Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 6 >> 

Pameca nglawan gunung-gunung Israel

1Sawuse iku ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

2“He, anaking manungsa, marepa marang ing gunung-gununge Israel lan nglairna pameca nglawan gunung-gunung iku!

3Munia: He gunung-gununge Israel, ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah Allah! Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang gunung-gunung lan tengger-tengger, marang jurang-jurang lan lebak-lebak: Lah Ingsun bakal ndhatengake perang marang sira sarta Ingsun bakal ngrusak tengger-tengger panggonanira saos kurban.

4Misbyah-misbyahira bakal dadi sepi mamring lan padupan-padupanira bakal karusak; tuwin Ingsun bakal ngebrukake para wongira kang padha pinatenan ana ing ngarepe brahala-brahalanira.

5Mayit-mayite wong Israel bakal Sununcalake marang ing ngarepe para brahalane tuwin balung-balungira menyang ing sakubenging misbyah-misbyahira.

6Ana ing ngendi bae pamanggonira, kutha-kuthanira bakal dadi jugrugan lan tengger-tengger panggonanira saos kurban bakal dadi sepi mamring, supaya misbyah-misbyahira karemuk lan tininggal sepi mamring, brahala-brahalanira diejur-ejur lan disirnakake, padupan-padupanira dilebur sarta gegaweaning tanganira padha kamusnakake.

7Wong-wongira kang pinatenan padha pating glimpang ana ing tengahira sarta sira bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.

8Nanging saperangan, yaiku kang oncat saka pedhang, iku bakal Sunlestarekake urip ana ing satengahing para bangsa, samangsa sira padha kasebar-sebar menyang ing nagara-nagara iku.

9Ana ing tengahing para bangsa, para wong kang oncat saka ing antaranira kang padha katawan mau, bakal padha eling marang Ingsun, yaiku nalika Ingsun wus ngremuk atine kang laku jina, kang wus ngedohi Ingsun lan kang mripate wus ngalih arahe, kang tansah laku jina ngenut marang para brahalane; iku dhewe bakal ngrumangsani nisthaning awake, nyumurupi piala kang katindakake lan nyumurupi sakehing panggawene kang nistha.

10Banjur bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah lan ora omong kosong, manawa Ingsun ngandika bakal ndhatengake bilai marang wong-wong mau.”

11Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Keploka lan gedrugna sikilira ing lemah sarta nguwuha: Diawas! Marga saka sakehing panggawene turune Israel kang nistha lan ala, wong-wong iku bakal padha ambruk mati dening pedhang, kaliren lan dening pageblug.

12Kang adoh bakal mati kena ing pageblug, kang cedhak bakal ambruk dening pedhang, dene kang oncat lan kapitulungan bakal mati kaliren. Mangkono anggoningSun bakal ngatogake bebenduningSun marang wong-wong mau.

13Lan sira bakal sumurup, yen Ingsun iku Yehuwah, yaiku nalika wong-wonge kang pinatenan padha pating glimpang ana ing tengahing para brahalane ing sakubenge misbyah-misbyahe, ing saben tengger kang dhuwur lan ing saben pucuking gunung, ing sangisoring saben wit kang ngrembuyung, ing saben wit elah kang ngrempoyok, papan-papan kang kanggo nganakake kurban kang arum marang sakehing brahalane.

14Ingsun bakal ngayatake astaningSun bakal nglawan wong-wong mau lan tanahe, ana ing ngendi bae pamanggone, bakal Sunsirnakake lan Sundadekake sepi mamring wiwit ing pasamunan nganti tumeka ing Ribla, nuli bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel