Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 41 >> 

1Aku banjur kabekta menyang ing sajroning bangsal gedhe ing Padaleman Suci kono sarta panjenengane ngukur sakaning temboke: kandele ing sisih kene enem asta, ing sisih kanane uga enem asta.

2Ambane lawange sapuluh asta lan ambane tembok sandhinge ing sisih kene limang asta, ing sisih kana uga limang asta. Dawaning bangsal gedhe iya kaukur; patang puluh asta, dene ambane rong puluh asta.

3Panjenengane nuli lumebet ing kamar njero. Sakaning temboke banjur kaukur: kandele rong asta, dene ambane lawange dhewe: enem asta, tuwin tembok ing sandhinge ing sisih kene pitung asta, ing sisih kanane pitung asta.

4Tumuli ngukur kamar njero mau, dawane rong puluh asta, ambane rong puluh asta padha karo ambane bangsal gedhe. Aku nuli dipangandikani mangkene: “Iki papan Sucining Suci.”

5Panjenengane banjur ngukur tembok ing Padaleman Suci iku: kandele enem asta lan ambane kamar tambahan kang tinemu ing sakubenge Padaleman Suci mau, patang asta.

6Kamar-kamar tambahan iki sungsun telu lan saben larik kamare telung-puluh. Ing sakubenge Padaleman Suci temboke ana lowah-lowahane kang diedegi kamar-kamar tambahan mau, supaya padha dadi santosa, amarga kamar-kamar mau ora digandheng karo temboking Padaleman Suci.

7Sabanjure kamar-kamar tambahan mau wiwit ing larikan ngisor nganti larikan kang katelu, saya gedhe saya gedhe, laras karo lowah-lowahane kang saya munggah iya saya amba ana ing larikan ing dhuwur ngliwati larikan tengah.

8Ing sapandelengku dhasaring Padaleman Suci luwih dhuwur tinimbang ing sakubenge. Dhasaring kamar-kamar tambahan iku ukurane sateken trep, dadi dhuwure enem asta.

9Kamar tambahan iku temboke sing njaba kandele limang asta, peranganing dhasare Padaleman Suci kang ora ana apa-apane iku ambane limang asta. Ing antarane dhasare gedhong-gedhong lan

10kamar-kamar lete rong puluh asta, iku ing sakubenge Padaleman Suci kabeh.

11Lan lawang-lawang ing kamar tambahan, kang metune anjog ing perangan kang ora kanggo apa-apa mau, siji ana ing sisih kidul. Dene ambane papan kang ora kanggo apa-apa iku limang asta mubeng.

12Gedhong kang dumunung ana ing plataran tutupan ing sisih kulon ambane pitung puluh asta, dene temboke mubeng kandele limang asta lan dawane sangang puluh asta.

13Panjenengane nuli ngukur Padaleman Suci mau: dawane satus asta, dene plataran tutupan karo gedhonge lan temboke uga satus asta;

14mangkono uga ambane sisih ngarep Padaleman Suci karo plataran tutupan ing sisih wetan iya satus asta.

15Sawuse mangkono Panjenengane banjur ngukur dawane gedhong kang ana ing plataran tutupan ing sisih kulon karo emper-empere ing sisih kiwa tengene, iku ana satus asta. Bangsal-agung, bangsal njero lan pandhapane

16tinutupan ing blabag lan ing sakubenge bangsal telu iku ana cendhela-cendhelane kang mawa klambu, empere uga ana. Ing ngareping tlundhage Padaleman Suci iku kabeh katutupan blabag wiwit ing jrambahe nganti tekan ing cendhela-cendhelane -- cendhela-cendhelane iku padha katutupan --

17malah nganti tekan ing sadhuwuring lawang lan bangsal njero sarta uga ing njaba. Temboke perangan njero lan perangan njaba kabeh

18rinengga ing gambar-gambar kerub lan wit kurma ukir-ukiran, ing antarane kerub loro wite kurma sauwit, sarta kerub iku raine loro,

19kang siji arupa rai manungsa, sijine raining singa kang madhep marang wit kurma; kaya mangkono iku anggone Padaleman Suci mau kayasa.

20Wiwit ing jrambah nganti tekan ing sadhuwuring lawang temboke rinengga ing kerub lan wit kurma ukur-ukiran.

21Saka-sakaning lawange bangsal-agung pesagi. Lan ing sangarepe papan Sucining Suci katon ana rerupan kang memper misbyah kayu,

22dhuwure telung asta, dawane rong asta; pojok-pojoke lan dhasare sarta gebyog-gebyoge kang digawe kayu. Panjenengane nuli ngandika marang aku: “Iki meja kang ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.”

23Bangsal-agung iku inebing lawange loro tuwin papan Sucining Suci

24inebing lawange uga loro: Ing lawang-lawang kono ana inebe loro kang bisa mubeng; loro dumunung ing lawang kang siji lan loro dumunung ing lawang sijine.

25Lawang-lawang iki, yaiku lawang-lawanging bangsal-agung, rinengga ing kerub lan wit kurma ukir-ukiran kaya tembok-temboke. Ing sangarepe Padaleman Suci mau, yaiku ing jaba ana undhak-undhakane kayu.

26Ing tembok sisih kiwa tengene pendhapa ana cendhela-cendhelane kang mawa klambu lan wit kurma ukir-ukiran.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 41 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel