Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 15 >> 

1Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sanadyan Musa lan Samuel seba ana ing ngarsaningSun, galihingSun ora bakal bali maneh marang bangsa iku. Tundhungen saka ngarsaningSun kareben lunga!

2Lan saupama padha takon marang sira: Kula sami kadhawuhan kesah dhateng pundi? wangsulana mangkene: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sing marang pati, maranga ing pati! Sing marang pedhang, maranga ing pedhang! Sing marang pailan, maranga ing pailan! Sing menyang tawanan, menyanga ing tawanan!

3Ingsun bakal ndhatengake paukuman patang warna, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --: pedhang kang memateni, asu-asu kang ngeret-eret, manuk-manuk ing awang-awang lan kewan-kewan ing bumi, kang padha mangsa lan ngrusak.

4Kanthi patrap mangkono wong iku bakal padha Sundamel pangewan-ewan tumrap sakehing karajan ing donya, jalaran saka panggawene Manasye bin Hizkia, ratu Yehuda, ing Yerusalem.”

Pagiris kang tuwuh marga dening peperangan

5“He Yerusalem, sapa kang bakal duwe welas marang sira, lan sapa kang bakal bela sungkawa marang sira? Sapa kang bakal ngampiri nakokake mungguh ing kaslametanira?

6Sira dhewe wus nampik Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, sarta wus lunga nyingkur Ingsun. Mulane Ingsun ngayatake astaningSun lan numpes sira; Ingsun wus kesel anggoningSun ngraosake piduwung.

7Ingsun napeni wong-wong iku kalawan tampah ana ing kutha-kuthaning nagara. Ingsun wus ndadekake umatingSun padha kelangan anak lan padha Suntumpes, amarga ora padha mratobat saka polah tingkahe.

8Randha-randhane wus Sundadekake akeh ngluwihi cacahe wedhining sagara. Ingsun ndhatengake juru pangrusak tumrap para biyung lan nom-nomane ing wayah awan. Kanthi dadakan Sundhawahi pagiris lan horeg.

9Wong wadon kang wus manak kaping pitu katon nglayung, napase sesek, tumrap dheweke srengenge wus surup sanadyan ing wayah awan, sarta nandhang wirang isin. Kekarene bakal Sunulungake marang pedhang ana ing ngareping mungsuhe. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

Tarunge Nabi Yeremia

10Cilaka kula punika, dhuh ibu, dene panjenengan nglairaken kula, tiyang ingkang dados wijining paben lan garejegan tumrap tiyang sanagari. Kula sanes tiyang ingkang nyambutaken utawi tiyang ingkang nyambut dhateng sinten-sintena, nanging sadaya sami nyupaosi kula.

11Saestu, dhuh Sang Yehuwah, kawula sampun ngladosi Paduka kalayan tumemen sanget, lan sampun mbelani mengsah wonten ing ngarsa Paduka ing wekdal nandhang bilai lan karupekan!

12Apa wong bisa mutung wesi, wesi saka ing tanah lor lan tembaga?

13“Kasugihan lan rajabrananira bakal Sunulungake dadi rayahan, minangka ganjaran tumrap sakehing dosanira ana ing saindenging tlatahira.

14Sira bakal Sundadekake kawulane mungsuhira, ana ing nagara kang ora sira sumurupi, amarga bebenduningSun wus metokake geni, kang mulad-mulad ngenani sira.”

15Dhuh Sang Yehuwah, Paduka sampun nguningani bab punika, mugi ngengetana lan nggaliha dhumateng kawula; Paduka mugi karsaa malesaken kawula tumrap tiyang ingkang sami mbujeng kawula. Sampun ngantos Paduka kendelaken kawula dipun pendhet, amargi agenging kasabaran Paduka, mugi Paduka uningani, bilih anggen kawula cinampahan punika margi saking Paduka.

16Samangsa kawula pinanggih kaliyan sabda pangandika Paduka, lajeng kawula raosaken nikmatipun; pangandika Paduka punika dados kabingahan kawula saha nyenengaken manah kawula, amargi asma Paduka sinebut tumrap kawula, dhuh Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.

17Kawula boten nate jejagongan tumut seneng-seneng kaliyan para tiyang ingkang sami gegujengan, amargi kawula kapetel dening asta Paduka, kawula lajeng linggih piyambakan awit Paduka sampun ngebaki nepsu manah kawula.

18Punapaa dene reribed kawula boten telas-telas lan tatu kawula awrat sanget, ngantos angel dipun jampeni? Saestu Paduka punika dados lepen ingkang ngapirani, toyanipun boten kenging dipun jagekaken.

19Mulane paring wangsulane Sang Yehuwah mangkene: “Manawa sira gelem mratobat, Ingsun bakal mbalekake sira ngadhep ana ing ngarsaningSun maneh, lan manawa sira ngucapake apa kang aji sarta ora asor, sira bakal dadi lesaningSun. Sanadyan wong iku padha bali marani sira, nanging sira ora prelu bali marang wong iku.

20Ingsun bakal ndadekake sira dadi balowarti tembaga kang santosa tumrap bangsa iki; wong iku bakal padha merangi sira, nanging ora bisa menang, amarga Ingsun nganthi sira, sira Sunslametake lan Sunluwari. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

21Ingsun bakal ngluwari sira saka tangane wong duraka, lan ngrebat sira saka ing cengkeremane para wong kang ambeksiya.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel