Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 18 >> 

Piwulang kang kamot ing pagaweane kundhi

1Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene:

2“Enggal lungaa menyang omahe kundhi! Ana ing kana sira bakal Sunwedhari pangandikaningSun marang sira.”

3Aku banjur mangkat menyang omahe kundhi lan kabeneran dheweke pinuju gawe grabah kalawan pirantine.

4Samangsa grabah kang saka lempung kang ana ing tangane iku rusak, kundhi mau banjur mangun grabah iku maneh kadadekake grabah liyane, kang inganggep becik manut wawasane.

5Nuli pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

6“He turune Israel! Apa Ingsun ora bisa tumindak tumrap sira kaya kundhi iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Lah kayadene lempung kang ana ing tangane si kundhi iku, mangkono uga sira ana ing astaningSun, he turune Israel!

7Terkadhang ana dhawuhingSun tumrap ing sawijining bangsa utawa karajan, manawa Ingsun karsa mbedhol, mbubrah lan mbengkas iku.

8Nanging manawa bangsa, kang wus Sundhawuhake kaya mangkono mau mratobat saka ing pialane, Ingsun temah dadi keduwung, dene Ingsun kok bakal ndhawahake bilai kang wus Sunrancang tumrap bangsa iku.

9Terkadhang Ingsun ngandika bab sawijining bangsa utawa nagara, menawa Ingsun karsa mbangun lan nanem iku.

10Nanging manawa bangsa iku nglakoni apa kang ala ana ing ngarsaningSun lan ora ngrungokake marang dhawuhingSun, Ingsun dadine keduwung dene Ingsun bakal ndhatengake kauntungan kang Sunjanjekake marang bangsa iku.

11Mulane sira ndhawuhana marang bangsa Yehuda lan wong isine kutha Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah Ingsun iki lagi nyepakake bilai tumrap sira lan nggalih pangrantam nglawan marang sira. Becike sira padha mratobata kabeh, ninggala solah-tingkahira kang ala, sarta becikna lakunira lan panggawenira!

12Ewadene celathune wong-wong iku: Ora ana gunane! Amarga aku arep padha tumindak manut rancanganku dhewe lan arep nuruti tekading atiku dhewe-dhewe kang ala.”

13Marga saka iku pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Coba takokna ana ing antarane para bangsa: sapa kang tau krungu prakara kang kaya mangkene iki? Prawan ing Israel wus nglakoni prakara-prakara kang nistha banget!

14Apa bisa kelakon salju putih arep ngalih saka ing gunung parang Siryon? Mokal yen banyu ing gunung bakal asat, banyu kang seger lan mili!

15Nanging umatingSun wus lali marang Ingsun, padha ngobong kurban kanggo para dewa kang tanpa guna, padha tiba kesandhung ana ing dalane dhewe-dhewe, yaiku dalan-dalane ing kuna-makuna, lan menggok ing dalan simpangan, yaiku dalan kang ora diwarata.

16Padha gawe nagarane dadi nistha lan dadi cacadan ing salawase. Saben wong kang liwat padha eneg lan gedheg-gedheg.

17Ingsun bakal mbuyarake bangsa iki ana ing ngarepe mungsuhe kaya angin saka ing wetan. PengkeraningSun lan dudu wadananingSun kang Sunkatingalake marang wong-wong iku ing dina tibaning bilaine.”

Pandongane Nabi Yeremia nyuwun piwales tumrap mungsuhe

18Celathune para wong iku: “Payo padha nganakake sekuthon nglawan Yeremia, amarga imam iku ora bakal kentekan piwulang, wong wicaksana ora bakal kentekan pitutur lan nabi ora bakal kentekan pangandikane. Payo kita ngantem dheweke kalawan basane dhewe, lan nggatekake marang sadhengah tembunge!”

19Dhuh Sang Yehuwah, mugi karsaa nggatosaken kawula saha midhangetna pasambat kawula

20Kasaenan punapa badhe kawales piawon? Ewadene sami ndhudhuk luwangan kangge kawula! Paduka mugi ngengetana, bilih kawula sowan wonten ing ngarsa Paduka, saha nyuwunaken punapa ingkang sae tumrap para tiyang punika, supados kauwalna saking bebendu Paduka.

21Mila anak-anakipun mugi sami Paduka pasrahaken dhateng paceklik, saha para tiyang punika mugi Paduka ulungaken dhateng ing landheping pedhang! Ingkang estri kajengipun sami kecalan anak saha semah! Ingkang jaler kajengipun sami pejah dening pageblug sarta para nem-nemanipun sami pejah dening pedhang wonten ing paprangan.

22Kajengipun kepireng panjerit saking ing griyanipun samangsa Paduka dadakan ndhatengaken grombolan rampog, amargi sami ndhudhuk luwangan kangge nyepeng kawula, lan sampun masang kalajiret kangge suku kawula.

23Wondene Paduka, dhuh Sang Yehuwah, Paduka nguningani, sadaya rancanganipun anggenipun badhe mejahi kawula. Sampun Paduka apunten kalepatanipun, lan sampun Paduka ruwat dosanipun saking ngarsa Paduka: Nanging mugi sami kesandhunga wonten ing ngarsa Paduka. Mugi karsaa tumindak ing dinten bebendu Paduka!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel