Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 20 >> 

Ipat-ipat marang Pasyhur jalaran ngunjara Nabi Yeremia

1Pasyhur bin Imer, imam kang ing wektu iku dadi kepalane padalemane Sang Yehuwah, krungu Nabi Yeremia memeca mangkono.

2Nabi Yeremia nuli disapu lan dibelok ana ing gapura Benyamin, kang ana ing dhuwure padalemane Sang Yehuwah.

3Nanging esuke bareng Nabi Yeremia diluwari saka ing belokan, banjur ngandika marang Imam Pasyhur mangkene: “Sang Yehuwah bakal nyebut kowe dudu Pasyhur, nanging Pagiris saka ing ngendi-endi.

4Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah Ingsun bakal ndadekake sira dadi pagiris tumrap sira dhewe lan mitra-mitranira kabeh; mitra-mitranira bakal padha mati ambruk dening pedhanging mungsuh ana ing ngarepira dhewe. Apadene Yehuda kabeh bakal Sunulungake ing tangane ratu ing Babil, banjur padha diangkatake menyang ing pambuwangan ing tanah Babil lan dipateni kalawan pedhang.

5Uga kasugihane kutha iki, oleh-olehaning rekasane kabeh, samubarang kang pangaji lan raja-branane para raja ing Yehuda bakal Sunulungake marang tanganing mungsuhe, kang njarah-rayah, nglumpukake lan mbandhang iku kabeh menyang Babil.

6Dene mungguh sira dhewe, he Pasyhur dalah saisine omahira, sira bakal diangkat dadi tawanan, sira bakal teka ing Babil lan bakal mati ana ing kana sarta bakal dikubur ana ing kana; iya sira lan para mitranira kabeh kang padha kokwedhari pameca kang goroh.”

Pasambate Nabi Yeremia jalaran pameteking kalenggahane

7Dhuh Sang Yehuwah, Paduka ingkang ngarih-arih kawula lan kawula sampun purun kaarih-arih; Paduka punika rosa sanget tumrap kawula, Paduka nunten nelukaken kawula. Kawula dados gegujengan sadinten muput, sadayanipun sami moyoki kawula.

8Amargi saben kawula wicanten, kapeksa mbengkok, kedah alok-alok: “Ambeksiya! Paniksa!” Amargi pangandikanipun Sang Yehuwah dados cacadan lan pamoyok tumraping kawula, sadinten muput.

9Nanging samangsa kawula mosik: “Aku emoh ngelingi Panjenengane lan wegah ngucapake pangandikane maneh atas Asmane!”, ing salebeting manah kawula kados wonten latu murub makantar-kantar ingkang pinepetan wonten ing balung kawula, kawula ngantos kesel anggen kawula mbetah-mbetahaken, nanging boten kuwawi.

10Kawula sampun mireng reraosanipun tiyang kathah: “Pagiris teka saka ing ngendi-endi! Gugaten dheweke! Aku padha arep nggugat dheweke!” Kanca-kanca kenthel kawula piyambak sami ngintip punapa kawula kesandhung lajeng dhawah: “Bokmanawa dheweke kena diglembuk, temah bisa kita kalahake, lan kita bisa nandukake pamales marang dheweke!”

11Nanging Sang Yehuwah nunggil kaliyan kawula kados sang prawira ingkang prakosa, pramila ingkang mbujeng kawula badhe kesandhung lan dhawah, lan boten saged nindakaken punapa-punapa. Sami badhe nandhang wirang sanget, amargi sami boten angsal damel; punika badhe dados kawirangan, ingkang salaminipun boten saged dipun supekaken!

12Dhuh Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados, ingkang ndadar tiyang ingkang leres, sarta nguningani batos lan manah, keparenga kawula nyipati pamales Paduka dhateng para tiyang punika, amargi prakawis punika sampun kawula pasrahaken dhumateng Paduka.

13Ngidunga kagem Sang Yehuwah, ngaturna pamuji marang Sang Yehuwah! Amarga Panjenengane wus ngluwari nyawane wong miskin saka ing tangane wong kang nandukake piala.

14Kenaa ing ipat-ipat dina kalairanku! Kareben aja diberkahi dina nalika ibuku nglairake aku!

15Kenaa ing ipat-ipat wong kang nggawa kabar marang bapakku, mangkene: “Panjenengan kaparingan putra kakung!”, kang njalari panjenengane rena banget.

16Dina iku dadia kaya kutha-kutha, kang wus kawalik dening Sang Yehuwah tanpa sih-palimirma! Muga keprungua pasambat ing wayah esuk, lan swara gumeder ing wayah tengange!

17Amarga dina iku ora mateni aku, nalika aku ana ing kandhutan, temah ibuku dadi kuburanku lan mbobot ing salawase!

18Yagene aku kok lair saka ing kandhutan, nyawang kasusahan lan prihatin, temah dina-dinaning uripku liwat klawan wirang?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel