Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 39 >> 

1Anadene sira, he anaking manungsa, sira medhara wangsit nglawan Gog lan tutura: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal dadi mungsuhira, he, Gog maharaja ing nagara Mesekh lan Tubal,

2lan Ingsun bakal nggered lan nuntun sira sarta Ingsun bakal ndhatengake sira saka ing poncot lor lan ngirid sira menyang ing gunung-gununge Israel.

3Ingsun bakal nggebag tanganira kang kiwa, temah gendhewanira mrucut lan panahira padha uwal saka ing tanganira kang tengen.

4Sira bakal ambruk ana ing gunung-gununge Israel bebarengan karo wadya-balanira kabeh lan bangsa-bangsa kang padha mbiyantu sira, tuwin sira bakal Sunpakakake marang sawernane manuk-manuk galak lan marang kewan-kewan galak, dadia memangsane.

5Sira bakal ambruk ana ing ara-ara, dene Ingsun kang mangandikakake bab iki, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.

6Ingsun bakal dhatengake geni kang nempuh marang Magog lan marang wong-wong kang padha manggon ing dhaerah pesisir kanthi tentrem lan ayem. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

7Sarta Ingsun bakal nedahake asmaningSun kang suci ana ing satengahing umatingSun Israel lan Ingsun ora bakal marengake maneh asmaningSun kang suci kanajisake, satemah para bangsa bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Kang Mahasuci ing Israel.

8Lah iku mesthi bakal teka lan bakal kelakon, yaiku dina kang wus Sunpangandikakake iku.

9Anadene kang manggon ing kutha-kuthane Israel bakal padha metu sarta banjur ngurubake geni lan ngobong sakehing gegamane Gog, yaiku tameng cilik lan gedhe, gandhewa lan panah, penthung lan tumbak, sarta anggone ngobong iku lawase pitung taun.

10Wong-wong mau ora bakal njupuk kayu saka ing alas trataban utawa nyigari kayu obong ana ing alas, amarga anggone padha ngurubake geni iku nganggo gegamane mau. Sabanjure bakal padha ngrampas kang biyen ngrampas wong-wong mau lan njarah-rayah kang biyen njarah-rayahi wong-wong mau. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.

11Ing dina iku Ingsun bakal maringi papan marang Gog kang bakal kanggo ngubur dheweke ana ing Israel, yaiku Lembah Panyabrangan ing sisih wetane sagara, lan kuburan iku bakal ngalang-alangi wong-wong kang padha nyabrang. Gog lan sakehe golongane bakal kakubur ana ing kono sarta papan iku bakal kasebut Lembah Golongane Gog.

12Para turune Israel anggone ngubur wong-wong mau lawase pitung sasi, karepe kanggo ngresikake tanah kono.

13Sakehe pendhudhuk nagara padha melu ngubur lan bab iku ndadekake kondhange ing dina anggoningSun ngatingalake kamulyaningSun. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.

14Ana wong sawatara kang mligi diwajibake mider-mider ing satanah kabeh prelu nguburi wong-wong kang isih glimpangan ana ing lemah supaya tanah kono dadi resik. Sawuse pitung sasi tanahe bakal katiti-priksa.

15Manawa sajrone mubeng-mubeng iku ana kang weruh balung manungsa, ing sandhinge banjur diselehi watu kanggo tetenger nganti satekane tukang-tukang kubur, kang nuli ngubur balung mau ana ing Lembah Golongane Gog.

16-- Uga ana kutha kang aran Hamona --. Kaya mangkono anggone padha ngresiki tanah kono.

17Dene sira, anaking manungsa, mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira tutura marang sawernaning manuk lan sakehing kewan galak: Padha nglumpuka lan mrenea, padha nglumpuka mrene saka ing ngendi-endi, ing pesta kurban kang Sunanakake kanggo sira kabeh, yaiku pesta kurban kang gedhe ing gunung-gununge Israel; sira bakal padha mangan daging lan ngombe getih.

18Daginge para pahlawan kang bakal sira pangan lan getihe para panggedhening jagad kang bakal sira ombe; iku kabeh kayadene wedhus gembel lanang, cempe wedhus gembel, wedhus jawa lanang lan sapi lanang, raja-kaya lemon saka ing Basan.

19Sira bakal padha mangan gajih nganti wareg lan ngombe getih nganti sira padha mendem ana ing pesta kurban kang Sunanakake kanggo sira iku.

20Sira bakal padha dadi wareg anggonira mangan ana ing pestaningSun: jaran dalah kang nunggangi, pahlawan lan sakehing prajurit. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

21Ingsun bakal nglairake pangwaosingSun ana ing antarane para bangsa lan iku kabeh bakal padha sumurup marang paukuman kang bakal Sundhawahake sarta ndeleng astaningSun kang bakal Sundhawahake marang bangsa-bangsa mau.

22Ing kono para turune Israel bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Allahe, yaiku wiwit ing dina iku lan sabanjure,

23sarta para bangsa bakal padha sumurup, manawa turune Israel anggone kabuwang iku marga saka kaluputane lan marga saka anggone banjur ora setya marang Ingsun, mulane Ingsun nutupi pasuryaningSun manawa karo turune Israel iku, tuwin Ingsun banjur ngulungake wong-wong iku marang ing tangane para mungsuhe, kabeh nuli padha mati dening pedhang.

24Laras kalawan kanajisan lan durakane anggoningSun matrapi wong-wong iku, sarta Ingsun nutupi pasuryaningSun manawa karo turune Israel iku.

25Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing saikine, Ingsun bakal mulihake kaanane Yakub lan bakal nandukake kawelasan marang turune Israel lan marga saka bentering panggalihingSun, Ingsun bakal ngekahi asmaningSun kang suci.

26Wong-wong iku bakal lali marang kawirangane lan sakehe tumindake kang ora setya, kang dilakoni tumrap Ingsun samangsa wus bali manggon ing tanahe kalawan tentrem lan ora ana kang njalari wedine,

27sarta sawuse Sunpundhut saka ing satengahe para bangsa lan Sunklempakake saka ing tanahe mungsuh-mungsuhe tuwin Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang dheweke kabeh ana ing ngarepe para bangsa kang akeh.

28Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Allahe, kang mbekta menyang ing tanah pambuwangan ing satengahe para bangsa lan kang nglempakake maneh ana ing tanahe tuwin kang ora marengake siji bae keri ana ing kana.

29Ingsun ora nutupi pasuryaningSun maneh tumrap wong-wong iku, samangsa Ingsun ngesokake RohingSun marang turune Israel. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 39 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel