang sira.

11Lungaa nemonana para wong buwangan, para kanca kang tunggal bangsa kalawan sira, rembugana lan kandhaa marang wong-wong iku mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah; sanadyan padha gelem ngrungokake apa ora.”

12Aku banjur kaangkat dening Sang Roh, sarta aku krungu swara gumuruh sora ana ing buriku, ing nalikane kamulyaning Allah mumbul saka ing panggenane,

13yaiku swaraning swiwine para makhluk kang urip kang padha gesrek-gesrekan lan kajaba iku swaraning rodha-rodha kang gumledheg, swara gumuruh kang sora.

14Sang Roh mau njunjung aku, kasingkirake; aku nuli lunga kalawan ati panas lan prihatin banget, amarga pangwaosing Pangeran Yehuwah banget-banget anggone meksa marang aku.

15Aku banjur marani para wong buwangan kang padha manggon ing pinggir kali Kebar ing Tel-Abib sarta nganti pitung dina anggonku ana ing kono kalawan legag-legeg.

Nabi Yeheskiel katimbalan dadi panjaganing Israel

16Sawise pitung dina ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

17“He, anaking manungsa, sira wus Suntetepake dadi panjaganing turune Israel. Manawa sira krungu pangandikaningSun, wong-wong iku padha sira elingna awit saka asmaningSun.

18Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: Sira mesthi bakal kaukum pati! -- mangka sira ora ngelingake wong iku lan ora kandha apa-apa marang wong duraka iku kanggo ngelingake supaya mbuwanga lakune kang ala, amrih bisane lestari urip -- wong iku bakal mati marga saka dosane, nanging getihe bakal Suntempuhake marang sira.

19Nanging manawa sira ngelingake wong duraka iku, mangka wong mau ora gelem ngunduri pialane lan lakune kang duraka, iku bakal mati marga saka durakane, dene sira wus ngluwari nyawanira.

20Manawa ana wong kang mursid ninggal kamursidane lan nglakoni piala, lan Ingsun banjur nyelehake watu sandhungan ana ing ngarepe, wong iku bakal mati. Sarehne sira ora ngelingake wong mau, iku bakal mati marga saka dosane, dene panggawene becik kang wus dilakoni ora bakal kaetung, nanging getihe bakal Suntempuhake marang sira.

21Nanging manawa sira ngelingake marang wong mursid iku supaya aja nglakoni dosa, lan iya ora nganti gawe dosa, iku bakal lestari urip, amarga gelem nampani pepeling, dene sira wus nguwalake nyawanira.”

Nabi Yeheskiel dadi bisu

22Bareng ana ing kono pangwaosing Yehuwah nglimputi aku sarta aku banjur kadhawuhan mangkene: “Sira ngadega lan mangkata menyang ing lebak, ana ing kono sira bakal Sunpangandikani.”

23Aku banjur ngadeg lan mangkat menyang ing lebak, lah ana ing kono kamulyane Sang Yehuwah katon kaya kamulyan kang wus dakdeleng ana ing pinggir kali Kebar; aku tumuli sujud.

24Nanging aku banjur kapanjingan ing roh; aku diadegake. Panjenengane nuli ngandika marang aku mangkene: “Sira muliha, lumebua ing omahira sarta kancingen lawange.

25Lah sira, he anaking manungsa, bakal katlikung kalawan tali lan bakal kabanda, satemah sira ora bisa nekani ana ing satengahe wong-wong mau,

26apadene ilatira bakal Sundadekake kraket ing cethakira, satemah sira dadi bisu lan ora bakal bisa melehake wong-wong iku, awit iku jinis kang awatek mbalela.

27Nanging manawa Ingsun ngandikan kalawan sira, cangkemira bakal Sunbikak lan sira bakal ngandhani wong-wong mau mangkene: Mangkene iki pangandikane Pangeran Yehuwah. Sing sapa gelem ngrungokake, cikben ngrungokake; lan sing sapa emoh ngrungokake, cikben ora ngrungokake, amarga wong-wong iku jinis kang awatek mbalela.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel