Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 45 >> 

Pisungsung kusus; Bageane kutha; Bageane raja

1“Manawa sira padha mbage-mbage nagara iku dadi tanah-pusakanira kanthi patrap kaundhi, sira mligekna saperanganing tanah iku dadi pisungsung mligi kang suci kagem Sang Yehuwah, dawane salawe ewu asta lan ambane rong puluh ewu asta. Tanah kang ana ing jerone wates iki kabeh iku suci.

2Tanah iku anaa kang kasadhiyakake kanggo pasucen, wujude pesagi papat, dawane lan ambane nglimang atus asta lan ing sakubenge anaa lowahane kang ambane seket asta.

3Ing tanah kang wus kaukur mau sira ngukura saperangan kang dawane salawe ewu asta lan ambane sapuluh ewu asta: iya ing kono iku dununge pasucen tuwin perangan iki Sucining Suci.

4Iki perangan kang suci tumrap tanah iku lan dadi papaning para imam kang nindakake tata-pangibadah ing pasucen, kang padha sowan leladi marang Sang Yehuwah. Iku papan pomahane para imam lan dadi wewengkon suci tumrap ing pasucen.

5Kang dawane salawe ewu asta lan ambane sapuluh ewu asta iku dadi darbeke wong-wong Lewi kang kawajibane leladi ana ing Padaleman Suci; iku kutha-kuthane, papan panggonane.

6Kang dadi duweking kutha iku sira temtokna: ambane limang ewu asta, dawane salawe ewu asta lan adu wates karo pisungsung mligi kang suci mau. Iku kanggo turune Israel kabeh.

7Anadene bageaning raja iku kudu dumunung ana ing sakulone lan sawetane pisungsung mligi kang suci lan duweke kutha iku kudu adu wates karo perangan loro mau. Sisihe kulon kudu nganti tekan wates kulon lan sisihe wetan kudu tekan wates wetan. Dadi dawane kudu padha karo dawane bageane taler Israel siji, yaiku wiwit wates kulon nganti tekan wates wetan ing nagara iku.

8Iku kang dadi bageane ana ing tanah Israel. Lan para raja Israel ora bakal nindhes umatingSun maneh sarta bakal padha masrahake nagara iku marang turune Israel manut taler-talere.”

Kawajibane umating Yehuwah lan tanggung-jawabe raja

9Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iku wus cukup, he, para raja Israel, sira ngedohna tumindak keras lan aniaya, tuwin nindakna pangadilan lan kabeneran; lerenana anggonira nindakake kekerasan, yaiku anggonira nundhungi umatingSun saka ing tanah, kang dadi duweke; mangkono pangandikane Sang Yehuwah Allah.

10Wus sapantese manawa sira migunakake timbangan kang bener, efa kang bener lan bat kang bener.

11Wus sapantese manawa efa lan bat iku takerane padha, dadi sa-bat isine saprasapuluh homer lan sa-efa uga saprasapuluh homer. Dadi takeran-takeran iku ngenut homer.

12Tumrap sira kabeh wus sapantese manawa sa-syikal iku padha karo rong puluh gera, limang syikal iya limang syikal, lan sapuluh syikal iya sapuluh syikal, lan seket syikal iku ana sa-mina.

13Iki sesaosan mligi kang kudu padha sira unjukake: sapranem efa saka gandum sa-homer lan sapranem efa saka sair sa-homer.

14Anadene katetepane tumrap lenga mangkene: saprasapuluh bat saka sa-kor; sa-kor iku padha karo sapuluh bat.

15Saben cempe wedhus gembel rong atus duweke brayat siji kajupuk siji. Iku kabeh kanggo kurban dhaharan lan kurban obaran sarta kurban kaslametan kanggo nganakake pirukun tumrap wong-wong mau. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

16Kabeh pendhudhuk nagara kudu ngunjukake pisungsung mligi marang raja Israel.

17Dene raja kang tanggung-jawab tumrap kurban obaran, kurban dhaharan, kurban unjuk-unjukan manawa pinuju dina gedhe, sasi anyar, dina Sabat lan saben turune Israel nganakake pahargyan. Raja kang kudu nyawisake kurban pangruwating dosa, kurban dhaharan, kurban obaran lan kurban kaslametan kanggo nganakake pirukun tumrap turune Israel.”

Sesaosan ing dina gedhe

18Mangkene pangandikane Sang Yehuwah Allah: “Ing sasi kapisan, tanggal siji sasi iku sira njupuka sapi lanang enom siji kang tanpa cacad, pasucen iku banjur sucekna.

19Imam njupuka getih kurban pangruwating dosa sathithik lan leletna ing saka-sakane Padaleman Suci lan ing pojoke papat wengkune misbyah sarta ing saka-sakaning gapura plataran njero.

20Mangkono uga ing tanggal sapisan sasi kapitu sira iya tumindaka mangkono kanggo para wong kang nglakoni dosa ora kanthi kajarag lan ora kasumurupan.

21Ing sasi kapisan, tanggal patbelas sasi iku sira padha mahargyaa riyaya Paskah lan ing sajrone pitung dina sira padha mangana roti tanpa ragi.

22Ing dina iku raja nyawisna sapi lanang kanggo kurban pangruwating dosa tumuju marang awake dhewe lan wong sanagara kabeh.

23Ing sajroning pitung dina ing dina gedhe iku, raja nyawisana kurban obaran kagem Sang Yehuwah: saben dina sapi lanang pitu lan wedhus gembel lanang pitu kang tanpa cacad tuwin kanggo kurban pangruwating dosa saben dina wedhus jawa lanang siji.

24Kanggo kurban dhaharan raja nyawisana glepung sa-efa kalawan sapi siji lan glepung sa-efa kalawan wedhus gembel lanang siji sarta lenga sa-hin kanggo sa-efa.

25Ing sasi kapitu, tanggal limalas sasi iku, yaiku ing dina gedhe, raja iya nganakna pacawisan kaya mangkene iki lawase pitung dina: kurban pangruwating dosa, kurban obaran, kurban dhaharan lan lenga.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 45 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel