Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 3 >> 

Pamratobat marang Sang Yehuwah

1Pangandikane: “Manawa ana wong megat rabine, wong wadon mau banjur lunga ninggal dheweke lan dadi rabine wong liya, apa iya bojone kang dhisik mau mbaleni wong wadon iku? Nagara iku rak wus tetep najis? Sira wus laku jina karo bedhangan akeh lan nedya ngulihi Ingsun? -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

2Tumengaa marang tengger-tengger kang mblindhis lan sawangen! Ana ing ngendi sira ora tau diajak sapaturon? Ana ing pinggir ratan-ratan sira lungguh ngadhang bedhangan, kaya wong Arab ana ing ara-ara samun. Sira wus najisake nagara kalawan anggonira laku jina lan kalawan pialanira.

3Mulane deresing udan cinegah lan udan kiriman ora tumiba. Nanging bathukira iku bathuke wong wadon tuna-susila, sira ora idhep isin.

4Lagi bae sira rak nyebut Ingsun: Rama kawula! Paduka punika mitra kawula wiwit alit mila!

5Panjenengane rak ora bakal duka salawase utawa ngincim-incim aku ing salawase? Mangkono ucapira, ewadene ing sabisa-bisa sira nindakake piala.”

Israel lan Yehuda diajak bali marang Sang Yehuwah

6Sang Yehuwah ngandika marang aku, nalika jumenenge Sang Prabu Yosia: “Apa sira wus nyipati apa kang dilakoni Israel, wong wadon murtad iku, kang munggah menyang ing angger gunung kang munggul lan menyang ing sangisore saben wit kang nggrembel, nuli laku jina ana ing kono?

7PanggalihingSun: Sawise nglakoni iku mau kabeh, bakal ngulihi Ingsun, nanging ora bali. Prakara iku disumurupi Yehuda, sadulure wadon kang ora setya.

8Disumurupi, manawa marga saka anggone laku jina Ingsun wus megat Israel, kang murtad iku lan Sunparingi layang pegat; sanadyan mangkono Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora wedi, nanging malah uga banjur laku jina.

9Anggone laku jina kang marga saka sembranane iku njalari nagara dadi najis, malah banjur bebedhangan kalawan nyembah watu lan kayu.

10Uga kalawan tumindake kabeh kang mangkono iku Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora mbaleni Ingsun kanthi gumolonging atine, nanging mung lelamisan, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

11Lan Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Israel, wong wadon murtad iku satemene luwih jujur tinimbang Yehuda, wong wadon kang ora setya iku.

12Sira lungaa mangalor lan nguwuh-uwuha mangkene: He Israel, wong wadon kang murtad, muliha! -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- WedananingSun ora bakal rengu marang sira, amarga Ingsun iki ambek sihmirma -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, ora bakal mbendoni ing salawase.

13Mung bae sira ngakonana dosanira, manawa sira wus cidra marang Sang Yehuwah, Gusti Allahira, lan wus ngesokake katresnanira marang para wong ngamanca ana ing sangisoring saben wit kang nggrembel, lan ora nilingake suwaraningSun!, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

Umat kang bakal teka ing Sion

14He bocah-bocah kang padha murtad, muliha, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- amarga Ingsun iku gustinira! Ingsun bakal mundhut sira saka angger kutha wong siji, saka saben kulawarga wong loro lan bakal ngirid sira menyang ing Sion.

15Ingsun bakal milih pangon-pangon kang cocog karo panggalihingSun kang bakal ngengon sira kabeh kanthi kawruh lan pangreten.

16Manawa ing nalika iku sira tangkar-tumangkar dadi akeh lan padha bebranahan ana ing tanah kene, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- pethining prajanjiane Sang Yehuwah ora bakal diucapake maneh. Prakara iku ora bakal tuwuh ana ing sajroning ati maneh lan wus ora bakal dieling-eling dening wong maneh; wong wus ora ngupaya lan yasa maneh.

17Ing wektu iku Yerusalem bakal sinebut dhampare Sang Yehuwah, lan sakehing bangsa bakal padha nglumpuk ana ing kono, demi asmane Sang Yehuwah, ana ing Yerusalem, lan bakal padha ora tumindak manut atine kang ala.

18Ing wektu iku tedhak turune Yehuda bakal marani turune Israel, lan bakal padha teka bebarengan saka ing nagara lor menyang ing tanah kang wus Sunparingake marang para leluhurira minangka tanah pusakane.

19Maune Ingsun kagungan panggalih: “Satemene Ingsun arsa mrenahake sira ana ing tengah-tengahing para putraningSun lan maringi sira tanah kang endah, tanah pusaka kang endah dhewe saka para bangsa. PanggalihingSun: sira bakal nyebut Ingsun: Rama kawula, lan ora bakal ninggal marang Ingsun.

20Nanging sajatine sira padha ora setya marang Ingsun kaya wong wadon kang ora setya marang rowange, mangkono uga sira padha ora setya marang Ingsun, he turune Israel, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

21Rungokna! Ing tengger-tengger kang gundhul keprungu tangis pasambate anak-anake Israel, amarga padha milih dalan kang nasar, lan wus padha lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe.

22He bocah-bocah kang murtad, padha balia, Ingsun bakal marekake pamurtadira.” “Lah punika kawula, kawula sami sowan ing ngarsa Paduka, amargi Paduka punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula.

23Sanyatane tengger-tengger pangurbanan iku mung apus-apus, yaiku kramean ing tengger-tengger iku! Sanyatane, mung Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, kang ngasta kaslametane Israel.

24Nanging brahala kang mirangake iku nguntal sakehing rekasane para leluhur kita wiwit nom-noman kita; wedhuse lan wedhus-gembele, sarta sapi-sapine, para anak-anake lanang lan wadon.

25Mulane cikben aku padha ungkeb-ungkeb klawan rasa wirang, lan kanisthan kita cikben nasabi kita, amarga aku wus padha gawe dosa marang Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, yaiku kita lan leluhur kita wiwit nom-noman kita tumeka saprene, lan kita ora ngrungokake pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel