Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 12 >> 

Pasambate Nabi Yeremia lan paring wangsulane Gusti Allah

1Dhuh Sang Yehuwah, Paduka pancen leres, manawi kawula paben kaliyan Paduka! Namung kawula badhe kumedah-kedah matur dhumateng Paduka bab kaadilan. Punapaa dene gesangipun tiyang duraka kok begja, lan sadaya tiyang ingkang boten setya sami manggih kasantosan?

2Paduka tuwuhaken ngantos sami ngoyod, gesangipun ngrembaka lan ngedalaken woh ugi. Asma Paduka dipun ucapaken ing lambenipun, nanging batosipun tebih saking Paduka.

3Dhuh Yehuwah, Paduka tepang lan nguningani kawula, lan Paduka ndadar kadospundi sungkem kawula dhumateng Paduka. Tiyang punika mugi Paduka gered medal kados menda-menda pragatan, lan mugi Paduka pijekaken kangge ing dinten pemragatan.

4Ngantos pinten dangunipun malih nagari punika dados garing, lan rumput ing ara-ara sadaya sami alum? Margi saking durakanipun ingkang sami manggen ing ngriku sato kewan saha peksi-peksi sami tumpes sirna, awit pangintenipun: “Dheweke ora bakal meruhi tindak-tanduk kita!”

5“Manawa sira wus lumayu mbarengi wong mlaku dharat, kang marakake sayahira, kapriye bisanira balapan karo jaran? Manawa ana ing tanah kang tentrem, sira ora rumangsa ayem, kapriye bakal polahira ana ing grumbulan ing sapinggire bengawan Yarden?

6Amarga sadulur-sadulurira lan kulawangsanira iku wus padha nyidrani sira: iku uga bebarengan ana ing burinira. Aja padha sira andel, sanadyan tembunge manis marang sira.

7Ingsun wus nilar padalemaningSun, nagara kagunganingSun wus Sunbucal, gantilaning galihingSun wus Sunpasrahake marang mungsuhe.

8Nagara kagunganingSun wus dadi kaya singa ing alas tumrap Ingsun. Dheweke nyenggrang Ingsun, mulane Sunsengiti.

9Nagara kagunganingSun wus dadi kaya manuk belang tumrap Ingsun; manuk galak padha ngrubung. Payo, sakehing kewan ing ara-ara padha klumpukna, giringen mrene kareben ngentekake iku!

10Akeh pangon kang wus padha ngrusak kebon angguringSun, ngicak-icak palemahan kang Sunremeni didadekake ara-ara kang sepi samun.

11Pancen mangkono, tanahe wus kadadekake sepi samun, sepi sepen nyedhihake ana ing ngarsaningSun. Saindenging nagara iku sepi mamring, nanging ora ana wong kang nggatekake.

12Para pangrusak wus padha teka ngliwati tengger gundhul ing ara-ara samun, amarga pedhange Sang Yehuwah ngamuk memangsa, saka poncoting nagara kang siji tekan ing poncot sijine ora ana katentreman tumrap sabarang kang urip.

13Wong wus padha nyebar gandum, nanging eri bebondhotan kang dieneni, anggone nggarap gawe kanthi rekasa, mung bae ora ana pituwase, padha nandhang wirang marga saka oleh-olehaning penggawene, wohing bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad.”

14Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Mungguh para tangganingSun kang dursila, kang wus ngrusuhi nagara, kang wus Sunparingake dadi tanah pusaka marang umatingSun Israel, lah dheweke bakal padha Sunbethot saka ing tanahe sarta turune Yehuda bakal Sunbethot saka ing antarane wong-wong mau.

15Nanging sawuse Sunbethot, bakal Suntresnani maneh, Ingsun bakal ngulihake siji-sijine menyang ing tanah pusakane lan nagarane dhewe-dhewe.

16Dene manawa padha sinau carane uripe umatingSun lan banjur ngucapake supata atas asmaningSun: Demi asmane Sang Yehuwah kang gesang, kaya nalikane padha mulang umatingSun supata demi Baal, bangsa iku bakal Sunbangun ana ing antaraning umatingSun.

17Nanging manawa padha lumuh ngrungokake, Ingsun mesthi bakal mbethot lan numpes bangsa kang kaya mangkono iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel